Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum Wr.

Wb
Bismillahirrohmanirrohim, Alhamdulillahirobbil ‘alamin, Wassholatu wassalamu ‘alal
asyrofil Ambiya’i wal mursalin wa’ala alihi washohbihi ajma’in. Asyhadu Allaa ilaaha
illallah wa asyhadu anna muhammadarosulullah. Allahumma Sholli Wasallim “ala
sayidina Muhammadin Wa ‘ala alihi washohbihi ajma’in.

Wonten ngarsanipun poro alim, poro ulomo, poro kyai ingkang tansah kito
ta’dzimi, wabil khusus panjenenganipun bopo ustadz suyoto ingkang kito tenggo-
tenggo mauidhoh hasanah lan barokah doanipun.
Dhumateng panjenenganipun Ibu Kepala Desa Planggu soho perangkatipun ingkang
kito Hurmati.
Dhumateng poro pinisepuh soho tokoh masyarakat ingkang kito hurmati.
Hadirin kaum muslimin wal Muslimat ingkang mugi-mugi pikantuk rahmatipun Allah
SWT.

Sakderengipun sumonggo kito ngaturaken raos puji syukur dumateng ALLOH SWT.
Ingkang sampun maringi kito kathah kanikmatan. Sahinggo kito saget makempal
wonten adicoro HALAL BI HALAL ndalu meniko kanti kawontenan wilujeng mboten
pinanggih alangan setunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi katetepaken dumateng junjungan kito nabi agung
Muhammad SAW ingkang kito ajeng-ajeng syafa’at ipun mbenjang wonten yaumul
Qiyamah. Amin.

Poro rawuh ingkang dipun Mulyaaken Allah SWT


Sak dereng ipun adicoro Halal Bi Halal kito milai keparengo kulo minangkani
pranoto adicoro, maosaken runtutipun adicoro ing dalu puniko.
 Adicoro ingkang sepisan Inggih puniko Pambuko
 Kaping kalih waosan ayat-ayat suci Al Qur’an
 Kaping tigo sambutan-sambutan
 Kaping Sekawan Ikrar Halal Bi Halal
 Kaping Gangsal Mauidloh Khasanah
 Kaping Nenem Panutup
Poro rawuh ingkang minulyo
Adicoro ingkang sepisan innggih punika Pambuka.
Gegandengan wekdal sampun ndungkap dalu, sumongo adicoro Halal Bi Halal kito
bikak kanti Waosan Ummul Kitab.
Li Ridhoillah Wa li Syafa’ati Rosulillah ‘Al-fatihah’
Mugi-mugi kanti waosan Surah Alfatihah meniko gusti Allah paring Ridho lan
kelancaran adicara ing dalu meniko.

Adicoro sak lajeng ipun inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’anul
Karim,
Dumateng panjenenganipun Sederek Muchlis Arifudin kawulo sumanggaaken.
Shodaqollohul ‘adzim, dumateng panjenenganipun Sederek Muchlis Arifudin kulo
aturaken agunging panuwun, mugi-mugi saget manfat dumateng ingkang maos
khusus ipun lan kito sedoyo umum ipun. Aamiin

Kito lajengaken adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan-


sambutan.
1. Sambutan ingkang sepindah inggih meniko saking ketua panita, dumaten
panjenangnipun Sederek Sofyan kawulo sumanggaaken.
« Kulo aturaken agunging panuwun.
2. Sambutan ingkang kaping kalih inggih meniko saking Pemerintah Desa
Planggu, Dumaten panjenangnipun Bopo Kepala Desa Planggu Bopo Drs.
Sukirdi kawulo sumanggaaken.
« Kulo aturaken agunging panuwun

Poro rawuh ingkang minulyo


Adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko Ikrar Halal Bi Halal
Dumateng panjenenganipun Bapak RW, Bapak Dwi Harjono kawulo sumanggaaken.
Matur nuwun kulo aturaken dumateng bapak Dwi Harjono ingkang sampun
ngaturaken ikrar halal bi halal ndalu meniko.

Hadirin Kaum Muslimin Wal Muslimat ingkang dipun Mulyaaken Allah SWT
Ndungkap titiwanci adicoro ingkang kito tenggo tenggo inggih puniko Mauidloh
Khasanah Ingkang badhe dipun wedar sabdaaken dening Bopo Ustadz Suyoto,
dumateng Panjenenganipun Bopo Ustadz Suyoto kawulo sumangga aken.
Dumateng panjenenganipun Bopo Ustadz Suyoto Kulo aturaken agunging panuwun,
mugi-mugi ingkang sampun dipun aturaken wonten gino soho manfa’at ipun. Lan
mugi-mugi sedoyo panyuwunan kulo panjenengan sami kaijabah dening Gusti Allah.
Aamiin.
Hadirin Kaum Muslimin Wal Muslimat ingkang dipun Mulyaaken Allah
Adicoro Halal Bihalal ndalu meniko sampun kacekap. Sak Sampunipun adicoro kito
tutup, kasuwun Dhumateng sedoyo ingkang hadir nglajengaken salam salaman.
Monggo kito tutup adicoro puniko kanti Waosan Hamdalah sesarengan.
Mbok bilih anggen kulo nderek aken lampahipun adicara puniko kathah kalepatan
ingkang mboten nuju prono dumateng panjenengan sami. Kulo pinongko pranato
Adicoro nyuwun agunging samudro pangaksami.
Mekaten. Akhirul kalam. Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai