Anda di halaman 1dari 4

Assalamualaikum Wr.

Wb

 Alhamdulillah alhamdulillah robbilalamin, washolatuwasala muala asrofil


ambiya iwalmursalin, sayyidina wamaulana muhammadin, wangala alihi
wasohbihi aj’main ama ba’du.

 Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, umaro', poro


wargo Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng
panjenenganipun Bapak Drs. H. Ahmad Agus Sofwan, selaku DPRD
Kabupaten Bantul, lan ugi panjenenganipun Bapak Supriyanto selaku
Kepala Dukuh wonten ing Padukuhan Kaligatuk mugi mugi rawuhipun
saget ndadosaken bukti tresnanipun dumateng kito sedoyo.

 Sepindah, mangga kita tansah ngraosaken puja lan puji syukur dumateng
Allah SWT ingkang sampun maringi kawidadan kawilujengan dhumateng
kula lan panjenengan sami, ing sahinggo kito saged makempal dalam
kegiatan “Sarasehan dan Tasyakuran Padat Karya” kanthi wilujeng
mboten amanggih alangan saktunggal punopo . Aamiin

 Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur dumateng


junjungan kita Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2 kanthi kito
ngrawuhi adicara meniko saget ndadosaken kito termasuk umat ingkang
angsal syafaatipun, aamiin

 Kawula ing mriki kapathah ambagi wedal. Ing mbok bilih kula samangkeh
ndherekaken lampahing adicara kathah kalepatan kula tansah mawantu
– wantu nyuwun agunging pangapunten.

 Ngengeti wekdal sampun ndungkap dalu pramilo sumangga adicara


wonten ing wekdal ndalu puniko enggal kawiwitan.

 Adicara ingkang sepindah, pambuka

Adicara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an


Adicara ingkang kaping tigo, koor ibu-ibu pkk rt 04
Adicara ingkang kaping sekawan, prakata panitia
Adicara ingkang kaping gangsal, sambutan sambutan
Adicara ingkang kaping enem, istirahat
Adicara ingkang kaping pitu, sarasehan, peresmian, lan doa
Adicara ingkang kaping wolu penutup

 Mekaten wau menggah adicara ingkang badhe kito lampahi samangkeh.

 Minongko adicara ingkang angka sepindah, inggih punika pambuka


sumonggo adicara wonten ing ndalu punika kita purwakani kanthi
waosan basmalah sesarengan. Bismillahirahmanirrahim.

 Kanthi nyebat asma dalem Allah mugi adicara wonten ing dalu punika
saged kalampahan kanthi rancag mboten pinanggih alangan saktunggal
punapa. aamiin

 Adicara ingkang angka kalih, waosan kitab suci Al-Qur’an . Dhumateng


bapak Jumbadi Wekdal soho panggenan sumangga katur

 Matur nuwun dhumateng Bapak Jumbadi ingkang sampun kersa


maosaken kitab suci Al-Qur’an , mugio ingkang maos lan ingkang
midangetaken angsal lelintu ganjaran saking Ngarsa Dalem Allah SWT.

 Adicara ingkang angka tiga, inggih punika koor saking ibu ibu pkk RT 04.
Dhumateng Ibu-ibu, wekdal soho panggenan sumangga katur.

 Ngaturkan agunging panuwun dhumateng ibu-ibu Rt 04.

 Acara ingkang angka sekawan, inggih meniko prakata panitia, ingkang


bade dipun sampeaken deneng Bpk Harsih Supardiyono dumateng
penjenenganipun kawulo summanggaaken.
 Matur nuwun dhumateng Bpk Harsih Supardiyono ingkang sampun
kersa njangkepi adicara prakata panitia.

 Acara ingkang selajengipun, inggih punika sambutan-sambutan.


Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Ketua RT 004. Dhumateng Bpk
Paimo wekdal soho panggenan sumangga katur.

 Matur nuwun dhumateng Bpk Paimo awit sambutanipun

 Sambutan ingkang angka kaleh, saking Kepala Dukuh,Kaligatuk,


Dumateng Panjenenganipun Bapak Supriyanto kawulo summanggaaken.

 Matur nuwun dhumateng Bpk Supriyanto selaku kepala Dukuh awit


sambutanipun

 Adicara selajengipun, inggih meniko istirahat, Kangge ngisi wekdal


istirahat, dumateng poro panitia saget nyiapaken video ingkang bade
sami dipun pirsani.

 Istirahat kawulo cekapaken.

 Adicara ingkang pungkasan inggih meniko Sarasehan lan dipun


lajengaken pemotongan pita simbol isyarat peresmian Hasil saking padat
karya ingkang sampun dipun lampahi wargo masyarakat Rt 004
kaligatuk, dumateng panjenenganipun Bpk Drs. H. Ahmad Agus
Shofwan.kawulo summanggaaken.

 Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun


aturaken saget bermanfaat. ugi peresmian wekdal dalu meniko saget
dados awal pemanfaatan saking hasil padat karya ingkang terus menerus
saget diraosaken.

 Bapak ibu ingkang kaulo hormati, minangka adicara ingkang pungkasan


inggih punika panutup , Sumonggo adicara wonten ndalu punika kito
tutup kanthi waosan tahmid sesarengan.alhamdulillahirabbilalamin
 Kaulo ingkang ndherekaken lampahing adicara wonten dalu punika ,
mbokbilih kathah kalepatan estu kulo nyuwun agunging pangapunten.

Bilahitaufiq walhidayah Wassalamualaikum wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai