Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr wb………

Khadaratal mukharomin wonten ngersanipun poro alim ulama, poro kyai ingkang rinten kelawan dalu
tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi, pinongko panuntun kiblating panembah, langkung
langkung ngersanipun Al Mukharom bopo Kyai Haji Usman Ridho,ingkang tuhu kulo tenggo barokah
soho doanupun. Wonten ngwesanipun sesepu pinisepuh, pono ing pamawas lebdo ing pitutur ingkang
dahat kinurmaten.

Wonten ngersanipun poro pangemban-pangembating projo, poro satriyaning negri, nuninggih


panjenengannipun bopo kades, bopo kadus dalah sak andanipun, minongko dados pandam pandomaning
poro kawula dasih, ingkang tuhu kinebakten.

Poro lenggah poro rawuh tamu undangan kakung sumowo putri, ingkang kinurmatan, poro sarjono-
surjaning budi soho poro mudho werdho, poro remaja kakung miwah putri ingkang tuhu luhuring budi,
poro rawuh, muslimin, muslimat ingkang minulya.

Kanthi pepayung budi rahayu soho ngaturaken agungin aksomo, mugi wonten keparengipun, kulo
cumantoko marak mangarso hagempil kamardikan panjenengan sedoyo, ingkang katemben wawasan
pangandikan. Mundi dawuh saking ingkang hanawung krido, pengaosan maulud Nabi Agung Muhammad
SAW, kulo piniji hanjejeri minangka jejening pamiworo kinen haturaken menggah urut reroncening tata
adicara pengaosan maulid Nabi Agung Muhammad SAW wonten ing siang puniko hananging sak
derengipun kulo waosaken munggah adicara ingkang badhe kalempah.

Sumonggo kulo dalah panjenengan sedoyo tansah manangka pujo nganjuakan puji syukur wonten
ngersanipun Allah SWT, ingkang sampun kepareng-pareng karohmatan soho kenikmatan dumateng kulo
dalah panjenengan sedoyo, sehinggo kulo soho panjenengan sedaya saget rawuh wonten majlis pengaosan
puniko, kanti kewontenan sehat wal afia.

Pramilo sumonggo kitho syukuri sesarengan kanthi khalam tahmid ‫اَلِم يَن َر ِّب ِهَّلل َاْلَح ْم ُد‬--‫ اْلع‬sholawat soho
salamipun allah mugi tansah kunjuk wonten ngersanipun Nabi Agung Muhammad SAW kanthi waosan
‫ ُمَحَّمٍد َس ـَّيِد َنا َع ٰل ى َص ِّل َالّلٰـ ـُهَّم‬inggih panjenengannipun, nabi soho rosulipun allah ingkang beto nur saking
Allah, sumonggo rahmat kangge alam puniko, miugi mugi kanthi waosan sholawat kulo dalah
panjenengan sedaya estu dados golonganipun umat ingkang badhe pikantuk safaatipun benjang wonten
dinten kiamat amin ya robal alamin.

Poro rawuh hadirin hadirot ingkang minulya menggah tata adicara ingkang badhe kalempah nun inggih?

1. Sepisan pambuka minongko purwaning adicara


2. Menggah adicara ingkang ongko kalih nun inggih waosan tahlil
3. Acara ingkang ongko tigo nun inggih atur sambutan
4. Acara istirahat dumawah wonten acara ingkang ongko sekawan
5. Menggah acara ingkang ongko gangsal nun inggih waosan ayat2 suci al qur’an
6. Acara ingkang ongko enem nun inggih acra inti pengaosan dalam rangka maulid nabi
7. Menggah acara ingkang badhe kapungkasi mawi waosan doa
Mekaten menggah urut reroncening adicara ingkang badhe kalempah
HADIRIN HADIROT ingkang minulya,pramilo sumonggo acara kitho wiwiti kanthi pambuka kita bikak
sesarengan kanthi suratul fatihah, mugi-mugi kanthi waosan surah al fatihah amaliah kulo dados amalan
sholihah makbulan AL FATIHAH……

Mekaten menggah pambuka, kelajengakan adicara ingkang ongko kalih nun inggih waosan tahlil ingkang
kasuwun imam saking panjenengan Bapak Zainudin. Dumateng panjenenganipun Bapak Zainudin wedal
soho papan palenggahan kulo aturaken sumonggo.

Mekaten menggah waosan tahlil, dumateng panjenengannipun Bapak Zainuddin kulo aturaken agunging
panuwun. Adicara ingkang acara tigo atur sambutan

 Sambutan engkang kepisan nun injih atur sambutan saking ketua panitia pengaosan ingkang
badhe kaaturaken dening panjenenganipun bapak kadus….
dumateng panjenenganipun bapak kadus kulo aturaken agunging panuwun.

Menggah acara engkang ongko sekawan nun inggih, istirahat, pramilo dumateng sedoyo remaja kasuwun
nindaaken karyanipun.

Hadirin hadirot ingkang minulya acara ingkang ongko gangsal nun inggih, waosan ayat2 suci Al Qur’an
engkang badhe aturaken dining…, dumateng panjenenganipun wekdal soho papan palenggahan kulo
aturaken.

Acara ingkang selajengipun nun inggih pengaosan dalam rangka maulid Nabi Agung Muhammad SAW,
ingkang badhe kawedad dening panjenenganipun Al Mukarom Bopo Kyai Haji Usman Ridho soho
kasuwun barokah doanipun. Sakderengipun bopo kyai jengkar saking palenggahan anggenipun kulo
dereaken acara wiwit purwa, madya wasana sedaya kekirangan soho kalepatan mawantu wantu nuwun
agunging pangaksomo. Ingkang akhiripun kulo pungksi mawi doa hamdanaallah waiyakum aj’main.

Wassalamualaikum wr wb

Dumateng panjenenganipun Al Mukarom Bopo Kyai H Usman Ridho wekdal sasono dalah kulo
aturaken, sumonggooo….

Anda mungkin juga menyukai