Anda di halaman 1dari 2

NIKEN RAHMAWATI

XI MIPA 4 / 22

Assalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Ingkang dahat kinurmatan panjenengan ipun Ustadz Wuntut Wawan Sembodo


Ingkang kinurmatan Kepala Desa Klorogan, Bapak Tarji
Ingkang kinurmatan Takmir Masjid Sabilith Thohirin Klorogan
Ingkang kulo hormati Ketua Remaja Islam Klorogan, saudara Ahmad, soho para bapak ibu
hadirin Rokhimakumullah

Hadirin-hadirot Rokhimakumullah, langkung rumiyin monggo kita sesarengan ngaturaken puji


syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan,
saenggo kito sedaya saget makempal ing Masjid Sabilith Thohirin kanthi wilujeng mboten
wonten alangan setunggal punopo.

Mboten kesupen, sholawat ugi salam kita aturaken dumateng junjungan kito nabi agung
Muhammad SAW, ingkang kito antu-antu syafaatipun ing Yaumul Qiyamah. Aamiin.

Kawulo ngaturaken sembah nuwun dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun rawuh ing
dalu puniko.

Wonten mriki kulo kajibah minangka pranata adhicara, badhe maosakan tata urutan reroncining
adhicara wonten dalu puniko.

1. Adicara kaping setunggal inggih puniko pembuka


2. Adicara kaping kalih inggih meniko waosan ayat suci Al-Qur’an
3. Adicara kaping tigo inggih meniko sambutan-sambutan
4. Adicara kaping sekawan inggih meniko tausyiah dilajeng dungo
5. Adicara ingkang gangsal inggih meniko panutup

Adicara kaping setunggal inggih meniko pambuka. Monggo acara niki kito bukak kanthi waosan
Basmallah. Bismillahirrahmanirrahim.

Adicara kaping kalih inggih meniko waosan ayat suci Al-Qur’an ingkag badhe dipun waosaken
kaliyan saudara Meliyatul Yahya, wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicara kaping tigo inggih meniko sambutan-sambutan. Sambutan kaping setunggal saking
Ketua Remaja Islam Klorogan, dumateng panjenenganipun saudara Ahmad wekdal soho
panggenan kulo sumanggaaken.
Sambutan kaping kalih saking Kepala Desa Klorogan, dumateng panjenenganipun saudara
Bapak Jupri wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken. Sambutan kaping tigo inggih meniko
saking Ketua Takmir Masjid Klorogan, dumateng panjenenganipun saudara Bapak Faruk wekdal
soho panggenan kulo sumanggaaken.

Adicara kaping sekawan inggih meniko tausyiah dipunlajenganken dungo, dumateng Ustadz
Wuntut Wawan Sembodo, wekdal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Mekaten adicara ingkang sampun kalampah, mugi dadosaken barokah lan kasarasan damel kito
sedoyo. Kawula minangka pranata adhicara ngaturake sembah nuwun lan angunging
pangapunten saking tindak tanduk lan pitutur ingkang mboten sekecho wonten manahipun
panjenengan. Monggo kito tutup acara niki kanthi waosan Hamdallah. Alhamdulilah

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai