Anda di halaman 1dari 6

Pranatacara / Pranata adicara Pengantin

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh


ingkang hanggung mastuti dhumateng pepayoning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi
saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang
dahat kalingga murdaning akrami.

Nyuwun panagapunten, dene kula cumanthaka sowan mangarsa, hanggempil kamardikan


panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka
pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha,
saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri
kalenggahan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungkul puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti


Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam
agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa
kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan, rawuh kempal manunggal ing pawiwahan
punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa …(Doso DH)….
sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya,
hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.

Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang
sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:

1. Eko laksitagati, purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking
tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga

2. Dwi laksitagati, rawuh lan jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning
sasana wiwaha

3. Tri laksitagati, pasrah-pinampi putra temanten kakung


4. Catur laksitagati, dhaup panggihing putra temanten anut satata-ning adat widhiwadana
ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upacara krobongan

5. Panca laksitagati, nderek mangayuhbagya-nipun kadang besan dhateng ingkang hamengku


gati ing sasana wiwaha, tumunten kalajengaken upacara sungkem

6. Sad laksitagati, atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung
para tamu

7. Sapta laksitagati, lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing
ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian

8. Hasta laksitagati , sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu
nyenyadhong pudyastawa murih widadaning bebrayan

9. Nawa laksitagati, paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking


madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika.
Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning
penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras
rarasing gending2 jawi. Nuwun, nuwun, matur nuwun.
Enik Sulistiyana / 11 / XI MIA 6

Pranata adicara

Assalamu’alaikum Wr. Wb

Alhamdulillahirobbil ‘alamin wabihi nastanginu ‘ala umuridunya wadin wa’ala alihi washahbihi
ajma’in. Ama ba’du.

Para pepundhen ingkang satuhu kinabenten. Para sepuh myang pinesepuh ingkang satuhu
lebda ing kawruh, para pangemban pangembanting nagri ingkang satuhu luhuring budi. Para
alim ulama wabil khusus dhumateng Almukharom K.H Ahmad Hidayah saking Jakarta ingkang
satuhu pantes nampi sagung pakurmatan, lan Siswa siswi SMP 1 Purwokerto.

Langkung rumiyin sumangga kita sesarengab ngonjukaken raos puja-puji syukur wonteb
ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun kersa paring kinten kinten kenikmatan saengga kita
saged kempal wonten ing adicara Pangetan Maulid Nabi Muhammad SAW.

Sholawat saha salam mugi konjuk dhumateng Nabi Muhammad SAW. Hadirin wal hadirat
rahimakumullah. Kula ingkang minangka pambyawara kinen nglantaraken rantamaning adicara
ing ratri menika ndherek ngaturaken kasugengan ing sarawuh jengandika sedaya.

Selajengipun kepareng kula ngaturaken menggah rumpaka rantamaning adicara ingkang


sampun rinakit dening panitia inggih menika :

(Pra Acara) Hadroh SMP 1 Purwokerto

1. Pambuka

2. Waosan Al-Qur’an

3. Atur pangandika saking kepala sekolah

4. Hafalan Suratan lan Asmaul-Husna

5. Pangaosan
6. Penutup

Acara ingkang nomer setunggal yaiku PembukaSumangga adicara Pengetan Maulid Nabi
Muhammad SAW. Ing ratri maenika kita purwani sesarengan maos lafal Basmallah
“BISMILLAHIRRAHMANIRAHIM”.

Adicara ingkang nomer kalih yaiku Waosan Al-Qur’an ingkang dipunwaos Dening Muhammad
Zuhran Ali Sagaf.

Mekaten kala wau waosan Al-Qur’an dening Muhammad Andi. Adicara ingkang nomer tiga yaiku
Atur pangandika saking Kepala Sekolah.

Igkang acara nomer sekawan yaiku Hafalan suratan lan Asmaul husna saking siswa-siswi SMP N
1 Purwokerto.

Acara ingkang kaping gangsal yaiku pangaosan, monggo kito sedoyo ngaos ingkang dipimpin
saking bapak K.H Ahmad Hidayah.

Para rawuh sedaya rahimakumullah

Sumangga adicara Pangentan Maulid Nabi Muhammad SAW. Ing ndalu menika kita pungkasi
sesarengan kanthi maos lafal Hamdalah.. Alhamdullillahirobil’alamin

Kula ingkang piniji minangka juru panata adicara mbok bilih anggenipun nganyahi jejibahan
kathah klenta-klentuning atur tetembungan, kula namung nyuwun pangapunten

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Enik Sulistiyana / 11 / XI MIA 6


Pranata Adicara Memperingati Hari Ibu

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb.

Bismillahirrahmanirrahim. Alhamdulillahirabbil ‘alamin, wabihi nasta’inu ‘ala umuriddunya


waddin, wasshalatu wassalamu ‘alaashrafil anbiya’i wal mursalin, wa’ala alihi washakhbihi
ajma’in. Ammaba’du.

Nuwun kawula nuwun dhumateng pinisepuh ingkang sampun lebda ing kawruh ibu
ingkang winantu ing pakurmatan, saha para rawuh ingkang tuhu luhur ing budi. Keparenga kita
badhe sumendha atur minangkani pamundhut saking penjenenganipun sedaya.

Wonten ing mriki, kita kajibah minangka juru pranata adicara, mangga kita sareng-sareng
ngunjukaken puja lan puji syukur dhumateng ngersanipun gusti Allah SWT ingkang sampun
paring rahmat, nikmat, saha karahayon, sehingga kita saget sareng-sareng pinanggihan wonten
adicara “Peringatan Hari Ibu” dinten menika.

Kaping kalihipun shalawat saha salam mugi tetep kalimpahaken dhumateng Nabi
Muhammad SAW, ingkang sampun paring wewarah dhumateng kita sedaya perkawis ingkang
leres ugi perkawis ingkang lepat.

Kaping tiganipun, keparenga kula ngaturaken pambagya sugeng rawuh saha agunging
panuwun dhumateng para rawuh wonten adicara dinten menika.

Para rawuh ingkang tansah kinurmatan, keparenga kula maos rantaman adicara wonten
dinten menika :

1. Pambuka

2. Atur pambagya hayu

3. Perlombaan

4. Panutup
Para rawuh ingkang tansah paring kinurmatan, mangga kita sareng – sareng bika’ adicara kanthi
waosan basmalah. Bismillahirrahmanirrahim. Matur sembahnuwun.

Para rawuh ingkang tansah paring kinurmatan, acara ingkang angka kalih inggih menika atur
pambagya hayu saking ketua panitia kula sumanggaaken....... matursembahnuwun.

Para rawuh ingkang tansah paring kinurmatan, acara ingkang angka tiga inggih menika
perlombaan. Sakderenge kita bika’ adicara perlombaan menika, mangga kita sareng-sareng
tutup kanthi waosan hamdalah. Alhamdulillahirabbil alamin. Matur sembahnuwun.

Para rawuh ingkang tansah paring kinurmatan, mekaten adicara “Peringatan Hari Ibu” dinten
menika. Kita wonten mriki kajibah minangka juru pranata adicara, ngaturaken pangapunten bilih
wonten kalepatan. Lan kita ngaturaken matur sembah nuwun dhumateng para rawuh.

Wabillahitaufiq wal hidayah, warridha wal inayah.

Wassalamu alaikum Wr.Wb.

Enik Sulistiyana / 11 / XI MIA 6

Anda mungkin juga menyukai