Anda di halaman 1dari 13

Mas Sofiun Najib

Beranda | About | Arsip

TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN

16 Januari 2013 12:05

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Pengajian

 
Posting ini saya buat guna membantu mereka yang membutuhkan contoh teks pranatacara atau pembawa acara untuk kegiatan pengajian umum
sebagaimana yang sering dilaksanakan. Dalam teks ini, saya contohkan sebuah kegiatan pengajian yang di set sebagai berikut : Dilaksanakan secara
akbar, dan dapat diterapkan baik dalam ruangan tertutup maupun ruangan terbuka; 

1. Jamaah yang hadir adalah umum, dari usia anak-anak, pemuda, dewasa, orang tua, tokoh masyarakat, alim ulama dan pejabat lokal;
2. Ada pembacaan ayat suci Al-Qur’an;
3. Ada ucapan selamat datang dari panitia;
4. Ada sambutan dari pejabat lokal
5. Penghadirkan penceramah
6. Menggunakan hidangan berupa minum dan snack;
7. Menggunakan hiburan

Dari gambaran rancangan tersebut, maka dapat disusun rancangan acara sebagai berikut :
1. Pembukaan
2. Pembacaan Ayat Suci Al-Qur’an
3. Ucapan selamat datang dari Panitia, diselingi hiburan dan minum/snack.
4. Sambutan 
5. Inti Pengajian
6. Penutup

Untuk lebih jelasnya, dapat pembaca praktekkan teks berikut ini yang tentunya masih memungkinkan untuk ditambah dan atau dikurangi.

================================================================================

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala
mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu.
Amma ba’d.
 
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana;
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng
panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing wursita
aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat rakhimakumullah.
 
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing
titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun
ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha
para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
 
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji
nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan
saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken
menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung mekaten :
 

1. Adicara angka sepisan Pambuka


2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe
kasarirani dening sedherek ……….
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua
panitia atau yang ditunjuk)
4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai …………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan
sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang
badhe kaparingaken dening almukarrom …………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu
punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika,
sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten
kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul
kitab atau dengan do’a lainnya).
 
=====
 
 
Matur nuwun.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun,
kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT.
Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.
 
=====
 
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget
ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking
ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.
 
=====
 
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing
pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk
memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal
dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten
anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.
Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni
Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji Naryana
saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.
 
=====
 
Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu…………… Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun
kaaturaken. Sumangga.
 
=====
 
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda.
Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika,
dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng
almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
 
======
 
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu
menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing
pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara
pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing
adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun
gunging samodra pangaksami.
Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur
dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
 
Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
 
=====
 
 
Iklan

Report this ad Report this ad

Bagikan ini:

 Twitter  Facebook

Memuat...

Terkait

TUNTUNAN PRANATACARA UNTUK PEMULA TUNTUNAN PRANATACARA UNTUK PEMULA TEKS PRANATACARA PANGGIH PENGANTIN

Posted by sofiun

Kategori: Uncategorized

Tag:

« Older Newer »

7 Tanggapan to “TEKS PRANATACARA BAHASA JAWA ACARA PENGAJIAN”

1. Maturnuwun sanget nggih pak.

By Zay on 9 Mei 2013 pada 06:46

1. injih, sak wangsulipun…. sama sama е

By Sofiun on 15 Juni 2013 pada 15:08

2. iya, sama sama Zay, smoga menjadi sesuatu yang manfaat dan barokah, aminnnn

By Sofiun on 17 Oktober 2013 pada 08:35

2. senada dgn motto anda , ijinkan saya meng-copy tulisan anda untuk saya amalkan. trims… smoga jadi jariyah…

By iswanta tegalurung on 11 Oktober 2013 pada 00:57

1. amin, terima kasih apresiasinya, smoga bermanfaat


By Sofiun on 17 Oktober 2013 pada 08:36

3. Kulo bade download mandar klentu mlebat google.nyuwun tlulung dipun letesaken.pangapunten estu.suwun mas

By Zaenal arifin on 4 Mei 2018 pada 22:44

1. Sawantawis fitur download off pak. Saged langsung dipun copy paste… suwun

By sofiun on 6 Mei 2018 pada 10:26

Tinggalkan Balasan

Nama (required)

Surat Elektronik (required)

Situs Web

Kirim Komentar

Beri tahu saya komentar baru melalui email.

Cari

Mobile SiteFull Site

Iklan

Report this ad

Theme: WordPress Mobile Edition by Alex King.

Anda mungkin juga menyukai