Anda di halaman 1dari 3

WACANA AUR PURWAKA PAHARGYAN

PENGETAN ISRO’ LAN MI’ROJ

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,


Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu,
wana’uudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina,
may yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah,
asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu
anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Lain syakartum laa azi
danakum walain kafartum inna ngadha bi lasadid. Inna sholata
tanhar nganil fa’sa i wal mungkara
Amma ba’d.
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinuladha dening para
ummat, langkung-langkung wabil khusus dhumateng panjenenganipun
almukarrom………………………….
1. Ky Sohibul Fadilah dari Pangandaran Ciamis Jawa Barat
2. KH. Muhzidin
3. KH Abdurrohman
4. KH Munthaha Faturrohman
5. Ky Ahmad Mudzakir Ketua LPI
6. Ky Sujangi, Ky Slamet Nurzaeni (ketua Ta’mir Masjid Babussalam, H suyud
7. Kepala kelurahan Bumireja beserta perangkatnya
8. Ketua rw, rt
9. Orang tua wali santri Khotmil Qur;an
10. Dewan asatid, ustad, ustazah
11. Tamu undangan, kaum muslimin mslimat rohimakumullah

Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten rahimakumullah;


Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula
ingkang pantes sinudarsana;
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat
rakhimakumullah.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng
ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan
dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan
Islam. Innalhamda lillaah.
Kathah peparingipun Alloh dhateng kita, bebasan tanpa wicalan, yektos dhawuh
pangandikanipun Rosululloh saw. bilih paringanipun ni’mat Alloh dhateng kita, menawi
kaserat ngangge gagangipun ron ing sajagat, minangka pen, toyo saganten minangka
mangsinipun, gagang lan toyo sampun asat lan telas , nikmatipun Alloh dereng paja-paja
kalong.

Mila mangga paring nikmat punika kita syukuri, kita ginaaken kangge ngluhuraken asmaning
Alloh.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita nabi agung Muhammad SAW,
para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir
mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun.
Kula atas namining Panitya Pangetan Isra’ lan mi’raj serta tasyakuran khotmil qur’an
ngaturaken agunging panuwun dhateng sedaya dene sampun kersa rawuh mirengaken
andharan (mau’idhoh khasanah) isra’ mi’raj nabi Muhammad saw ingkang badhe
kaperingaken dening almukarom Ky Shohibul Fadilah saking Pangandaran Ciamis Jawa
Barat

Dumateng panjenengan sedaya, sanak kadang tangga tepalih dene sampun kepareng rawuh
sarta paring sodaqoh awujud punopo kemawon saking warga rt1, rt 2, rt5, rt 6 rw 4 gunung
mujil sarto rt1 rw 5 wonoyoso ugi orang tua wali santri khotmil qur’an

Ingkang sadaya wau adamel entheng sangganing panitya (phbi) saestu bebantu panjenengan
sadaya sanget ageng dayanipun. mugi-mugi dedono arupi (unjukan, snek, dedaharan arto)
ingkang panjenengan paringaken kanthi raos eklas punika tumanja ngamal sae panjenengan
lan kaparingan piwales ingkang matikel-tikel dening Alloh piyambak, samurwat kaliyan
peparing panjenengan.

Pemuda pemudi, para remaja ingkang sampun sak yeg saeko projo cancut tali wondo
kebersamaan kerjasama yang sangat baik dengan terselenggarana pelaksanaan Isra’ Mi’raj
lan tasyakuran khotmil Qur’an,

Para rawuh kedhadosan Isra’ Mi’raj punika kedadosan ingkang sakalangkung ngedab-edabi,
mila saged dados pendadaran (ujianipun) iman kita. Mila mangga andharan lan wucalan
mangke kita pirengaken kanthi saestu, kita raosaken, kita pitados lan wusananipun kita
amalaken kanti mantep lan setiti.

Dumateng anak kawula peserta khotmil qur’an :

Ing panyuwun mugi-mugi dados lare ingkang sholeh, sholekhah, bekti dumateng tiang sepah
kekalih, tansah, nyembah, manungku saha remen ngibadah dateng Alloh swt. Amein

Sedaya kala wau ingkang kula aturaken babagan papan pelenggahan, suguhan, unjukan saha
daharan (menawi wonten) tasih kirang mranani panjenengan, pramila nyuwun pangapunten
sedaya kekiranganipun.

Mugi-mugi pengetan lan andharan mangke saged ndayani saenipun masyarakat ing gunung
mujil bumireja sekitaripun. Akhirupun kulo ugi matur nuwun dhateng almukarom sampun
kersa keraya raya rawuh perlu jihad ing agamining Alloh, dados jariyah celengan
panjenengan.

Samanten atur pambuka kula, wonten kelepatan kula mugi keparenga sami paring
pangapunten.

Wassalamu’alaikum wr.wb.,
Rangkaian acara sebelum isra’ mi’raj dan khotmil Qur’an :

Arak arakah santri khotmil Qur’an hari Rabu, 4 Juni 2013 dari pukul 13.30 sampai selesai
diikuti semua santri Al Badar didukung Marhing Band (drumband) dari Mi Maarif Jatimulyo
Alian. Becak , sepeda, sepeda motor dan mobil foreder dari POLRES Kebumen

Dimeriahkah kesenian hudrock dari Jabres Suweng rabu malam kamis mulai pukul 21.00 wib

Banyak jalan mencapai syurga :

1. Hindari syirik/musrik
2. Mendirikan sholat
3. Menjalin silaturahmi
4. Perbanyak infaq, shodaqoh, zakat
5. Puasa di bulan ramadhan

Anda mungkin juga menyukai