Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’ Alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Alhamdulillahi Robbilalamin wabihi nasta’in wa’ala umuriddunya wad din Wa shallatuwassalam


ala Sayyidinaa Muhammadin waala aalihi washahbihi ajmain.
Ingkang kaulo hormati bapak/ibu guru, para alim ulama, bapak kyai, lan sedaya hadirin ingkang
dirahmati Allah subhanahu wata'ala.

Pertama-tama sumonggo kita panjatkan puji syukur atas kehadirat Allah SWT, amargi berkat
rahmat lan hidayah-Ipun kita saget makempal ing dalem menika majelis kanti keadaan sehat wal
afiyat.
Mboten kesupen sholawat lan salam kita limpahaken dateng junjungan kita nabi agung
Muhammad SAW, nabi akhir ingkang kita nantikan syafaatipun ing yaumul qiyamah.
Allahumma sholi ala sayyidina Muhammad..

Acara dalu menika yaiku bentuk peringatan dinten ingkang istimewa kagem sedaya umat islam,
yakni Isra Mi'raj.
Isra Mi'raj nggih menika perjalanan luar biasa Nabi Muhammad SAW saking Masjidil Haram
dateng Masjid Al Aqsha hingga langit ketujuh. Mangga kta sareng-sareng mengenang lan
muliaaken peristiwa Isra Mi'raj.

Kulo dateng mriki selaku pembawa acara dumateng acara peringatan Isra Mi'raj, bade maosaken
susunan acara ing dalem dalu menika.
1. Pambukaan
2. Waosan Ayat Suci Al-Qur’an
3. Sambutan Ketua Pelaksana
4. Tausiyah Agama
5. Doa oleh
6. Pamungkas
Damel membuka acara ing dalem dalu menika, mangga kita sami maos surah Al-fatihah sareng-
sareng supados acara ing dalu menika saget lancar lan mbonten wonten halangan punapa.
Alfatihah...

Acara ingkang kaping kalih yakni waosanAyat Suci Al-Qur’an, dumateng ingkang bertugas kulo
sumanggaaken.
(Pembacaan Ayat Suci Al-Qur’an)
Alhamdulillahi rabbil alamin. Matur nuwun.

Acara ingkap kaping tigo nggih menika sambutan Ketua Pelaksana, langsung mawon dateng
(nama ketua panitia) kulo sumanggaaken.
(sambutan ketua panitia)
Matur nuwun. Mlebet acara inti nggih menika Tausiyah Agama dumateng panjenenganipun
(nama). Para hadirin monggo kito sami midangetaken tausiyah beliau. Dumateng (nama) wekdal
soho pinarakan kulo sumanggaaken.
(Tausiyah Agama)

Matur nuwun. Selanjengipun, acara ingkan pg kaping gangsal nggih menika doa. Dumateng
ingkang bertugas kulo sumanggaaken. (Pembacaan doa).

Alhamdulillahirabbil alamin, setunggal kaping setunggal acara dalu menika sampun terlaksana.
Kulo selaku pembawa acara ngaturaken matur nuwun lam ngapunten mbok bilih wonten
kesalahan ing daleng memandu acara.

Wassalamu Alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh

Anda mungkin juga menyukai