Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ala


sayyidina muhammadin waala alihi washohbihi ajmain, amma Badu.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama
khususipun Simbah Kyai Haji Tolchah ingkang tansah kulo tadzimi. Penganten sarimbit
soho pengombyong saking dusun Dompelan ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu
undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.

Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun
maringi mapinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget
makempal wonten acara walimatul urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah
dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-
tenggo Syafaatipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro
ingkang sampun karancang, inggih meniko;
Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Quran
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko sekawan, atur pasrah penganten putri
Wondene adicoro ongko gangsal, atur penampining pinanganten putri
Adicoro ingkang ongko enem, sabdo tomo soho doaipun
Adicoro ingkang urut pitu, penutup
Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis sonten, monggo kito bikak sareng-sareng
kanti waosan Ummul Kitab.Liridhoilla Wa lissyafaati Rasulillah, Alfatihah
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Quran, ingkang bade
kaastho dening Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.

Shodaqollahul adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Quran dados berkah dhumateng
pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko tigo atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening
bopo kyai mahmud, dhumateng Bopo Kyai Mahmud kawulo sumanggaaken,
.
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, atur pasrah penganten putri. Dhumateng
ingkang mewakili kawulo aturaken.

Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho
panjenenganipun bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo
aturaken.

Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo
sumanggaaken.

Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho
Simbah Kyai Haji Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun doaipun.
.
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken
matursuwun.
Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup,
dhumateng pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu
keluar, sakperlu maringi kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho
ugi nyuwun tambahing doa restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup
pahargyan wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi
rabbil alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur
kathah sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo,
kawulo nyuwun agunging samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai