Anda di halaman 1dari 2

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

almukarrom poro alim, poro kyai, soho poro ustadz,


ingkang kawulo mulya aken poro sepuh pini sepuh,
ingkang kawulo mulya aken poro hadirin sedoyo

Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah


SWT ingkang sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito
saget angrawuhi Reuni dalam rangka halal bihalal keluarga bani Eyang Mento
Karyo wonten mriki kanti mboten wonten alangan punopo-punopo.

Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW
ingkang kito sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir,
lan kito sedoyo mugi diakui sebagai umat beliau lan pikantuk syafaatipun. Amin.

Hadirin ingkang kinurmatan

Keparengo kawulo matur ing mriki, sebagai pembagi wekdal utawi bertugas
sebagai pranatacara wonten acara peringatan halal bihalal puniko. Menawi ningali
wekdal sampun anyekapi pramilo langsung mawon kawulo waosaken susunan
acara ingkang bade kaampah wonten ing saat enjing puniko.

1. Acara ingakang sepindah, inggih puniko pembikaan


2. Acara ingkang ongko kalih, inggih puniko waosan ayat suci Al Qur'an
3. Acara ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan saking panitia halal bihalal
sekaligus perwakilan tuan rumah.
4. Acara ingkang ongko sekawan inggih puniko pembacaan rumpun silsilah
keluarga bani Eyang mento karyo
5. Acara ingkang ongko gangsal inggih puniko pembacaan kalimah toyyibah tahlil
6. Acara ingkang ongko enem inggih puniko skores/ ramah tamah
7. Acara selanjutipun inggih puniko mauidhoh hasanah
8. Acara ingkang terakhir inggih puniko waosan do'a penutup
- Bilih adicara ingkang sepindah Pambuka : sumangga adicara reuni punika
dipun bukak kanti waosan umul kitab ” Al-fatiqah”

- Sampun paripurna adicara pambuka pramila adicara ingkang angka candak


ipun nuwun inggih waosan Gema wahyu Ilahi punapa dene waosan ayat
suci Al Quran ingkang bade kasarira dening kadang kula anem : Sdr
adek..............

- Purno diniro Gema wahyu ilahi badhe kapacak menggah rantamaning


adicara Prakata panitia. Prakata panitia sekaligus perwakilan tuan rumah
dipun wedhar dening Prakata sambutan saking bapak Rifa’i .

- Lanjutipun acara inggih menika pembacaan rumpun silsilah keluarga bani


eyang mento karyo. Dumateng bapak..... kawulo sumanggakaken.

- poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, menika pembacaan kalimah


toyyibah tahlil kulo pasrahaken dumateng panjenenganipun Bapak …..

- skores/ ramah tamah ......

- Acara selanjutipun inggih puniko Mauidhoh khasanah ingkang badhe


kasariro panjenenganipun Al mukharam Bp Kyai Ahmadi lan ing
pungkasaning pengaosan punika kaparengo katutup kanti wasilah doa.

- Acara ingkang terakhir inggih menika waosan doa dening bapak ...........

Penutup
Para hadirin ingkang tansah dipun mulyaaken dening Allah SWT ingkang agung
sinenggo ing akrami. Mbok bilih sampun paripurna anggen kawula hangayahi
jejibahan pinangka pranata acara reuni wonten ing ratri punika, pramila bilih
wonten kekirangan dalasan kaladuk anggen kawula matur. Ugi hambok bilih
wonten kelepataning atur kawula, mbok bilih dadosaken kurang renaning
penggalih wonten ngarsa panjenengan kula tansah nyuwun agengeng pangapunten.
Akhirul salam wabilahi tau_k wal hidayah,
Wassalamualaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai