Anda di halaman 1dari 2

ssalamu’alaikum Wr.

wb
‫ و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين اما بعد‬#‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين و الصالة والسالم على اشرف االنبياء‬

Khadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, poro kyai, poro haji hajjah, poro ustadz ustadzah
Ingkang kawulo hormati, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH. Saiful Anwar saking
Harjowinangun Tersono ingkang kito mulyaaken lan kito tenggo2 punopo ingkang dados fatwa soho
nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak Abdul Manan selaku Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok
beserta banom-banomnya, GP. Ansor, Muslimat Fatayat, Rekan-rekanita IPNU-IPPNU Ranting Desa
Tembok ingkang kawulo hormati.

Dumetang penjenenganipun Bapak H. Maryoso, S.Pd selaku kepala Desa Tembok beserta perangkatnya
ingkang kito hormati.

Hadirin-hadiro Rohimakumullah.

Sepindah monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun maringi pinten2
kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam, sehinggo kito taseh saget
bertatap muka, bermuwajahah, bersilaturrakhim dalam kegiatan Selapanan Rutin Rebo Manisan NU
Ranting Desa Tembok ingkang mboten wonten alangan setunggal punopo, kanti ngucap
Alhamdulillahirobbil alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur deneng Nabi Agung Nabi Muhammad SAW, mugi2
kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat ingkang angsal syafaatipun,
Amin2 ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah
Sak derengipun acara kito bukak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken acara2 ingkang bade
kalampah meniko.

Acara ingkang sepindah, pembukaan


Acara ingkang kaping kalih, waosan ayat-ayat suci al qur’an
Acara ingkang kaping tigo, prakata panitia
Acara ingkang kaping sekawan, sambutan-sambutan
Acara ingkang kaping gangsal, istirahat
Acara ingkang kaping enem, mauidloh khasanah sekaligus do’a
Acara ingkang kaping pitu-penutup.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Kitab.


‫لرضا هللا تعالى ولشفاعة رسول هللا صلى هللا عليه وسلم‬

Matur nuwun, mugi-2 kanthi waosan meniko, saget dadosaken lancaripun acara meniko, amin ya robbal
alaim.

Acara ingkang nomer kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang bade di waos deneng
Al Ustadz Ikrom, dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun. Mugi2 saget mempertebal iman lan taqwa
dumateng Allah SWT.

Acara ingkang nomor tigo, inggih meniko prakata panitia, ingkang bade dipun sampeaken deneng ..........
dumateng penjenenganipun kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Acara ingkang selajengipun, sambutan-sambutan

Sambutan ingkang sepindah, saking Ketua Tanfidziyah NU Ranting Desa Tembok, Dumateng
Penjenenganipun Bapak Abdul Manan kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo sampeaken.

Sambutan ingkang nomer kaleh, saking Kepala Desa Tembok, Dumateng Panjenenganipun Bapak H.
Maryoso, S.Pd kawulo summanggaaken.
Matur nuwun kawulo aturaken.

Acara selajengipun, inggih meniko istirahat,


Kangge ngisi wekdal istirahat, dumateng grup rebana Cagar Seno
Istirahat kawulo cekapaken.

Acara ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah, ingkang bade dipun asto deneng AlMukarom
KH. Saiful Anwar saking Harjowinangun Tersono. Dumateng penjenengaipun wekdal sepepnuhnya
kawulo summanggaaken.

Maturnuwun kawulo aturaken, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken meniko, saget bermanfaat.
Saking kawulo minangkani pranotocoro, sedoyo kekhilafan lan kesalahan kawulo nyuwun agunging
pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq Iaa Aqwamith Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai