Anda di halaman 1dari 2

Nama : Desti Cahya Utami

Kelas : XI MIPA 1
No. Absen : 16

ASAL USUL TELAGA WARNA

Jaman mbiyen, ana sebuah kerajaan nang Jawa Barat, jenenge Kutatanggeuhan.
Kutatanggeuhan gue kerajaan sing makmur lan tentrem. Rakyate urip tenang lan makmur
amarga dipimpin nang raja sing bijaksana. Raja Kutatanggeuhan jenenge Prabu Suwartalaya
lan permaisurine jenenge Ratu Purbamanah. Raja lan Ratu bijaksana banget dadi kerajaan
sing dipimpin makmur lan tentrem
Kabeh nyenengake banget. Tapi, prabu lan bojone urung nduweni anak, nggawe pasangan
kerajaan gue sedih banget. Penasehat prabu nyaranaken, supaya ngangkat anak. Tapi prabu
lan ratu ora setuju “Kanggo dewek, anak kandung bakal lewih apik daripada anak angkat”
jere prabu
Ratu sering surem lan nangis. Prabu dadi melu sedih weruh bojone. Banjur prabu lunga meng
alas kanggo tapa. Nang alas prabu ndonga terus, supaya dikaruniai anak. Sawetara sasi
selanjute, kepenginane kelakon. Ratu mengandung, kabeh penduduk nang kerajaan pada
seneng banget. Pada aweh hadiah marang prabu lan bojone
Sanga sasi banjure, Ratu ngelahirna putri sing di jenengi Gilang Rukmini. Warga pada aweh
hadiah meng putrine sing mbene lair. Bayi gue tuwuh dadi anak sing lucu. Puluhan tahun
banjure, dheweke wis dadi remaja sing ayu
Putrine di sayang banget nang prabu lan ratu. Selalu dituruti panjaluke. Tapi, gue nggawe
putrine dadi gadis manja. Yen panjaluke ora dituruti putrine bakal nesu. Dheweke malah
sering ngomong kasar. Sanadyan mangkono, wong tua lan rakyat nang kerajaan gue sayang
banget
Dina diliwati, putri tuwuh dadi gadis paling ayu nang penjuru negri. Ing sawetara dina, putri
bakal berumur 17 taun. Banjur para penduduk nang negri gue teka meng istana. Pada aweh
hadiah kang endah banget. Prabu ngumpulake hadiah sing akeh banget gue, banjur nyimpen
nang njero ruangan istana. Kapan bae dheweke bisa nggunakake kanggo kepentingan rakyat.
Prabu mung njiot emas lan permata setitik. Dheweke nggawa meng tukang emas “Tolong
gawekna aku kalung sing apik banget nggo putriku.” Jere prabu. “Kanthi senang hati yang
mulia.” Jawab tukang emas. Dheweke nggawekna seapik mungkin, kanthi senang hati.
Dheweke kepengin nyiptaake kalung sing paling apik nang donya, amarga sayang banget
marang putrine prabu.
Dina ulang taun teka, penduduk negri kumpul nang alun-alun istana. Nalika prabu lan ratu
teka, disambut meriah nang penduduk. Nalika putri sing ayu jelita muncul nang ngarep kabeh
wong, kabeh wong gumun marang ayune.
Prabu menyat kang kursine, kalung kang endah dicekel. “Putriku tercinta, dina iki aku
ngawehna kalung gie nggo koe. Kalung gie paweeh wong wong kang penjuru negri.
Dheweke kabeh pada nresnani koe banget. Dheweke kabeh aweh bebungah iki, amarga kabeh
pada seneng ndeleng koe tuwuh dadi diwasa. Anggo kalung gie, nak.”
Putri nampa kalung iku, banjur dheweke ndeleng kalung kae mau sekilas “Aku emoh
nganggo. Kalung gie elek” jere putri. Banjur dheweke nguncal kalung mau, kalung kang
endah akhire rusak. Emas lan permatane kasebar ing jogan
Gue gawe kaget banget. Langka sing nyangka, putri bakal kaya gue. Kabeh pada meneng,
swasana hening. Ijig-ijig Ratu Purbamanah nangis kejet. Dheweke sedih banget ndeleng
kelakuane putrine. Akhire kabeh wong pada nangis netesake eluh, nganti istana teles eluh.
Kabeh wong pada nangis terus nganti eluh dheweke kabeh mbanjiri istana, lan ijig-ijig kang
njero lemah metu banyu sing deres, salah sue dadi akeh. Nganti akhire kerajaan
Kutatanggeuhan kerem lan tercipatalah danau sing endah banget.
Ing dina sing cerah, dewek bisa ndeleng danau gue kebek werna sing endah lan ngagumna.
Werna gue asale kang bayangan alas, tanduran, kembang-kembang lan langit sekitar telaga.
Tapi wong pada ngomong, werna-werna gue asale kang kalunge putri sing kasebar nang
dasar telaga.

Anda mungkin juga menyukai