Anda di halaman 1dari 1

NASKAH PEMBAWA ACARA

Assalamualaikum Wr.Wb
Alhamdulillaahi robbil ‘alamiin, wassolaatu wassalaamu’alaa asrofil anbiyaa ii wal mursaliin Sayyidina
Muhammadin, wa’ala alihi washohbihi ajma’in. Robbisshrohli shodri wa ya shirli amri wahlul uqdatammil
lisaani yafkohu kauli, amma ba’du.

1. Yang terhormat panjenenganipun Bapak Marsono selaku Kepala Desa Ngrogung


2. Ingkang kula hormati Bapak Kyai Nurhadi
3. Ingkang kula hormati Ta’mir Masjid Baiturrahman
4. Saha Bapak/Ibu Undangan ingkang berbahagia

 Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah ingkang sampun maringi pinten-pinten
kenikmatan dumateng kito, salah setunggale nikmat iman lan islam sahinggo kito tasih saget bertatap
muka, bermuwajahah, bersilaturrahim dalam kegiatan “Pengajian Maulid Nabi Muhammad SAW”
ingkang mboten wonten alangan setunggal punapa, kanti ngucap hamdalah.
 Kaping kalihipun, sholawat soho salam mugio tansah katur dumateng Baginda Rasulullah Muhammad
SAW, mugi-mugi kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang
pikantuk syafaatipun. Aamiin YRA
 Salajengipun kulo minangkani pembawa acara badhe maosaken susunan acara wonten dalu meniko
1. Pembukaan
2. Pembacaan ayat suci Al Qurán
3. Prakata panitia
4. Sambutan-sambutan
5. Istirahat
6. Mauidhoh hasanah sekaligus doa
7. Penutup
 Acara sepindah inggih punika pembukaan, monggo acara wonten dalu kito bikak kanthi waosan ummul
kitab. Alaa hadiniyah assholihah alfatihah.
 Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat suci Al Qurán, dumateng panjenenganipun Ibu
Puji Lestari kulo sumanggakaken. Meniko wau waosan ayat-ayat suci Al Qurán mugi-mugi saget
nambah lancaripun acara dalu meniko.
 Acara ingkang nomer tigo inggih meniko prakata panitia, dumateng panjenenganipun ibu Warsinem
kulo sumanggakaken. Dumateng panjenenganipun kulo aturaken matur suwun
 Acara salajengipun sambutan-sambutan
1. Sambutan ingkang sepindah saking Ta’mir Masjid Baiturrohman, dumateng Bapak Bashori kulo
sumanggakaken.
2. Sambutan ingkang nomor kalih saking tokoh masyarakat, dumateng Bapak Kyai Mispandi kula
sumanggakaken
3. Sambutan ingkang nomor tiga saking Kepala Desa Ngrogung, dumateng Bapak Marsono, kula
sumanggakaken
 Istirahat, persembahan lagu dari Grup Hadroh Fatayat Muslimat Desa Ngrogung
 Acara ingkang nomor enem inggih meniko mauidhoh hasanah “Pengajian Maulid Nabi Muhammad
SAW” sekaligus doa ingkang badhe dipun asto dumateng panjenenganipun Kyai Nurhadi. Matur suwun
kulo aturaken dumateng panjenenganipun Kyai Nurhadi, mugi ilmu ingkang sampun dipun aturaken
meniko saget bermanfaat kagem kito sedaya.
 Acara ingkang terakhir inggih menika penutup. Sumangga acara wonten dalu menika kita tutup kanthi
waosan doa kafaratul majlis
 Saking kulo minangka pembawa acara, sedaya kekhilafan lan kesalahan kulo nyuwun agunging
pangapunten. Waakhiron, wallahul muwwafiq ilaa aqwamitthoriq.
Wassalamuálaikum Wr.Wb

Anda mungkin juga menyukai