Anda di halaman 1dari 12

Assalamu’alaikum Wr.

Wb

Bapak Kepala Sekolah SMK ….. ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Guru saha Karyawan / Karyawati
ingkang kula urmati. Lan para kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti Allah, ingkang sampung
kepareng paring kanugrahan lan kasarasann sehingga kula lan panjenengan sedaya saget makempal
wonten ing wanci menika. Ingkang titiwanci menika kula dados pranatacara badhe ngaturaken susunan
aducara, inggih menika :

1. Atur pambuka
2. Atur pangandikan saking ketua panita.
3. Pentas Seni Kelas X lan kelas XI
4. Atur perpisahan saking wakil kelas XII
5. Atur pangandikan saking Kepala Sekolah SMK …..
6. Panutup

Adicara kaping setunggal inggih menika pambuka, monggo kula lan panjenengan sedaya kanthi maos
waosan basmallah sesarengan, matur suwun.

Adicara kaping kalih inggih menika pangandikan saking ketua panitia. Dhumateng ketua panitia kula
sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping tiga inggih menika pentas seni karawitan saking kelas X lan kelas XII, kula
sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping sekawan inggih menika atur perpisahan saking wakil kelas XII. Dhumateng wakil
kelas XII kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping gangsal inggih menika atur pangandikan saking Kepala Sekolah …….
Dhumateng Bapak Kepala Sekolah, kula sumanggaaken. Matur suwun.

Adicara ingkang kaping enem inggih menika Panutup. Monggo kita pungkas adicara ing siang menika
kanthi waosan hamdallah sesarengan. Allhamdulillahirabillngalamin. Matur suwun.

Para rawuh ingkang kinurmatan kula minangka pranatacara ngaturaken agunging samudra pangaksama
dhumateng para rawuh sedaya mbok bilih wonten lepating atur anggen kula matur . Jenang sela wader
kali sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kula. Pungkasaning atur

Wasssalamualaikum Wr. Wb
Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara
Pengajian
Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina


wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-
laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu.
Amma ba’d.

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;

Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula
ingkang pantes sinudarsana;

Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para
ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun almukarrom ………………………..
(nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu wedharing
wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;

Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah.

Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur
dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha
kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun
ni’mat arupi iman lan Islam. Innalhamda lillaah.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW,
para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir
mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.

Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula
minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan
…………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil
kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu
punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara
Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung
mekaten :

1. Adicara angka sepisan Pambuka


2. Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing
Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
3. Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati, ingkang
badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
4. Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai
…………. (biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam
kesempatan pengajian ini).
5. Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun
inggih Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom
…………………… (sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau
apa…)
6. Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening
titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam
menika sageta lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika,
sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT
mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan
menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ………………….. (basmalah atau bacaan ummul
kitab atau dengan do’a lainnya).

=====

Matur nuwun.

Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening
sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng
hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT.
Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek
…………… wekdal kasumanggaaken.

=====

Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala
wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi
dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau pikantuk ganjaran saking
ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.

Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal
kasumanggaaken.

=====

Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi
laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu…………
(mungkin pejabat tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk memberikan
sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg
sawetawis kinarya paring wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja.
Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk
sarta dhahar kanthi merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.

Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya
badhe kaaturaken pasugatan saking Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan
Sanga, Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Bapak Wiji
Naryana saha Bapak Sudarsa minangka pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng
midhangetaken kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.

=====

Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya
anglajengaken adicara candhakipun.

Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking panjenenganipun Bapak/Ibu……………


Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.

=====

Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng


paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan
sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji
saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng
almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan
pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga.

======

Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun


paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal
luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken wedharing
pengaosan.

Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika,
mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung
saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara,
mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken,
kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami.

Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu punika,
sumangga sareng-sareng kita ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana
maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.

Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami pinanggih.

Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.


Teks Pranata cara Bahasa Jawa Peringatan HUT RI
Assalamuallaikum Wr.Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang kinurmatan,

Bapak Ibu guru , ingkang minulya

Sagung para siswa ingkang kula tresnani,

Nyuwun agunging pangapunten dene kula kumawantun ngadheg wonten ing ngarso panjenengan
sedaya, mboten karana kirangeng raos pakurmatan dumatheng panjenengan sedaya. Mila kula ugi
kumawantun nyigeg pangandikan panjenengan ingkang saweg wawan pangandikan, awit nampi ayahan
supados nglantaraken reroncening acara pahargyan dinten punika.

Amung sakderengipun, sumangga kita ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
Maha Agung ingkanga sampun maringi kita mapinten- pinten kanikmatan marang kita sedaya saengga
kita saget kempal manunggal ing mriki kanthi pahargyan kamardikan Republik Indonesia kanthi wilujeng
nir ing sambikolo.

Perlu kawuningan bilih ing dinten punika, Minggu 17 Agustus 2014, pawiyatan SMA…, ngawontenaken
pahargyan dinten kamardikan Indonesia.

Menggang urut- urutaning adicara ing enjang punika :

1. Pambuka
2. Sambutan- sambutan
3. Inti
4. Panutup

Mekaten menngang lampahing acara ingkang sampun karakit, ingkang punika mugi panjenengan sedaya
kersa lenggah saha ngestreni dumugi paripurnaning pahargyan, nuwun.

Ngancik acara ingkang kapeng sepindah inggih punika pambuka, mangga kita buka acara ing enjang
punika mawi maosan basmalah sesarengan , “Bismillahirahmannirahim”. Mugi- mugi kanthi waosan
basmalah menika acara saget lumampah kanthi lancar mbonten wonten halangan menapa. Amin.

Kalajengaken adicara ingkang kaping kaleng inggeh punika sambutan- sambutan. Sambutan ingkang
kaping sepindah inggih punika sambutan Ketua Panitia ingkang badhe dipun salirani panjenegannipun
sederek …….Dhumateng sederek …. .wekdal sumangga katur.

(…….)

Mekaten atur sapala sampun paripurna , sambutan ingkang kaping kaleh inggih punika sambutan Kepala
Sekolah ingkang badhe dipun salirani panjeneganipun bpk….. . Dhumateng bpk…..wekdal sumangga
katur.

(……..)

Mekaten atur sapala sampun paripurna. Kalajengaken adicara kaping tiga inggih punika inti inggih punika
sesorang pahargyan kamardikan Indonesia ingkang badhe dipun salirani sederek …… Dhumateng
sederek …… wekdal sumagga katur.

(……..)
Mekaten sesorah saking sederek ….. mugi saget migunani tumrap kula lan panjenegan sami lan nambahi
tresna kita marang Indonesia .

Dumugi ing pungkasaning adicara inggih punika panutup. Namung sakderengipun kita tutup mbokbilih
anggen kula matur lan ngalataraken adicara ngadahi kalepatan ingkang kirang nujuprana ing ngarso
dalem panjengan sedaya saestu kula nyuwun agungin pangapunten. Saklajengipun mangga kita tutup
acara ing siang punika kanthi waosan hamdalah sesarengan. “Alhamdulillahhirobilallamin”.

Wabilahitaufik walhidayah. Wasallamuallaikum Wr. Wb.

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Acara Ulang


Tahun Sekolah
Assalamualaikum.wr.wb

Kepareng dhumateng Bapak Kepala SMA ……. ingkang dahat kinabekten. Bapak/Ibu Guru, karyawan
ingkang kinurmatan. Para siswa kelas X,XI saha XII ingkang kula tresnani.

Sumangga ingkang kapisan kula lan panjenengan sedaya tansah manungku puji miwah puji syukur
dhumateng Allah SWT awit sampun maringaken berkah pengestu dhumateng kula lan panjenengan
sedaya, saengga saged kempal manunggal wonten ing papan menika.

Salajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rantamaning adicara ingkang bade kito lampahi :

1. Purwaka
2. Atur Pambagyaharja
3. Atur Pangandikan saking Ketua Osis
4. Atur Pangandikan saking Kepala Sekolah
5. Dhahar sesarengan
6. Ndonga sesarengan
7. Wasana

Mekaten menggah rantamaning adicara ingkang badhe kalampahan, salajengipun kesekecakaken


lenggah dumugi paripurnaning adicara.

Ingkang kapisan, mangga kita panjenengan sedaya purwakani adicara menika dening waosan basmalah.
Kula ndherekaken. Matur nuwun, dhumateng panjenengan sedaya amargi sampin kersa purwakani
adicara menika dening waosan basmalah.

Salajengipun atur pambagyaharja saking Kasiswaan Bapak Bambang Utoro. Bapak Bambang Utoro kula
sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Bmbang Utoro ingkang sampun kersa atur
pambagyaharja.

Salajengipun, atur pangandikan saking Kang Mas …….. minangka Ketua Osis. Kang Mas …… kula
sumanggakaken. Matur nuwun dening Kang Mas …… ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, atur pangandikan saking Bapak Joko minangka Kepala Sekolah. Bapak Joko kula
sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak Joko ingkang sampun kersa paring atur pangandikan.

Salajengipun, mangga panjenengan sedaya dhahar wonten Aula SMA ……..

Salajengipun, mangga kita lan panjenengan sedaya ndonga sesarengan ingkang badhe dipundhereaken
dening Bapak Sumarsono. Bapak Sumarsono, kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng Bapak
Sumarsono, amargi sampun ndherekaken ndonga sesarengan menika.
Adicara ingkang pungkasan inggih menika wasana. Kula minangka pranatcara nyuwun agunging
pangapunten dhumateng panjenengan sedaya menawi kula kathah kalepatan.

Sumangga kita pungkasi adicara menika dening waosan hamdallah. Kula ndherekaken. Matur nuwun.

Wassalamualaikum.wr.wb

Contoh Teks Pranatacara Adicoro Pengantin


Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingtkang sinubo ing pakurmatan.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten…….ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkan sampun paring lumebering hidayah,
soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti waosan tahmid:
Alhamdulillahirabbil “alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan
sami anamung piniji minongko pambiworo lampahing adicoro pasamuhan walimatul urs ipun Raden
Bagus … bin …kalian Raden ajeng Roro … binti …

Nuninggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluargo:

1. Adicoro Pambuka
2. waosan pustoko suci al Qur’an
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. wedar Sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul fatihah,
Liridloillah——–

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan rahayu
tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci al-Qur’an
ingkang bade kaseliraaken dening …. wekdal soho panggenan kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)

Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng ingkang
maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten … ,dumateng
duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipoun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrah Manten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati -Shohibul Bait-, awit saking bombong miwah mongkok ipun manah
panjengan ipun Bapak…. bade matur, amung kandek wonten sak lebetipun penggalih. Ingkang puniko
sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak…..kaaturaken.

(shohibul Bait)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping selkawan
inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken sekeco anggenipun
lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung ngaturakensugeng angerahapi
kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan kanti tatas
tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun inggih puniko Mau’idhoh
hasanah soho doanipun.Ananging sak derengipun Maidhoh soho doanipun kawedar kawulo minangkani
pambiworo adicoro anggenipun andereakenlampoahing roncening adicoro wiwit awl dumugi akhir katah
kekirangan boso tuwin subositi kawulo namung tumadah lumebering sih samudra pangaksami.Akhirul
kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti renaming penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh hasanah soho
doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Contoh Pembawa Acara Bahasa Jawa Acara


Pernikahan
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung
mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa
dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan
mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji
hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning
kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri
kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang
Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten
madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng
panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken
wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring
berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh
hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun
rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi
manjing ing madyaning sasana rinengga

Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung

Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun
sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan

Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing
sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem

Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana
busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang
pudyastawa murih widadaning bebrayan

Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning
sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun,
keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah
kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.

Nuwun, nuwun, matur nuwun.

Teks MC Bahasa Jawa Acara Pengajian Akbar


Assalamuaikum Wr Wb
Wonten ngarsanipun Shahibil Fadhilah, Al Mukarram, Bapak KH. Wachid Muchtarom M.Pd.I saking tlatah
Sinanjer, Madukoro, Banjarnegara ingkang minulyo.

Dhumateng panjenenganipun para alim ulama, ugi para sesepuh, ingkang dhahat kinabekten.

Dhumateng panjenenganipun Bapak Kepala Desa Gumingsir Kecamatan Pagentan Banjarnegara, Bapak
Bejo Suroso saha perangkat desa samudayanipun ingkang sinudarsono.

Dhumateng sagunging poro rawuh, kakung sumawono putri ingkang dipun rahmati dening Allah.

Langkung rumiyin, wonten kalenggahan ingkang insyaallah kebak berkah punika, monggo kawula
dhereaken, ngunjuaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah Swt, kanthi waosan “alhamdulillahi
rabbil ‘alamien”, dene punapa ngantos saat punika, kawula panjenengan sedaya taksih pinaringan
mapinten-pinten nikmat, rahmat, taufik, hidayah soho inayahipun, sahingga katitik wonten ing siang
punika, wanci punika, kawula panjenengan saget kempal manunggal wonten ing punika majlis, ing
saperlu angrawuhi Pengetan Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad Saw tahun 1435 H, ingkang dipun
dilaksanaaken dening Majlis Ta’lim Al Huda Kalikidang, Desa Gumingsir, Pagentan, Banjarnegara. Mugi-
mugi pakempalan puniko kacatet minangka amal kesaenan kawula panjenengan sedaya ingkang
mangke wonten ing akhirat badhe nuwuhaken ganjaran saking ngarso dalem Allah Swt. Amien.

Shalawat soho salam mugi tansah katur, konjuk dhumateng ngarsanipun Nabi Muhammad Saw, kanthi
waosan
“allahumma shalli ‘ala sayyidina Muhammad wa ‘ala ali sayyidina Muhammad”,
Nabi akhiriz zaman ingkang dados suri tauladan tumrap kawula panjenengan sedoyo wonten ing
panggesangan punika. Mugi-mugi kawula panjenengan sedaya, khususipun ingkang hadir wonten ing
punika majlis kalebet golonganipun ummat ingkang badhe pikantuk syafaatipun benjeng wonten ing
Dinten Akhir. Allahumma amien.
Saklajengipun, minongko pranoto adicoro, kirang prayogi menawi kawula ngathahaken atur. Pramilo,
keparengo kawula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinancang dening panitia:

Adicara ingkang angka pambajeng, inggih punika pambuka.


Adicara ingkang angka kalih, inggih punika waosan ayat suci Al- Qur’an.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, inggih punika sambutan- sambutan.
Kalajengaken adicara ingkang angka sekawan, kawula panjenengan lumebet dhumateng adicara
ingkang inti, inggih punika, Pengaosan Akbar saking Panjenenganipun Bpk. Drs. KH. Wachid Muchtarom,
M.PdI. Ingkang badhe dipun iringi kalian pagelaran seni budoyo Wayang Kulit Dakwah “Ngudi Nugeroho”
pimpinan Ki Dalang Wahyono saking Madukoro Banjarnegara
Wondene adicara ingkang pungkasan, nun inggih panutup.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, sumonggo adicara wonten ing dalu puniko kito awiti sesarengan
kanthi maos surah Fatihah.

Liridhalilahita’ala wa syafa’ati rasulillah shalallahu ‘alaihi wasalam alfatihah:

Mugi-mugi kanthi waosan suratul Fatihah punika, adicara punika mangke sagedo lancar wiwit awal
dumugi akhir. Amien.

Adicara ingkang angka kalih, badhe katur waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang dalu punika badhe
dipun aturaken dening sedherek Hadiman kanthi Saritilawah sedherek Hesti Rahayu,

Dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Sedherek Hadiman kaliyan Hesti Rahayu, mugi-mugi amal kesaenan
panjenengan pikantuk ganjaran ingkang murwat saking ngarso dalem Allah Swt. Kawula panjenengan
ingkang midhangetaken ugi pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah swt. Mugi-mugi kanthi waosan
ayat suci Al- Qur’an kalawau, saged dados sarana saya lancaripun adicara wonten ing dalu punika.

Para rawuh ingkang kinurmatan, kito lumebet dhumateng tataran adicara ingkang angka tiga, inggih
punika sambutan-sambutan.

Ingkang sepindah, sambutan saking panitia, ingkang badhe dipun sarirani dening panjenenganipun
Bapak Aji Nur Wibowo. Dhumateng panjenenganipun Bapak Aji Nurwibowo kawula sumanggaaken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Aji Nurwibowo ingkang sampun kerso paring sambutan amawili panitia.

