Anda di halaman 1dari 6

PENGAJIAN

SELAPANAN AHAD PAHING


Assalamualaikum Wr. Wb.

Penghormatan
Dumateng pangarsanipun poro Alim Ulama, poro Bp Kyai soho Ibu Nyai, poro Ustadz
dalah Ustadzah. ingkang kawulo ta’dzimi.
Wabil khusus Panjenenganipun Al Mukarom Bp. K.H. …………. sangking …….. ingkang
kito tenggo-tenggo maidzotul hasanah soho do’anipun, ugi kawulo mulyaaken.
Panjenenganipun Al Mukarromiin Simbah Ky. Muhibin, Simbah Ky. Mukholil, Bp. Ky.
Ahmadi, Bp. Ky. Mundir ma’ruf, Miwah poro Kyai sanesipun ingkang boten saget kawulo
sebat asmo setunggalipun ingkang tansah kawulo ta’dzimi soho kawulo dereaken.
Dumateng panjenenganipun Pangemban pangembatingprajan Bp. Kepala Desa Jogomulyo,
Bp. Kepala Dusun Kebonagung Kulon, Bapak Rw, soho Bapak-bapak Rt ingkang
kinurmatan.
Kagem pangarsanipun poro pini sepuh sesepuh ahli pengaosan kakung miwah putri ingkang
dahat kinabekten.
Hadirin wal hadirot, muslimin wal muslimat Rohimakumullah
Boten kasupun dumateng sedoyo Panitia, Karang Taruna Surya Muda Karya soho grub
Rebana Nurissauqi ingkang kawulo tresnani ugi kawulo bangaaken.
Syukur
Langkung rumiyen monggo kito tansah muji syukur dateng Allah SWT. ingkang sampun
maringi pinten-pinten kenikmatan Rohmat, Taufiq, Hidayah sarto Innayahipun, sehinggo ing
wekdal meniko kito saget magempal manunggal kanti mboten manggagihi alangan satunggal
punopo.
pramilo syukur kito ikroraken kanti waosan tahmid…..

Sholawat
Sholawat sarto salamipun Allah mugi mugi katetepaken dumateng Baginda Nabi Agung
Muhammad SAW. Alladzi turja safa atuhu, kanti harapan doa mugio kito sedoyo pikantuk
syafa’atipun fiddini waddunnya wal akhiroh, Aamiin

Runtutan Acara
Poro rawuh ingkang kawulo mulyaaken, kapareng kawulo matur minongko pranata adicoro
wonteng ing adicara Pengaosan Selapanan Ahad Wage NU Ranting Desa Jogomulyo rangkap
Adicara Pengaosan Selapanan Rutin Ahad Pahing Dusun Kebonagung Kilen, sakperlu
maosaken runtutipun adicara ingkang sakmangkeh bade kalampahaken.
Ingkang ongko setunggal Pembukaan kelajengaken
ingkang ongko kalih Waosan Ayat Suci Al Quran
adicoro ingkang ongko tigo Sambutan”
ingkang ongko sekawan Waosan Dzikir Tahlil
ingkang ongko gangsal Istirohat
Adicara ingkang parnipurno nuwun inggih Moidzotul Khasanah soho berkah Do’a nipun
sangking Panjenenganipun Al Mukarom Bp. K.H Mahsun Mahfud, M.Ag pengasuh PP Al
Falah Pakelsari Pakelan

Acara
Pramilo monggoh adicoro ingkang ongko 1 inggih puniko Pembukaan kito sareng sareng
bikang kanti waosan umul kitap, kawulo dereaken…..
Matur suwun mugi mugi kanti waosan umul kitap kolo wau dadosaken sababiah lancaripun
adicoro pengaosan ing saat piniko, aammin.
Adicoro ingkang ongko 2 nuwun inggih waosan ayat2 suci Al Qurannul Karim ingkang bade
kaaturaken panjenenganipun ……dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan
kawulo sumonggoaken.
Shodakaullahul a’dzim, dumateng …. kawulo aturaken agunging matur suwun.
Menggah adicara ingkang ongko 3 inggih puniko sambutan-sambutan.
Sambutan ingkang ongko 1, inggih punika sambutan prakata wakil panitia penyelenggara.
Ingkang saat punika badhe kaaturaken dumateng panjenenganipun Bapa …. . Dumateng
panjenenganipun wekdal saha panggenan kawula sumanggaaken.
Sambutan ingkang ongko 2, ingih punika sambutan saking tokoh masyarakat. Ingkang saat
punika badhe kaaturaken dumateng panjenenganipun Bapa …. . Dumateng
panjenenganipun wekdal saha panggenan kawula sumanggaaken. Dumateng
panjenenganipun Bapa … kula aturaken agunging matur suwun.
Para rawuh hadirin wal hadirot rohimakumullah, runtutipun titi laksana adicara ingkang
ongko 4 nuwun inggih waosan dzikir tahlil. Minangka rois kawula suwunaken dhumateng
panjenenganipun Bapak ….. ananging sakderengipun waosan dzikir tahlil dipun wiwiti
badhe kawaosaken pinten-pinten arwah ahli kubur panjenenganipun sedoyo ingkang
sampun kaaturaken dhumateng panitia. Pramila dhumateng ingkang petugas kawulo
sumanggaaken.
Adicara ingkang ongko 5, inggih punika istirahat. Dhumateng panjenenganipun grub
rebana nurul sauqi kawula sumanggakaken dipun iringi.
Para rawuh hadirin wal hadirot ahli pangaosan ingkan kawula mulyaaken, minggah
adicara ingkang paripurna inggih punika maidzatul khasanah saha barokah doanipun
saking panjenenganipun Al Mukarom Bp. K.H. Mahsun Mahfud, M.Ag. sangking Pakel
Sari, Pakelan.
Ananging sakderengipun mbok bilih anggen kawula dherekaken lampahipun adicara
pengaosan sanking awal ngantos dumugi akhir kathah kekhilafan saha kalepatan kawula
pribadi nyuwun agunging pangapunten. Dhumateng panjenenganipun Al Mukarom Bp.
K.H. Mahsun Mahfud, M.Ag. sangking Pakel Sari, Pakelan wekdal saha panggenan kula
sumanggaaken.

Penutup
Kawula akhiri Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq
Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai