Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum wr.

wb
Alhamdulillah,
Alhamdulillahirobbil ‘alamin,
Wabihi nasta’inu ‘ala umurindun-ya wahdin,
Washolatu wassalamu’ala asrofil anbiya’i walmursalin,
Wa’ala alihi washohbihi ajmain
Qolallhu ta’ala fii kitabihil karim,

Amma ba’du

Wonten pangarsanipun poro ‘alim wal ulama, aladzinahum warosatul anbiya,


langkung-langkung dhumateng penjenenganipun Bp.Kyai Muhammad Yahya,
ingkang kito ajeng-ajeng barokah ‘ilmu nafi’ipun.

Dhumateng poro pangemban pangembating projo kasatrianing negari, mliginipun ing


tlatah nagasari, wabil khusus wonten mushola at-taqwa dukuh seprih gunung ing tuhu
pantes sinudarsono.

Poro sesepuh, aji sepuh dalah kesepuhan tlatah dukuh seprih gunung ugi seprih jurang
ingkang tuhu kinabekten.

Sagunging poro among tamu kakung soho putri ingkang tuhu kinurmatan.

Hadirin wal hadirat, muslimin wal muslimat rokhimakumulloh

Langkung rumiyin monggo kito sesarengan anglahiraken puji dalah syukur wonten
ngarso dalem Allah swt, awit saking kanugrahan, kanikmatan dalah karohmatan
ingkang kito tampi mahanani ing titi wanci wekdal puniko, kito saged pepanggihan
silaturrahim wonten ing majlis puniko kanthi kalising sambekolo. Aamiin yaa
Rabbal’alamin

Sholawat dalah salamipun gusti allah mugi katur konjuk dhumateng baginda nabi
agung Muhammad SAW, ingkang kito ajeng-ajeng safa’atipun mbenjang wonten ing
Yaumul Qiyamah, Aamiin yaa Rabbal’alamin

Hadirin wal hadirat, muslimin wal muslimat rokhimakumulloh

Tuhu linepatno ing deduko tinebihno ing tulak sarih dene kulo cumanthoko ngadeg
ngabyantoro wontening ngarso panjenengan sedoyo awit minangkani dawuhipun
panitia penyelenggara supados nderekaken runtuting adicoro pengaosan pengetan
khotmil qur’an ing dinten puniko, ( Senin Pon) ing titi wanci puniko.
Sederengipun adicoro kalampahan kepareng kulo waosaken menggah runtuting
adicoro ingkang In Syaa Allah badhe lumampah ing ndalu puniko :

 Adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambuko


 Adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat suci al-qur’an
 Adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko khotmil qur’an
 Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko sambutan-sambutan
 Adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko mau’idah khasanah
 Adicoro ingkang kaping enem inggih puniko doa
 Adicoro ingkang kaping pitu inggih puniko scors
 Adicoro ingkang kaping wolu inggih puniko penutup

Hadirin wal hadirat, muslimin wal muslimat rokhimakumulloh

Mekaten menggah runtuting adicoro ingkang In Syaa Allah badhe lumampah ing
ndalu puniko. Ngengeti wekdal ingkang sampun sakwetawis ndalu, monggo kito
wiwiti adicoro ingkang sepindah inggih puniko pambuko kanthi waosan basmallah
sesarengan, monggo kito derekaken.

Maturnuwun, mugi-mugi kanthi waosan basmallah pengaosan ing ndalu puniko saged
lumampah kanthi lancar tanpo manggih alangan satunggal punopo. Aamiin, aamiin
yaa Rabbal’alamin.

Ndungkap adicoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat suci al-qur’an.
Dhumateng adinda (Gustiana Rahmayani) soho adinda (Iren dita Anggraini) sasono
woro katur.

Mekaten waosan ayat suci al-qur’an puniko, kawulo aturaken jazza kumulloh ahsanal
jazza.

Ndungkap adicoro ingkang kaping tigo inggih puniko khotmil qur’an. Dhumateng
lare-lare khotmil qur’an kawulo aturaken.

Mekaten khotmil qur’an puniko, kawulo aturaken jazza kumulloh ahsanal jazza.

Ndungkap adicoro selajengipun inggih puniko sambutan-sambutan. Ingkang ongko


sepindah atur pambagyo harjo saking ketua panitia penyelenggara ingkang badhe
kasaliro dening panjeneganipun ( Bpk. Misno ). Dhumateng panjenenganipun sasono
woro katur.

Maturnuwun dhumateng (Bpk. Misno) ingkang sampun paring pangandikan


minongko sesulih saking panitia penyelenggara.

Hadirin wal hadirat, muslimin wal muslimat rokhimakumulloh

Ingkang ongko kalih atur pambagyo harjo saking Bp.Kepala desa ingkang badhe
kasaliro dening panjeneganipun ( Bpk. Syafrudin ) dhumateng panjenenganipun
sasono woro katur.

Maturnuwun dhumateng (Bpk. Syafrudin ) ingkang sampun paring pangandikan.


Ndungkap adicoro kaping gangsal inggih puniko mau’idah khasanah utawi pengaosan
hikmah khotmil qur’an ingkang badhe kaweder sabdo dening panjenenganipun
(Bp.Kyai Muhammad Yahya). Dhumateng panjenenganipun (Bp.Kyai Muhammad
Yahya) sasono woro katur.

Mekaten mau’idah khasanahipun mugi-mugi ndadosaken tambah manfaat dhumateng


kito sedoyo. Aamiin aamiin yaa Rabbal’alamin.

Ndungkap adicoro kaping enem inggih puniko doa. Ingkang badhe dipun aturaken
dhumateng ( Mbah. H. Syamsudin).

Ndungkap adicoro selajengipun inggih puniko scors

Mekaten runtutipun adicoro kanthi awal dumugi akhir. Kawulo ingkang kapurih
nderekaken runtuting adicoro ing ndalu puniko estu kathah atur ingkang kirang
trapsilo, kirang nuju prono menggah penggalih panjenegan sedoyo, mboten namung
kawulo nyuwun lumunturing sih samudro pangaksami.

Mekaten saking kawulo, walahu illa aqwamithorik, wal’afwu minkum,

Wassalamu’alaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai