Anda di halaman 1dari 2

Assalaamu’alaikum Warohmatullaahi Wabarokaatuh

Alhamdulillah, Alhamdulillahirobbil ‘alamiin, Wabihii nasta’iin, ‘alaa umuriddunyaa waddiin,


Wassholaatu Wassalaamu ‘alaa asyrofil anbiyaa’i wal mursaliin Sayyidinaa Muhammadin Wa
‘alaa aalihi Washohbihi ‘ajmaiin. Ammaa ba’du.

Hadlrotal Muhkarromin Poro Alim Ulama’ poro Kyai ingkang sinatuhu dahat kinurmatan.

‌Poro sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang ingkang sinubo ing pakurmatan.

Dumateng poro rawoh ingkah tansah sinebo ing suko basuki

Mboten kesupen dumateng Sohibul bait Bpk Bambang Sunarko sakeluargo ingkang kawulo
mulyaaken

‌ epindah, sumonggo kito ngunjukaken pujo lan puji syukur dumateng ngerso dalem Alloh SWT.
S
Ingkang sampun paring pinten-pinten kenikmatan dateng kito sedoyo, khususipun arupi nikmat
Iman lan Islam, sehinggo kito saget makempal wonten meniko majlis saperlu acoro walimatul
ursy kanthi wilujeng mboten wonten alangan setunggal punopo kemawon.

Agunging raos syukur dumateng ngarsonipun Allah SWT. Ingkang sampun paring rahmat,
hidayah, soho kanikmatan dumateng kulo lan panjenengan sami

Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad
SAW.ingkan kito tenggo syafa’at ipun benjang wonten ing dinten qiyamat.

Poro rawuh ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro
ingkang sampun karancang, inggih meniko;
1. Adicoro ingkang sepindah pembikaan.
2. kalajengaken engkang ongko kalih, sambutan dumugi perwakilan mempelai putra
3. adicoro ingkang ongko tigo, sambutan dumugi perwakilan mempelai putri
4. Adicoro ingkang terakhir, penutup kalian doa
1. Wangsul dumatang acara engkang nomer sepindah enggeh punika pembukaan. Mangga acara
wonten siang punika kita bikak kanti wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah waala kulli niyatin
sholihah alfatihah…
Matur sembah nuwun kulo aturaken, mugiyo kanti waosan surat Al-Fatihah kolo wau, saget
andadosaken acoro meniko lancer, wilujeng ngantos paripurno.
2. Lumampah adicoro ingkang kaping kalih nung inggih puniko sambutan dugi perwakilan
mempelai putra,… dumateng panjenenganipun Bpk ……. Wekdal kalian tempat kulo
sumanggaaken….
Matur nuwun kulo aturaken dumateng panjenenganipun Bpk ……. dugi perwakilan mempelai
putra
3. Adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan dugi perwakilan mempelai putri,…
dumateng panjenenganipun Bpk ……. Wekdal kalian tempat kulo sumanggaaken….
Matur nuwun kulo aturaken dumateng panjenenganipun Bpk ……. dugi perwakilan mempelai
putri

Poro Bapak, poro ibu, hadhirin ingkang kinurmatan.


4. Adicoro ingkang pamungkas inggih puniko do’a penutup, ingkang badhe dipun selirani
panjenenganipun Bpk……
dumateng panjenenganipun Bpk…… Matur nuwun kulo aturaken

Mekaten saking kawula menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh
panjenengan sedaya, Ananging sakderengipun, kulo minangkani pranoto acoro wiwit awal
ngantos akhir mestio katah kalepatan lan kekiranagan, kirang trapsilanning tembung lan tingkah,
kulo nyuwun agungin sih samudro pangeksami.

Wallahul Muwaffiq ila Aqwamit Tharieq

Anda mungkin juga menyukai