Anda di halaman 1dari 1

Halal Bihalal Bahasa Jawa (Pranatacara)

Assalamu'alaikum Wr. Wb.


‫ٍ حوحعحلىَ آلههه حوأح ص‬،‫ف حرهحصيمم‬
‫صححاَبههه‬ ‫ٍ حسييهدحنَااَ حوحمصولحنَااَ ح ؤمححمممد حرؤؤصو م‬،‫صلحةؤ حوالمسلحؤم حعحلىَ حرؤسصولههه اصلحكهرصيهم‬ ‫ٍ حوال م‬،‫ش اصلحعهظصيهم‬
‫ب اصلحعصر ه‬
‫اصلححصمؤد له حر ي‬
‫ أحمماَ بحصعؤد‬.‫صاَ لهحوصجهه اصلحكهرصيهم‬ ‫المهذصيحن بححذؤلوا نَاؤفؤصوحسهؤصم حوأحصمحوالحهؤصم حخاَله ص‬.

Ingkang kawulo hormati (...........)


Ingkang kawulo hormati tokoh masyarakat
Bapak Ibu hadirin sedoyo ingkang kinurmatan

Langkung rumiyin, monggo sesarengan ngunjukaken raos syukur dumateng Allah SWT ingkang
sampun maringi katah kenikmatan dumateng kito, sehinggo kito saget angrawuhi pengajian
dalam rangka halal bihalal wonten mriki kanti mboten wonten alangan punopo-punopo.

Sholawat soho salam, mugiyo kahatur dumateng kanjeng nabi Muhammad SAW ingkang kito
sedoyo tenggo pitulung syafaatipun benjang wonten ing dinten akhir, lan kito sedoyo mugi
diakui sebagai umat beliau lan pikantuk syafaatipun. Amin.

Hadirin ingkang kinurmatan

Keparengo kawulo matur ing mriki, sebagai pembagi wekdal utawi bertugas sebagai pranatacara
wonten acara peringatan halal bihalal puniko. Menawi ningali wekdal sampun anyekapi pramilo
langsung mawon kawulo waosaken susuna acara ingkang bade kaampah wonten ing saat ndalu
puniko.

1. Acara ingakang sepindah, inggih puniko pembikaan


2. Acara ingkang ongko kalih, inggih puniko waosan ayat suci Al Qur'an lan sholawat nabi
3. Acara ingkang ongko tigo inggih puniko sambutan saking ketua panitia halal bihalal
4. Acara ingkang ongko sekawan inggih puniko sambutan saking takmir masjid (..........)
5. Acara ingkang ongko gangsal inggih puniko mauidhoh hasanah
6. Acara ingkang terakhir inggih puniko waosan do'a penutup

Menikolah susunan acara ingkang bade kalampah ing saat ndalu puniko, mugi-mugi acara saget
berjalan kanti lancar lan pikantuk ridho saking Allah SWT.

Hadirin ingkang kinurmatan

Wiwit awal dumugi akhir, kawulo nyuwun agungipun pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Anda mungkin juga menyukai