Anda di halaman 1dari 2

Assalamu alikum Wr. Wb.

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.
Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrambahipun poro duto saroyo pangombyong
temanten.......ingkang tansah suko basuki.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring lumebering
hidayah, soho kanikmatan dumateng kito lan panjenengan sami, sumonggo kito ikroraken kanti
waosan tahmid: Alhamdulillahirabbil‘alamin.

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW. ingkang saestu kito nyadong lumunturing syafa’at benjang wonten pakewuh ipun dinten
qiyamat.

Poro rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko kawula jumeneng wonten ngarso
panjenengan sami anamung piniji minangka pambiworo lampahing adicara pasamuhan
walimatul urs ipun Raden Bagus, Franco Gonzalez Malik Devine bin Alfie Sean Devine kalian
Raden ajeng Roro, Shintia Alliva Maulidina binti Helmita Wicaksono

Nuninggih para pilenggah, runtuting adicara ingkang sampun karonce dening keluarga :

1. Adicara Pambuka
2. waosan pustoko suci al quran
3. Atur pambagyo pinongko atur pasrah pinampi
4. Istirahat
5. Wedar sabdo/ mauidhoh hasanah
6. Doa-Penutup

Keparengo panoto adicoro ndereaken lekasing pawiwahan puniko kanti pambuko surotul
fatihah, Liridloillah---------

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awit purno dalah wusono pinaringan
rahayu tebih ing sambikolo.

Kalajengaken adicoro ingkang dumawah ongko kalih, lumantuning waosan ayat-ayat suci
al-Qur’an ingkang bade kaseliraaken dening Fatimah Mansour Putri wekdal soho panggenan
kaaturaken.

(pembacaan ayat al Quran)


Kanti ayat-ayat ingkang sampun kawahos mugi-mugi dadosno manfaat kususipun dumateng
ingkang maos,ugi dumateng temanten kekalih, sumrambahipun dumateng kulo lan
panjenengan sami.

Ndungkap adicoro ingkang ongko tigo nuninggih atur pambagyo pinongko pasrah temanten
Shintia Alliva Maulidina , dumateng duto saroro pangombyong ingkang sampun kajibah
kasumanggaaken.
Dumateng panjenengan ipun kaaturaken agunging panuwun

(Pasrahmanten)

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sak lajeng ipun penampi atur pasrah ngiras-ngirus atur
pambagyo ingkang amengku gati Helmita Wicaksono, awit saking bombong miwah mongkok
ipun manah panjengan ipun Bapak Alfie Sean Devine bade matur, amung kandek wonten sak
lebetipun penggalih. Ingkang puniko sesulih saliro dumateng panjengan ipun Bapak Helmita
Wicaksono kaaturaken.

(Umpan shohibul)

Paripurnaning pasrah penampining putro tmanten dumugi saatipun adicoro ingkang kaping
selkawan inggih puniko istirahat. Pinongko corongipun shohibul bait poro rawuh kaaturaken
sekeco anggenipun lenggah sinambi poro kadang punggowo ngatiri pasugatanlan amung
ngaturakensugeng angryahapi kanti sekeco lan saestu.

Poro rawuh ingkang tansah minulyomboten ateges kawulo nggempil kamardikan panjenengan
kanti tatas tetes lan titis wekdal istirahat kacepak semanten. Candak adicoro selajengipun
inggih puniko Mau’idhoh hasanah soho doanipun. Akhirul kalam Wassaalamu alaikum Wr. Wb.

Angaturaken kanti mengganti nama penggalih dumateng Al-Mukarrom anyelirani mauidhoh


hasanah soho doanipun, wekdal soho panggenan kasumanggaaken.

Anda mungkin juga menyukai