Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala


sayyidina muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.

Poro Kyai, alim ulama’ ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi,
minongko panuntun kiblating panembah, ingkang satuhu luhurung budi.
para pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang satuhu sampun pono ing pamawas,
lebdo ing pitutur, kiblat ing panembah ingkang pantes pinundi soho kinabekten.

Dumateng poro pangemban pangembating projo, poro satriyaning nagari ingkang minongko
dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang sinubeng pakurmatan.

Dumateng Paraga KUA ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Dumateng calon penganten sarimbit soho pengombyong saking Dusun Kidul Desa Truko,
ingkang kawulo hormati.
Sedoyo tamu undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati. Mboten kesupen Bapak
Nur Rosyid se- keluarga ingkang bergahagia.

Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Allah SWT ingkang sampun maringi
pinten-pinten kenikmatan sehinggo wonten injang meniko kito Saget makempal wonten
acara walimatul ‘ursy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo
umumipun lan berkah dumateng penganten kekaleh khususipun.
Sholawat ugi salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring
kito uswatun khasanah kangge kito ing ndalem ngelampahi kehidupan ing alam ndonyo
ngantos dumugi yaumul qiyamah

Para rawuh ingkang minulya


Kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bapak Nur Rosyid dalah Ibu
Kumdanah wonten kalenggahan punika kepareng matur :

Sepisan, Bapak Nur Rosyid ngaturaken syukur Alhamdulillah dumateng ngarsanipun Allah
SWT, awit saking Berkah Ridlanipun, saha donga pangestu panjenengan sedaya, sampun
kalampahan nindakaken kuwajiban nikah-aken putra putrinipun ingkang sesulih Rara NILA
ROSITA dhaup kaliyan Bagus AHMAD MUSTOFA putra kakungipun Bapak Sinwan – Ibu
Rokatun saking Dusun Kidul Desa Truko.

Wondene Ijab Qobulipun sampun kalampahan kala wau dalu, watawis tabuh 20.00 dalu, kanthi
wilujeng nir ing sambikala.
Sak-lajengipun wekdal punika Bapak Nur Rosyid ngawontenaken Pahargyan prasaja
minangka wujud syukur dumateng ngarsanipun ALLAH SWT.

Kaping Kalih, Bapak Nur Rosyid sak-kulawarga, kanthi bingahing manah ngaturaken sugeng
rawuh, Sugeng lenggah, sarta matur agenging panuwun katur para rawuh sedaya, ingkang
sampun kersa hangrawuhi, hanjenengi saha paring donga pangestu wilujeng dumateng Sri
Penganten kekalih sumarambah dumateng sanak kadang sedaya.

Angka Tiga, Bapak Nur Rosyid ngaturaken agenging panuwun ingkang tanpa pepindan
dumateng para rawuh bilih mboten saget netepi tritapsilaning nampi tamu, nun inggih awujud
gupuh, lungguh tuwin suguh. Sadaya kekirangan kala wau Bapak Nur Rosyid sakkeluarga
namung saged nyuwun agunging sih samudra pangaksami.
Kaping Sekawan, Bapa Bapak Nur Rosyid sakulawarga nedya nyuwun panjenengan sedaya
kersa-a paring donga pangestu pudya pangastuti, mugi-mugi Sri Penganten kekalih sageda
ngleksanani kekudangan para pinisepuh sedaya. Tundonipun dados keluarga ingkang
SAKINAH, MAWADDAH, wa ROHMAH, kanthi Ridlaning ALLAH SWT. Enggal pikantuk
momongan ingkang sholeh lan sholihah, Ugi penganten sekalian, mbenjangipun sageda antut
runtut reruntungan dumugining kaken ninen, rahayu widodo kalis ing sambikala. Amin.

Para rawuh ingkang minulya,


Kawulo wonten mriki selaku pranoto acoro bade Maosaken runtuting adicoro walimatul ‘ursy
ingkang sampun karancang, inggih meniko;
 Ingkang sepisan, Pambuka
 kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an, ingkang badhe kawaos
deneng sederek ......
 Adicoro ingkang urut Terkhir inggih meniko, penutup

Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis, monggo kito bikak sareng-sareng kanti
waosan Basmalah................
Maturnuwun, mugi-mugi waosan suci kolowau saget andadosaken acoro meniko lancer,
wilujeng ngantos paripurno.
Acara ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’an, ingkang bade ingkang
bade kawahos dening sederek...... saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken..
……………………………………
Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an dados berkah dhumateng
pewaos lan lumeber dhumateng kito sedoyo.

minangka adicara saklajengipun nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani
dening bapak H. Akhmad Sulkhan.

Minangka adicara ingkang saklajengipun nun inggih istirahat, pramila dhumateng para
kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken
pakurmatan dumateng para tamu. sumangga…!!!

Para rawuh ongkang minulya,


Mekaten acara walimatul ‘usry enjeng menika,
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah
sasar susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo
nyuwun agunging samudro pangaksami.

Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai