Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr.

wb

Dumateng almukarom rama kyai H.Muhammadun Raden Jundi, dumateng


panjenenganipun rama kyai Khawarizmy, rama kyai H.Muhammad Dzilqon, kyai khadzikin
lan sedaya dumateng para kyai lan ustadz ingkang mboten saged kawulo sebat setunggal-
setunggal sedaya ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT.
Para Bapak para Ibu hadirin sedaya ingkang kawulo hormati! Sakderengipun kawulo
ngaturaken napa ingkang dados tugas kawulo, langkung rumiyin kawulo muji syukur
Alhamdulillah dateng Allah SWT. Ingkang sampun naqdiraken kulo lan panjenengan sedaya
saged pepanggihan wonten ing puniko majlis kanthi keadaan sehat wal afiyat mugi-mugi
nikmat ingkang kados mekaten dipun langsungaken ila yaumil qiamah, Amin.
Para Bapak para Ibu hadirin sedaya ingkang kawulo hormati! Wonten ing mriki
kawulo kapatah sebagai pembawa acara wontenipun peringatan maulid Nabi Muhammad
SAW. Ingkang dipun wontenaken dening sedaya masyarakat masjid Nurul Falah
Kedungwuni. Langsung mawon kawulo wahosaken susunan acaranipun
Acara ingkang nmr 1 pembukaan
Acara ingkang nmr 2 pembacaan ayat suci Al-Qur'an lan sholawat nabi
Acara ingkang nmr 3 sambutan-sambutan
Acara ingkang nmr 4 istirahat
Acara ingkang nmr 5 maidhatul khasanah
Acara ingkang terakhir doa penutup
Para rawuh! Mekatenlah susunan acara ingkang bade kelaksanakaken wonten ing saat
meniko. Lan monggo acara nmr setunggal kito buka kanti wahosan umul qur'an.
Liridholillahi wali syafa’atirosulillah Al-Fatihah............... mugi-mugi acara ing ndalu meniko
kalampah kanthi lancar lan sae mboten wonten hambatan setunggal punopo.
Acara ingkang kaping kalih wahosan ayat suci Al-Qur'an lan sholawat nabi ingkang
bade dipun wahos dening ustadz Mikroj Rokju , dumateng ustadz Mikroj Rokju dipun
sumanggaaken............. mugi-mugi kanthi wahosan ayat-ayat suci Al-Qur’an puniko saged
nambahi takwa kita dhateng Allah SWT.
Acara ingkang kaping tigo inggih puniko sambutan-sambutan.
Sambutan kaping setunggal menika atas nama panitia. Dumateng Saudara Muhammad
Athoillah Kawulo sumanggaaken………………..
Sambutan ingkang kaping kalih Inggih punika atas nama pengasuh masjid Nurul Falah
ingkang dipun aturaken dening bapak muhammad Shoheh. Dhumateng panjenenganipun
Bapak Shoheh kawulo sumanggaaken………...
Acara ingkang kaping sekawan inggih puniko istirahat. Ingkang dipun isi dening grup
hadroh. Kawulo sumanggaaken.......
Hadirin hadirot ingkang minulya. Acara ingkang kaping gangsal inggih punika
mauidhoh khasanah. Wonten Ing dalu menika badhe dipun aturaken dening Rama KH
Ahmad Syafiq Saking Buaran Pekalongan. Dhumateng panjenenganipun Rama KH Ahmad
Syafiq kawulo sumangga’aken......................... Dhumateng panjenenganipun Rama KH
Ahmad Syafiq, kula haturaken agunging panuwun. Mugi-mugi kanthi mauidhoh khasanah
menika kita saged ngundhuh fatwa-fatwahipun. Amin.,,
Acara ingkang kaping enem inggih puniko doa penutup. Dhumateng rama kyai
khawarizmy kawulo sumanggaaken......
Para Bapak para Ibu hadirin ingkang kawulo hormati! Alhamdulillah Acara demi
acara sampun kalampah kanthi tertib lan lancar. Wonten ing mriki kito sebagai pembawa
acara awal ngantos akhir atas sedoyo kesalahan, kito nyuwun agungipun pangapunten.

Akhiru kalam
Wabillahi taufik wal hida yah , wa ridho wal inayah.

Wassalamu’alaikumWr.Wb

Anda mungkin juga menyukai