Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum wr.

wb

Alhamdulillahirabbil 'alamiin wa ssholatu wa ssalamu 'alaa asyrofil anbiyaai walmursalin


Sayyidina Muhammadin Wa 'alaa aalihii wa shohbihi ajma'in, amma ba'd.

Hadrotal muhtaromin, poro alim ulama', sesepuh pini sepuh, ingkang kawulo hormati, wabil
khusus al Mukaromah ……………………………………………ingkang kito tenggo-tenggo
maudloh hasanahipun.
1. Dumateng ……………………………………………………….. ingkang kito hormati
2.

Sak derengipun kawulo matur monggo kito sareng ngunjuk raos puji syukur kito wonten
ngerso dalem Allah SWT ingkang sampun maringi kito katah sanget kanikmatan, utamanipun
nikmat iman lan sehat sahinggo kito saget makempal wonten Mushola Tarbiyatul Adfal
kangge acara rutinan Muslimat NU Ranting Klapasawit, kanthi sehat wal 'afiat mboten
wonten aral menopo ke mawon.
Sholawat soho salam tansah kito aturaken dateng junjungan kito, Nabi Agung Muhammad
SAW ingkang tansah kito antu-antu syafa’atipun wonten donyo hattal akhiroh.

Sak derengipun acara kito wiwiti, keparengo kawulo minangkani pranotoadicoro bade maosaken
runtuting acara ingkang bade kalampah meniko.

- Acara ingkang sepindah, pembukaan


- Acara ingkang kaping kalih, Menyanyikan lagu Indonesia Raya, Mars muslimat,
Hymne Muslimat, Yalalwaton
- Acara ingkang kaping tigo, Prakata Panitia
- Acara ingkang kaping sekawan, sambutan sambutan
- Acara ingkang kaping gangsal, Istirahat
- Acara ingkang kaping enem, Bacaan ayat suci Al’Qur’an
- Acara ingkang kaping pitu, Pengajian
- Acara ingkang kaping wolu, penutup

1. Adicoro ingkang sepindah inggih meniko pembukaan, monggo kito buka sareng-
sareng kanti wahosan basmallah …
Mugi kanthi wahosan Basmallah meniko saget dadosaken lancaripun adicoro ing sak meniko.
2. Adicoro ingkang kaping kalih meniko Menyanyikan lagu Indonesia Raya, Mars
muslimat, Hymne Muslimat, Yalalwaton. Dumateng grup paduan suara kulo aturi
mempersiapkan diri. / - Menyanyiakn lagu Indonesia raya, poro hadirin kulo aturi
jumeneng. / Poro hadirin kulo aturi lenggah malih.
3. Adicoro ingkang kaping tigo inggih meniko prakata panitia, Dumateng Ibu
Muntiamah wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

4. Adicoro ingkang kaping sekawan inggih meniko sambutan sambutan

a. Sambutan ingkang kaping setunggal saking Ketua Pimpinan Ranting Muslimat


Ibu ……………………….. dumateng panjenenganipun wedal soho panggenan
kulo sumanggaaken. / Matursembahnuwun kulo aturaken
b. Sambutan ingkang kaping kalih saking Penasihat Muslimat …………………….
dumateng panjenenganipun wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
c. Sambutan Kaping tigo saking Kepala Desa Bapak H. Mochamad Hasyim
dumateng panjenenganipun wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
5. Adicoro ingkang kaping gangsal inggih meniko Istirahat
6. Adicoro ingkang kaping enem inggih meniko bacaan Ayat Suci Al’Quran, Dumateng
Ibu Siti Solikhah wekdal soho panggenan kulo sumonggoaken.
7. Adicoro ingkang kaping pitu inggih meniko tausyiah saking Ibu Nyai Zakiyah …
………. Saking Desa Buluspesantren, dumateng panjenenganipun wedal soho
panggenan kulo sumanggaaken.
8. Adicoro ingkang kaping wolu inggih meniko Penutup dilajengaken Doa, dumateng
panjenenganipun wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.

Cekap semanter saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang dumateng penggaleh
panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.
Wassalamualikum wr.wb.

Anda mungkin juga menyukai