Saklajengipun, sambutan ingkang kaping kalih, inggih punika saking Bapak Kepala Desa Gumingsir.
Dhumateng panjenenganipun Bapak Bejo Suroso, kawula sumangga’aken.

Matur nuwun dhumateng Bapak Bejo Suroso minangka Kepala Desa Gumingsir ingkang sampun kerso
paring sambutan wonten ing adicara dalu punika.

Hadirin wal hadirat rahimakumullah’ Mekaten kalawau, sambutan mbaka sambutan sampun katur wonten
ing ngarso panjenengan sedoyo.

Saklajengipun, lumebet dhumateng adicara ingkang angka sekawan, nun inggih adicara inti, Pengaosan
Akbar babagan Isra’ Mi’raj ingkang wonten ing kalenggahan punika badhe dipun wedharaken dening
Panjenenganipun Bapak KH. Wachid Muchtarom, M.PdI ingkan badhe dipun iringi kalian pagelaran
Wayang Kulit Dakwah “NGUDI NUGEROHO” pimpinanipun Ki Dhalang Wahyono saking Madukoro
Banjarnegara. Lajeng mangke wonten akhiring Pengaosan dipun suwun barakah doa’ipun sekaliyan
adicoro panutup.

Para lenggah ingkang kinurmatan, Sakderengipun panjenengan Almukarom Bapak KH. Wachid
Muchtarom medharaken pengaosan, kawula minongko pranoto adicara mbokbilih wonten klenta
klentunipun atur, saha kirang trapsilaning atur, purwa, madya, wasana, kawula nyuwun agunging sih
samudra pangaksami.

Dhumateng Panjenenganipun Bapak Drs.KH. Wachid Muchtarom, M.Pdi, wekdal sakcekapipun


sumonggo katur.
Minongko pranoto adicoro Kawulo akhiri Billahittaufiq wal hidayah, wa rridha wal inayah.

Tsumassalamu’alaikum Warahmatullah Wabarakatuh.

Contoh Teks Pranatacara Bahasa Jawa Pengajian


Akbar
Assalaamu’alaikum Wr.Wb

Ingkang kinabekten panjenegan ipun ustadz Wuntut Wawan Sembodo.


Ingkang kinabekten panjenegan ipun Kepala Desa Taji Ibu Indi Astuti.
Ingkang kinabekten Takmir Masjid At-Taufiq Taji.

Ingkang kula hormati Ketua Remaja Islam Taji Saudara Hartono, soho poro bapak ibu Hadhirin
Rokhimakumulloh.

Hadhirin-Hadhirot Rokhimakumulloh, langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten
ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing
dalu puniko kito saget makempal wonten ing Masjid At-Taufiq mriki kangge mengeti pengaosan, kanti
wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.

Sholawat soho salam mugi-migi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun
saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito
antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.

Wonten mriki kuwulo kajibah minongko pranoto hadicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten dalu
puniko:

Adicoro kaping setunggal inggih meniko : Pambuko


Adicoro kaping kalih inggih meniko : Wosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : Tausyiah dilajeng Do’a
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : Penutup

Acoro kaping setunggal inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing dalu puniko kito bikak kanthi
waosan basmallah sesarengan.

Adicoro kaping kaleh enggeh puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining
adek Gita Ayu Sekartaji kalian Adek Anik, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicoro engkang kaping tigo enggeh puniko sambutan-sambutan:


Sambutan ingkang kaping setunggal saking ketua Remaja Islam Taji, dumateng panjenenganipun
saudara Hartono wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping kalih saking Kepala Desa Taji, dumateng panjenenganipun Ibu Indri Astuti
wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan ingkang kaping tigo saking Takmir Masjid At-Taufiq Taji, dumateng panjenenganipun Bapak
Samsul Mawarwan,SE wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping sekawan enggeh puniko tausyiah dipun lajengaken do’a, dumateng panjenenganipun
Ustadz Wuntut Wawan Sembodo saking Jogjakarta, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup, monggo acoro pengaosan wonten ing dalu puniko kito
tutup kanthi waosan hamdallah.

Mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan
sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai