Anda di halaman 1dari 2

Tanggap Wacana Upacara Mitoni - Sesorah (pidato bahasa Jawa)

Mahardhikeng tyas ring kamardhikan


Nuwun
Dhumateng para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinurmatan,
Dhumateng pamangku gati ingkang kula urmati,
Dhumateng para tamu undangan ingkang minulya.
Langkung rumiyin sumangga kula lan penjenengan sedaya ngaturaken raos syukur
dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi ingkang sampun maringi kasarasan
sarta kalodhangan, saengga kita saged anjenengi acara ing wekdal menika inggih acara
tingkepan utawi mitoni garwanipun bapak Zainul Maarif kanthi boten wonten alangan
menapa-menapa. Mugi-mugi kemawon ing dalem kekempalan kita dinten samenika wonten
manfaatipun. Amin.
Para rawuh ingkang kula urmati.
Panjenengan sedaya kaaturan rawuh ing wekdal menika, inggih boten sanes amargi raos
syukuripun bapak Zainul Maarif dhumateng ngarsanipun Gusti, amargi sadangu mangun
bale wisma sampun ngajeng-ajeng momongan utawi putra ing dalem kulawarganipun.
Samenika pangajeng-ajeng menika sampun kalampah kanthi tetenger mbobotipun
garwanipun ingkang sampun ngancik pitung sasi. Pramila saking menika Bapak Zainul
Maarif sakulawarga nyuwun donga pangestunipun saking para rawuh, supados jabang bayi
ingkang taksih wonten madaran menika pinaringan selamet, semanten ugi ibunipun. Lan
mugi-mugi anggenipun lair dipunparingi gancar, lancar, sarta selamet kekalihipun.
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Mugia kita sedaya dados tiyang ingkang estu-estu ngabekti dhumateng tiyang sepuh kalih.
Semanten ugi, mugi-mugi Bapak Zainul Maarif sakulawarga benjang dipunparingi putra
ingkang tansah ngabekti marang tiyang sepuhipun, migunani tumrap nusa, bangsa sarta
agami. Amin. Cekap semanten saking kawula, minangka panutuping atur,
Nuwun
http://gema-budaya.blogspot.com/2013/03/tanggap-wacana-upacara-mitonisesorah.html

CONTOH SESORAH/PIDATO BAHASA JAWA [ACARA


KEMERDEKAAN]
Assalamualaikum wr. wb.
Bapak Kepala Dhukuh ingkang tuhu kinurmatan.

Bapak Ketua RW ingkang kinurmatan


Bapak Ketua RT ingkang kinurmatan
Para Rawuh ingkang minulya.
Puja puji pangalembana syukur kunjuk dumateng Allah SWT. ingkang
tansah maringaken rokhmat lan hidayahipun, Satemah kula lan panjenengan
saget kempal manunggal wonten ing adicara HUT RI Inkang kaping 69 kanthi
kawilujengan lan kabagas warasan.
Para Rawuh ingkang minulya,
Menawi kita emut dhateng perjuangan para pahlawan tahun 1945, bilih
semangat pertempuran kados geni ingkang makantar-kantar, kados nyawiji
dhateng jiwa para pahlawan, ingkang sampun berjuang mbebasaken
Indonesia saking Para Penjajah.
Sumangga kita gesangaken jiwa lan semangat perjuangan, kanthi
mujudaken jiwa pembangunan ingkang tangguh.
Kemakmuran adedasar keadilan lan ketuhanan ingkang maha tunggal,
dereng kasembadan. Kanthi menika tasih kathah ingkang kedah kita
perjuangaken. Kamardikan minangka warisan para pahlawan kita menika,
kedahipun kita isi kanthi jiwa pembangunan tanpa mentingaken kepentingan
pribadi.
Jiwa lan semangat 45, inggih menika, jiwa lan semangat kebersamaan. Jiwa
ingkang langkung nengenaken kepentingan sesarengan, tinimbang
kepentingan pribadi. Kanthi menika, kita kedah ningkataken raos solidaritas
berbangsa lan bernegara. Tumbuhkan terus semangat kebersamaan nalika
mujudaken cita-cita kamardikan.
Insyaallah gegayuhan bangsa Indonesia mujudaken kawontenan
masyarakat ingkang adil lan makmur, adidasar pancasila lan UUD 45 saget
kasembadan kanthi nuwuhaken semangat persatuan lan kesatuan Indonesia.
Amin, amin, yaa robbal alamin
Para Rawuh ingkang minulya,
Mekaten atur kula, minangka Ketua Panitia. Menawi kathah kalepatan ing basa
lan subasita, kula nyuwun agunging pangaksama. Nuwun
Wassalamualaikum wr. wb.
http://naufalpoenja.blogspot.com/2014/03/contoh-sesorahpidato-bahasa-jawaacara.html

Anda mungkin juga menyukai