Anda di halaman 1dari 4

Pranatacara Syukuran

Alma Belva Andrea Putra/XI KY

Assalamualaikum, wr, wb.

Dumateng poro alim ulama, sesepuh soho pinisepuh


ingkang tansah kulo hurmati lan kito to’ati. Ingkang
sepindah, monggo kito sedoyo sami muji syukur dateng
Allah SWT.

Dene punopo kito sedoyo saget makempal ing ndalem


acara syukuran kanti keadaan sehat wal afiyat. Kaping
kalih, sholawat soho salam, mugi tetep katur kunjuk
dumateng junjungan kito, inggih meniko kanjeng nabi
Muhammad SAW.

Ingkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju


zaman Islamiyah shinggo saget kita raosaken sak meniko.
Mugi-mugi wonten yaumil Qiyamah mangke, kito sedoyo
pinaringan syafaat ingkang agung, syafat ingkang kita
antu-antu ingkang kaarupi syafaatul udhma amin ya
robbal alamin.

Ingkang kaping tigo, kulo minongko pranotocoro ing


acara syukuran bade maosaken susunan acaro ing dinten
meniko.

Pembukaan
Sambutan tuan rumah
Doa syukuran
Penutup
Wangsul dumateng acoro engkang nomer sepindah
inggih puniko pembukaan.
Monggo acara wonten dalu puniko kita bikak kanti
waosan Ummul kitab. Al Fatihah.
Matursuwon. Kito lajengaken acoro ingkang kaping kaleh
inggeh puniko sambutan saking tuan rumah, dumateng
panjenenganipun bapak (…..) Wekdal kulo
sumanggaakan.

Meniko kolo wau sambutan saking tuan rumah. Amin

Acoro ingkang doa syukuran. Teng mriki bade dipimpin


kaleh panjenenganipun bapak Kyai Muhsin, wekdal kula
aturi sumonggo. Mekaten kolo wau tahlil lan doa
syukuran.

Acoro ingkang terakhir inggih puniko penutup, monggo


acara syukuran wonten dalu puniko kito tutup kanti
waosan hamdalah ugi Alfatihah.

Mekaten saking kawulo, menawi wonten atur engkang


kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan
sedoyo, kula nyuwun agung ing pangapunten.
Waalaikumsalam, wr, wb.

Anda mungkin juga menyukai