Anda di halaman 1dari 1

Sambutan Tuan Rumah

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh


Alhamdulillah, alhamdulillailadzi hadzana lihadza wamaa kunna linahtadzia laula
anhadanallah. Asyhadualailahaillallah wahdahu laa syarikalah wa ashadu anna
muhammadan 'abduhu warosuluh laa haula wa laa quwwata illa billah. Amma ba'du...

Dumateng sedoyo pemuda pemudi ingkang kaulo hormati.

Sak derengipun, sumonggo kito ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarso dalem Allah
Subhanahu Wata'ala ingkang sampun ngluberaken rohmat, ni'mat, lan hidayah ipun
dhumateng kito sami ingkang arupi kawilujengan soho kabagas warasan. Sahinggo, wonten
ing kalodangan dalu meniko, kulo dalahsan panjenengan sami saget makempal wonten ing
dalem mriki kanthi kawontenan wilujeng kalis ing rubedo tebih ing sambikolo. Allahumma
aamiin, yaa robbal 'alamin.

Kaping kalihipun, sholawat soho salam mugio tetep kalimpahaken dhumateng junjungan
kito, kanjeng nabi agung Muhammad Rosulullah SAW. Panjenenganipun minongko
uswatun hasanah syafaatul ummah, suri tauladan ingkang kito dereki menggah tuntunan
twin ajaranipun. Kanthi lantaran kito nindaaken tuntunan utawi ajaranipun, mugi
mbenjang pikantuk syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah. Allahuma aamiin yaa robal
alamin.

Ingkang sak lajengipun, kawulo matur wonten ing ngarso panjenengan sami, kulo
minangkani saking sohibul bait, sepindah ngaturaken sugeng rawuh, ahlan wa sahlan
bihudurikum jazakumullahul khoiron wa khoiron katsiro. Mboten langkung, dipun
sekecaaken anggenipun lelenggahan ngantos titi paripurnanipun adicoro wonten ing dalu
meniko. Ingkang sak lajengipun, ngaturaken agunging panuwun dhumateng panjenengan
sami ingkang sampun nglonggaraken wekdal ugi ngiklasaken tenogo saperlu rawuh
wonten ing dalem mriki. Mugi-mugi, kanthi rawuh panjenengan sami, estu sageto mbeto
barokah manfaat fiddini wadunya wal akhiroh.

Sak lajengipun, ngaturaken sedoyo kalepatan mbok bilih anggenipun caos pahurmatan
panjenengan sami kirang saking samudayanipun, awit gupuh, aruh suguh, utawi lungguh,
sedoyo kalepatan mawantu-wantu tansah nyuwun lumunturing samudro pangaksami
ingkang sak ageng-agengipun.

Ingkang sak lajengipin, mbok bilih adicoro wonten ing dalu meniko sampun paripurno,
panjenengan sami badhe ngersaaken kundur, saking keluarga amung nderekaken sugeng
kundur. Mugi-mugi, kundur panjenengan sami awit saking dalem mriki ngantos dalemipun
soang-soang tansah manggio kawilujengan kalis ing rubedo tebih ing sambikolo. Aamiin
allahumma aamiin, aaa robbal alamin.

Mbok bilih mekaten lan semanten atur kawulo minangkani saking sohibul bait, kirang
langkungipun nyuwun pangapunten.

Wa akhiron, wallahu muwafiq ilaa aqwami toriq, billahi taufiq hidayah wa ridho wal
inayah
Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai