Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

Wb
Ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang kito to’ati fatwanipun
Ikang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh
Ingkang kawulo hormati poro bapa-bapak soho ibu-ibu undangan
Ingkang kawulo hormati habib ismail ingkang tansah kito ajeng” mauhidohhasanah ipun.

Monggo kito panjataken raos pujo dalah puji syukur wonten ngarsanipun Alloh SWT ingkang
sampon maringi kito pinten-pinten rahmat,taufiq hidayah soho inayahipun dhumateng kito
sedoyo wonten dalu puniko kito saget makempal ing mriki kanti mboten wonten halangan
setunggal punopo.

Sholawat dalah salam mugi-mugi kunjuk dhumateng nabi Muhammad SAW.ingkang mbeto
umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah ingkang kito raosaken sak
meniko,soho ingkang kito antu-antu syafaatipun wonten yaumil Qiyamah Aamiin.

Wonten mriki kawulo minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro wonten
dalu puniko.

1.Pembuka
2.Waosan ayat suci Al Qur’an
3.Tahlil
4.Sambutan
5.Skors
6.Maungidohhasanah

Acoro ingkang sepindah inggih punika pembukaan,monggo acoro wonten ndalu puniko kito
bikak kanthi waosan ummul kitab, ‘ala hadiniyah assholihah Al fatihah
Kito lajengaken acoro ingkang kaping kalih inggih puniko waosan ayat suci Al
Qur’an.Dhumateng panjenenganipun bapak Muhamad ali qusyairi kulo sumonggoaken…
Meniko kolo wau waosan ayat-ayat suci Al qur’an mugi-mugi saget nambah lancaripun acoro
wonten ndalu puniko.
.
Acoro kaping tigo inggih puniko tahlil,dhumateng panjenganipun Imam sahroni kawulo
sumonggoaken.
Mekaten waosan tahlilipun.dhumateng panjenenganipun bapak Imam sahroni kawulo
aturaken agunging panuwun.
Sak lajengipun ipun inggih puniko sambutan-sambutan.
Sambutan ingkang sepindah inggih puniko sambutan saking ketua panitia
Dhumateng panjenenganipun bapak Anwar maarif wekdal soho panggenan kawulo
sumonggoaken
Dhumateng panjenengannipun Anwar maarif kawulo aturaken matur suwun
Acara sak lajengipun inggih punika skors.ingkang badhe dipun isi grup
rebana…………..dhumateng grup rebana…………kawulo sumonggoaken.
Dilajengaken ingkang terakhir inggih puniko acoro inti ingkang badhe dipun keasto
panjenenganipun Habib ismail bisyaiban.
Langkung rumiyin sakderengipun acara inti dipun melai kawulo minangkani muqosimul auqot
wiwit awal dumugining akhir mbok bilih wonten klenta klentuipun kawulo nyuwun agunging sih
pangaksami.
Kawulo akhiri wabilahi taufik wal hidayah wassalamualaikum wr wb

Dhumateng panjenenganipun Habib ismail bisyaiban wekdal soho panggenan kawulo


sumonggoaken

Anda mungkin juga menyukai