Anda di halaman 1dari 2

BISMILLAHIRROHMAANIRROHIIM

ASSALAMUALAIKUM Wr. Wb.

Khadrotil muhtaromin poro Alim poro Ulama’ poro pejuang Alloh ingkang tansah kito tenggo

punopo ingkang dados fatwa soho do’a ipun.,

Khusus wabil khusus Dhumateng Guru kulo soho panjenengamn sami, tiang sepuh kulo soho

panjenengan sami nuninggih Al-mukarrom Al-marhum Bpk Kyai Joko Nur Ichsan dalah Ibu Sri

handini mugi mugi tansah dipun suksesaken punopo ingkang dados program – program

perjuanganipun, tansah dipun maqomaken wonten maqomul a’la nuninggih maqoman

mahmudah Amiin Allohumma Amiin.

Dhumateng Guru kulo soho panjenengamn sami, tiang sepuh kulo soho panjenengan sami

nuninggih Al-mukarrom Bpk Kyai Muhammad Nur Huda dalah Ibu Sekeluargi mugi-mugi ugi

tansah dipun suksesaken punopo ingkang dados program – program perjuanganipun,tansah dipun

tingkat taken iman taqwanipun ugi tansah dipun tambah kesabaranipun anggen didik kulo soho

panjenengan sami amiin Allohumma Amiin.

Dhumateng poro Bpk soho ibuk hadirin wal hadirot ingkang tansah dipun mulya aken deneng

Alloh SWT ugi ingkang tansah kawulo hormati.

Wonteng kalenggahan pengaosan ndalu ingkang kebak rahmat soho berkahipun Alloh SWT

Puniko sumonggo kito tansah mujodaken raos syukur kito dhumateng Alloh SWT ingkang

sampun paring pinten pinten kenikmatan nipun dhumateng kito sedoyo, sehinggo detik lan saat

puniko kito saget makempal wonten majlis ingkang barokah puniko kanti raos sehat wal’afiat

mbten wonten alangan setunggal punopo punopo, pramilo sumonggo kito ikroraken raos syukur

puniko kanti waosan khamdalah ALKHAMDULILLAHIROBBIL’ALAMIIN.

Sholawat lan salam mugi tansah katur kunjok dhumateng Nabi ‘alam nabi Agung Nabi

Akhiruzzaman nuninggih Nabi Muhammad SAW. Nabi ingkang dados syuri tauladan kito

sedoyo,Nabi ingkang berkat jasa nipun kito ngertos tuntunan gesang ingkang leres nuninggih

agami islam. Mugi mugi kito sedoyo tansah pikantok syafaatipun Alloh Syafaatipun Rosululloh

wiwit dunyo ngantos dumugining Akhiorot Amin Allohumma amiin.


Hadirin wal hadirot Bpak bpak soho ibuk ibuk ingkang tansah kawulo hurmati.

Ingriki kawulo minangkani sesulih wakil saking shohibul bait,.sepindah shohibul bait ngaturaken

ahlan wasahlan bihudhurikum sugeng rawuh sugeng pinarak wonten panggenan ingkang sampun

dipun sediaaken.

ingkang ongko kaleh shohibul bait nagturaken matursuwun awit saking rawuh panjenengan sami

dene shohibul bait mboten kuwowo bales punopo punopo mugi Alloh SWT. Tansah maringi

rahmat soho berkahipun dumateng kulo soho panjenengan sami amin Allahumma amiin.

Ingkang ongko tigo shohibul bait ngaturaken gunging pangaksami ingkang sak katah katahipun

mboten saget pareng palenggahan ingkang mewah inggeh hanamung mekaten kawontenanipun

ugi mobten saget pareng pasugoto ingkang sarwi miraos inggeh hanamung sakmurwatipun mugi

bab kekeringan kolo wau mbten ngirangi niat soho i’tiqod kulo panjenengan sami wonten

pengaosan ndalu puniko. Amin Allohumma Amin.

Hadirin wal hadirot bapak bapak soho ibuk ibuk ingkang tansah dipun mulya aken deneng Aloh

SWT.

Mekaten ingkang saget kawulo haturaken saking kawulo mbok bileh wonten klenta klentuning

atur nyuwun gunging samudro pangaksami. Akhirul kalam Wassaamualaikum.. Wr. Wb

Anda mungkin juga menyukai