Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala sayyidina


muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.

Kawulo nuwun panjenenganipun para pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang satuhu
sampun pono ing pamawas, ingkang pantes pinundi soho kinabekten.
Poro Kyai, alim ulama’ ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, minongko
panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi.
Dumateng poro pangemban pangembating projo, poro satriyaning nagari ingkang minongko dados
pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang sinubeng pakurmatan.
Dumateng Paraga KUA ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Dumateng calon penganten sarimbit soho pengombyong saking Dusun Kidul Desa Truko, ingkang
kawulo hormati.
Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati. Mboten kesupen Bapak Nur
Rosyid se- keluarga ingkang bergahagia.

Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-
pinten kenikmatan sehinggo wonten dalu meniko kito Saget makempal wonten acara pahargyan
ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng
penganten kekaleh khususipun, nun inggih ....
Sholawat ugi salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring kito
uswatun khasanah kangge kito ing ndalem ngelampahi kehidupan ing alam ndonyo ngantos
dumugi yaumul qiyamah

Hadirin ingkang kawulo hormati, Kawulo wonten mriki selaku pranoto acoro bade Maosaken
runtuting adicoro pahargyan ingkang sampun karancang, inggih meniko;
 Ingkang sepisan, Pambuka
 kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an, ingkang badhe kasalirani
panjenenganipun Ustadz Mu’alimin.
 Adicoro urut ongko Tigo, atur pasrah penganten putra, ingkang badhe kasalirani
panjenenganipun Bapak M. Yasin, minangka sesulihipun Bapak Sinwan.
 Wongdene adicoro ongko Sekawan, atur penampining pinanganten saking keluarga putri,
ingkang mangkeh badhe disalirani panjenenganipun Bapak H, Akhmad Sulkhan, minangka
sesulihipun Bapak Nur Rosyid.
 Wongdene adicoro ingkang ongko Gangsal, Nun inggih prosesi akad nikah.
 Adicoro ingkang urut Terkhir inggih meniko, penutup

Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan
Basmalah................
Maturnuwun, mugi-mugi waosan suci kolowau saget andadosaken acoro meniko lancer, wilujeng
ngantos paripurno.
Acara ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’an, ingkang bade ingkang bade
kawahos dening sederek...... saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken..
……………………………………
Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an dados berkah dhumateng pewaos
lan lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro urut ongko Tigo, atur pasrah penganten putra, ingkang badhe kasalirani panjenenganipun
Bapak M. Yasin, minangka sesulihipun Bapak Sinwan. Dumateng panjenenganipun dipun
sumanggaaken.

Menggah adicoro ingkang ongko sekawan, penampining pinanganten saking keluarga putri,
ingkang mangkeh badhe disalirani panjenenganipun Bapak H, Akhmad Sulkhan, minangka
sesulihipun Bapak Nur Rosyid.
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro ingkang kaping sekawan nun inggih prosesi akad nikah, wondene saat meniko badhe
kapimpin dening Bapak penghulu, dumateng panjenenganipun bapak penghulu kanthi sedoyo
pakurmatan kulo sumanngaaken…….
Mekaten prosesi aqad nikah ingkang sampun kalampah, mugi-mugi andadosaken keluarga
sakinah mawaddah warohmah dating penganten kekalih amin.

Minangka adicara ingkang saklajengipun nun inggih istirahat, pramila dhumateng para kadang
sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin
dedaharan dumateng para tamu. sumangga…!!!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaake,n mboten ateges kawula angridu
anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos
dedaharan mangga adicara wonten dalu punika kita lajengaken.

Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar
susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging
samudro pangaksami.

Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai