Anda di halaman 1dari 5

Tugas Bahasa Indramayu

M. Dulhaji
Semester II
Raja Dados Pengemis
Abunawas kaget, sanalika wonten pesuruh ingkang nuju teng istana. Teng rika sampun
ngentosi Baginda ingkang siweg njagong teng singgasana istana. Hai, pripun kabare
Abunawas? sapa Baginda. Ingsun leres-leres ngarepakaen bantuan saliramu. Bantuan
napa, Baginda? tangled Abunawas. Meketen, Abu. Baginda mulai cerios, Tek
pirengaken, Tuan Habul mulai ngelawan dumateng kewajibane teng negara. Para abdi
dalemku nglaporaken bahwa beliau sampun boten purun malih mbayar zakat. Padahal pun
dados tiang kang linuwih harta bandane. Kenging napa Baginda mboten dipanggil mawon
tiange kengken dugi teng istana? Teras mlebetaken mawon teng penjara. Beres, niku mawon
kok repot

Selerese sih saged mawon ingsun medamelan mekoten. Tapi, apa boten wonten cara sanese?
Soale sayang bilih ingsun ngukum kiambeke. Kepripun mawon, sengen kiambeke tiang kang
paling rajin mbayar zakat. Tapi entah kepripun, bambah sugih ehh malah tambah males
mbayar zakat. Selerese bilih kemutan asmane Tuan Habul, Abunawas pengene dipenjara
mawon. Karna, sekabeh tiang teng negeri niki uning, yen Tuan Habul niku tiang kang kikir,
lan medit. Hampir boten wonten tiang kang seneng teng kiambeke. Atanapi mung antek-
anteke mawon sing seneng. Atanapi karna niki perintahe Baginda, purun boten purun
Abunawas akhire milet mikiraken dalan medale masalah niku.

Meketen mawon, Baginda Usul Abunawas. Sukani waktos kula kangge mikir supados
kangge nyadaraken kiambeke. Namung, pun pasti selama kula mikir, hamba boten saged
ngilari nafkah kangge keluarga. Saking arah mekaten hamba nyuwun gentos kerugian
Baginda.

Sampun tek duga, saliramu pasti nyuwun imbalan bilih disuwun bantuane. Niki, baktaen!
wiraos Baginda. Baginda medalaken kaliatus ewu dinar dumateng Abunawas. Sareng
cengengesan, Abunawas mbakta yatra saking Baginda.

Seminggu kemudian, Abunawas dugi malih teng istana. Kiambeke dugi mbakta segudang
rencana ingkang sampun disusun. Pripun Abunawas? sampun wonten dalan medale?
tangled Baginda. Beres, Baginda. Cuma caranipun Baginda sareng kula kudu nyamar dados
pengemis. Napa baginda purun?.

Awale Baginda rada kaget mirengaken usulane Abunawas. Atanapi karna kepengenan
ingkang kiat kangge nyadaraken Tuan Habul, Baginda akhire purun atas rencanae Abunawas.
Sareng nyamar dados pengemis, Abunawas lan Baginda dugi teng griyane Tuan Habul. Pucuk
dicinta ulam Tiba, Tuan Habul siweg wonten teng griya. Abunawas uluk salam Wilujeng
enjing, tuan. Kula niki para pengemis, menapa wonten sekedik yatra alit?

Boten wonten! jawab Tuan Habul rada angkuh. lamon mekoten, napa tuan gadah pecahan
roti garing sekedar kangge ganjel wetenge kula ingkang siweg ngelih?. Boten wonten!.
ya sampun kula nyuwun segelas toya mawon. Boten katah, setiyang segelas mawon.
Sampun diwiraosi sing wau bahwa kula niki boten gadah napa-napa!. Tuan Habul mulai
boten saged nahan emosie. Lan ripue jawaban niku ingkang sampun ditunggu-tunggu
dumateng Baginda sareng Abunawas. Bilih tuan boten gadah napa-napa. Wiraos
Abunawas.Nangapa boten dados pengemis mawon? siraeh tuan habul pucat pasi
mirengaken wiraose Abunawas.

Perasaan sewot, kesinggung lan kehina campur dados setunggal. Atanapi, dereng sempet
kesadarane Tuan Habul pulih, Abunawas lan Baginda langsung nyopot kedoke. Pripun,
Habul. Saniki giliran Baginda ingkang wiraos Pengen milih dados tiyang ingkang sugih
utawi dados tiyang ingkang boten gadah napa-napa? Bilih milih dadis tiyang ingkang boten
gadah napa-napa, yaa monggo milet Abunawas dados pengemis, utawi dados tiyang ungkang
linuwih harta bendae ya sampun boten kemutan teng bayar zakate, inggih mekoten Habul?
mirengaken pinuture Baginda, tuan Habul mindel sewubasa. Kiambeke ngrasa isin. Akhire
Tuan Habul ngerasa di ingetaken, lan dados tiyang ingkang ngleksanakaken kewajiban-
kewajibane yaniku bayar zakat.
Tugas Bahasa Indramayu
Nandang .S
Semester II

"PUNTIANAK MABOK"
Bengi Minggu, prau nelayan kang arane KM. MAJU TERUS siap miyang molah luruh
iwak ning tengah laut. waktu kuen jagate peteng langka sinare wulan. para ABK kang ana
wong 14 karo nahkoda, pada semangat siap tempur nganggo nyukupi kebutuan anak rabine.
Prau masih ana ning kali, durung metu sing muara. bagen jagate peteng para ABK pada
bebarengan ndorong prau mau, ana sing nganggo watang, ana sing nganggo kayu usuk, sebab
maklum prau gede lamon mesine di jalanaken, malah macet kipase nang dasarane kali. dadi
prau mau ya kudu di dorong.
Maklum arane kali, pinggirane akeh tanduran malah akeh wiwitan gede-gede. ana sing
pajeg nguncang-uncang, malah akeh sing pada ngreobi rada pada doyong ning kali.
Ning tengah perjalanan metu meng muara (muarae masih adoh), ning wiwitan Waru kang
doyong meng kali, ana Puntianak lagi santai, dipikire "aja menusa bae sing mingguan, kita
gah mingguan, dodok santai bari sikile uncang-uncang seduwure banyu kali"
hihihiih..gemuyu dewekan bae Puntianak mau.
KM. MAJU TERUS teka setitik teka setitik bari gliyer-gliyer suarane banyu kalie,
miyang nyusuri kali nuju meng muara, tanpa disadari nang para ABK prau mau liwat ning sa
sore wit waru doyong mau kang ana Puntianak lagi midange. si Puntianak mau lagi nglamun
dadi ya bli sadar yen ana prau gede arep liwat ning sor deweke.
Karna KM. MAJU TERUS kuh prau gede, pucuke prau mau nyarug klambine Puntianak
kang lagi nglamun, si Puntianak bli krasa yen dodoke wis ngalih ning pucuk arepe prau.
embuh lagi mikiraken apa lan nglamuni apa, semono kegawa ning praune ampi-ayem bae.
pada ABK ya ongko-ongko bae pada bli weruh nyen praue nggawa Puntianak.
Tekang muara, KM. MAJU TERUS mulai njalanaken mesin, supaya perjalanane rada
gelis. sebab jare jeh tujuane arep meng Pulau Sumatera.
Gelise kanda gancange wong cerita, perjalanan KM. MAJU TERUS wis olih telung dina
telung bengi. kaya-kayane arep guri, kiwe tengen wis bli katon galeng, kabeh banyu
ngemplak-ngemplak, warnae biru. para ABK ning perjalanan yah kaya biasa baka durung
molah mah, ana sing turu bae, ana sing maen gaple daripada jenuh, ana sing remian, ana sing
nyetel musik.
Patang dina perjalanan, jagat mulai peteng, wayae teka bengi maning. lagi enak pada
guyon sebatur-batur. ana sing nyletuk... wuy...wuy...aja ribut, rongokaken dipit, prangsa kita
ana suarane uwong ning arepe prau..... kabeh para ABK meneng kabeh... laka suara apa-apa
gah lah. para ABK terus ya biasa maning, ana sing kabor, ana sing glelengan, ana sing pada
wedangan bari ngobrol.
Jagate nambah bengi, siji loro para ABK mulai pada molor. kari wong telu sing melek,
papat karo nahkoda. Nahkoda tugase ya emang mengkonon, matane kudu kuat melek supaya
aja kesasar meng tujuan.
"hooooaak....hooooaakkkhh...hiiiihiiiihiii". suara mau rada lamat-lamat saru nang
suarane angin laut. "hooooaak....hooooaakkkhh...hiiiihiiiihiii" suarane tambah jelas,
"hiiiihiiihiii..." kaya suaren wong wadon nangis, wong telu mau pasange mah pada krungu
kabeh ning suara mau. jare si Ganden "pada krungu belih cah, ana suarane wong mutah bari
nangis, kayane sapa ya?", "paling Doran, biasane gah bocah kaen mah baka nembe miyang ya
mabok" jawab Wadung, "dudu, Doran lagi turu kah ning jero".
"hooooaak....hooooaakkkhh...hiiiihiiiihiii" suara mau krungu maning nang wong telu.
"Dideleng bae yu!" jare Ganden, "mong ah wedi, suarane kaya wong wadon..hiiii
mrinding" jare si Wadung bari bregidig awake. "hayuu...wong teluan bae bliwani" jawab
Kemplud rada sombong. rimbiiiit...riimbiiit wong telu pada mareki anjungan,
BRASAAAAAT.... tiba-tiba wong telu mau pada mlayu, sasah nabraki apa singora mareki
meng nahkoda. karena saking sasaeh wong telu mau, batur-bature pada tangi. jare si Doran
ngomong "ana apa sih pada ribut bae".
"Ana putih-putih ning arep prahu" jare si Wadung bari rada gemeteran awake. wong 14 mau
pada ngrompol kaya iwak ning jero arad, pada mulek kaya entut, laka sing gelem pisah.
Disawang-sawang nang wong 14 mau, ning petite prau ana wong nganggo klambi putih
bari rada mleding, awake ning prau endase njuleg meng arah laut. bli jelas kenang jagate
peteng. Nahkoda ngomong "kodipit cah, perasaan miyang sing kali kabehe ana wong 13, 14
karo kita" jare Nahkoda. "coba itungen ana pira cah", "siji..loro...telu....telulas, 14 karo
sampeyan Nahkoda" jawab Gendon. "lah sih kaen ning arep sapa" jare Nahkoda bari
mendelik meng arah anjungan.
Suwe-suwe bari rada wani-wani mangas lan awake mrinding kabeh, Kemplud mareki
meng wong sing ana ning anjungan mau "hh..hhhui...sss...sapa sira?" dengkule Kemplud
otek-oteken. uwong mau sing nganggo putih-putih nylinguk kaget bari jawab
"kita...huuuooook..." bari rada mongkog-mongkog semaure.
"Kita sapa?" jare Kemplud, "Kita...huuuoook... pun...huuoookkk...pun ...hhh" jawab
wong mau. "pan ...pun..pan..pun, sapa sira?" Kemplud takon maning. "hiii...hiiii.hiiii
...huuuoook... puntiaaannnaak" bari ngiyeng-ngiyeng lan mongkog-mongkog. ngrungu
jawaban mau, Kemplud langsung mlayu, ngembul karo batur-bature.
"Urubaken lampu, supaya jelas sapa kunuh wonge kuh!" jare Nahkoda ngongkon anak
buaeh.
Begitu lampue murub....JREEEENGGG..... wong nganggo klambi putih mau katon jelas,
wonge wadon, rambute rimbyakan, sebagian ana sing nutupi raine, raine abang-ireng rada
melasaken, suara ngiyeng-ngiyenge longlonan, wong wadon mau dodok nglepoh ning
gladage prau bari rada lemes rupane mah.
Para ABK begitu ndeleng jelas raine si Puntianak, ana sing kepoyuh-poyuh, ana sing
gleprok kenang lemes. ana sing pada rangkulan bari ngusupaken raine. saking wedine. suwe-
suwe Puntianak mau ngomong
Puntianak : "Maaang...tulung...mang...hooaaakkk" bari ngadege rada sempoyongan
Nahkoda : "Priwe?"
Puntianak : "Tulung maang...anteraken kita balik...kitae wis ora kuat...hoooakkk" kaya wong
arep mutah
Nahkoda : "Sirae nangapa, terus priwe mau-maune ana ning prau kita?"
Puntianak : "Kitae ora kuat maaang...wetenge munyel-munyel...kitae mabok maaang"
Nahkoda : "dadie ana ning prau kita?"
Puntianak : "kita dewek bli kelingan mang...kayae waktu sampeyan pada milir praue, waktu
kuen kita lagi dodok ning waru doyong kang ana ning pinggir kali. kayae sih kitae nglamun,
terus kegawa kenang praue sampeyan...hoooak"
Nahkoda : "oooh mengkonon...ya wis mana, kari mabur bae...jare puntianak kuh bisa
mabur?"
Puntianak : "Bli sanggup mang...hooooakkk, kitae awake lemes dedes...go ngadeg bae gah
kepokoan kinih maang...hoooak"
Nahkoda : "Kitae pan pada molah, perjalanan wis 4 dina masa kudu balik maning!"
Puntianak : "tulung laah maaang, hihihihiihi.....kitae mabok maaang"
Nahkoda : "wiss mana mabur baee"
Puntianak : "ora sanggup maaang...hihihihi....hoooaakkk"
Nahkoda : "wis lah melu molah bae yaa?"
Puntianak : "emong maang, kitae bli biasa ning laut, kien gah mutah terus... "
Nahkoda : "kari kon balik maning mah, ora sanggup, priwe jare juragan, terus sing nemponi
solare sapa"
Puntianak : "tulung lah mang, anteraken balik meng darat, bokat kitae mati kenang mabok
laut kone sampeyane bisa dituntut"
Si nahkoda akhire mikir, jare nahkoda " lamon puntianak kien mati ning laut gara-gara
praue kita bisa blai, terus lamon para puntianak pada demo priwe, kitae jaluk tulung ning
sapa". akhire Nahkoda mau rundingan karo anak buae, jare anak buae, lamon bli dianteraken
balik kone pada bli bisa megawe, sebab ndeleng puntianak raine burak santak mengkonon
pada mrinding kabeh.
Akhire, kenang kesepakatan se-anak buae, Puntianak mau dianteraken balik meng darat,
prau KM. MAJU TERUS bli sida molah, gara-gara puntianak mabok

Anda mungkin juga menyukai