Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Hadrotalkirom wal mukhtaromin, poro alim ulama sepuh pinisepuh, asatidz


asatidzah ,poro nyai ingkang tansah kaulo dereaken fatwa ugi nasehat pitutur saenipun.
Wabil khusus dumateng IBU NYAI AFIYAH DARI MEDURI ingkang kawulo tenggo2
barokah ilmunipun,
Ingkang kawulo hormati
● Ibu Ustadzah Miskaromah Selaku Pimpinan Cabang Umri Kota Pekalongan
● Soho dumateng Ibu Nyai Hj. Ianatun, Ibu Nyai Aminah, Ibu Ustadzah Jazila.
● lan dumateng ibu nyai ibu nyai lintunipun ingkang mboten saget kaulo sebat
asmanipun setunggal setunggal, ananging mboten ngirangi raos takdzim kulo
dumateng panjenenganipun ingkang kauolo mulyaaken
Dumateng imam mushola lan pengurus mushola uswatun khasanah ingkang kaulo
hormati, soho dumateng ibu-ibu lan para tamu undangan ingkang kauolo hormati ugi lan
mboten ketilaran ugi rencang-rencang himmah ingkang kaulo tresnani.
Al awwal. Syukron hamdalillah tansah muji wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang
sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan ingkang arupi nikmat iman,nikmat islam,
inayah serta hidayahipun sehingga kito sedoyo saget makempal, bertatap muka wonten ing
pengaosan rutin manisan puniko ingkang alhamdulillah mboten wonten halangan setunggal
punopo2 Aamiin YRA.
Atsani. Allahumma sholli ala sayyidina Muhammad waala ali sayyidina Muhammad
sholawat soho salam mugio tansah kalimpah dumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW ingkang kito ajeng2 syafaatipun mbenjang wonten ing yaumil qiyamah
aamiin YRA
Para rawuh sedoyo ingkang kaulo hormati, jumenenge kaulo ten mriki aminangkani
mewakil saking panitia sepindah ngaturaken “AHLAN WA SAHLAN BI KHUDURIKUM”
Sugeng rawoh sedoyo para ibu-ibu, mbak-mbak lan keluarga besar UMMAHATUR
RIFAIYAH ingkang sampun kerso ngluangaken wekdalipun semangat dugi mriki demi
angrawuhi acara pengajian rutin manisan ten rantin mbenteh kelurahan kali baros pekalongan
timur. Mugio niat sae tindak lampahe panjenengan lan lelenggahane panjenengan sedoyo
wonten mriki tercatat amalan ingkang sae mugio angsal pahala ridhonipun saking Allah
SWT, Aamin YRA
Ingkang kaping kalihipun saking panitia ugi ngaturaken matur nuwun… sanget dumateng
panjenengan sedoyo khususipun dumateng para UMRI lan HIMMAH Mushola Uswatun
Khasanah mriki ingkang sampun purun bergotong royong mbiyantu kelawan moral utawi
material lan lintu-lintunipun sehingga pengaosan ing siang puniko saget kelampah kanti
lancar , saking panitia mboten saget ambalas punopo-punopo ananging sagete ndongakake
“Jazaakumullah Akhsanaljaza, Jazaakumullah Khoiron Katsiron Fiddaroini Aamiin”
Selajengipun saking panitia nyuwun agunge pangapunten mbok menaawi anggene panitia
nyediaake papan panggenan ugi pasogatan kirang nyekecakaken dateng manah panjenengan
sami saestu saking panitia nyuwun agunge pangapunten, panitia sampun berusaha
semaksimal mungkin ananging kawontenanipun mekaten. Dingapunten nggih bu….
(Maturnuwun). Mugi-mugi acara menika saget mempererat tali silaturahim, ukhwah
Islamiyah kito sedaya lan saget nambahi taqorrub kito dumateng Allah SWT lan nambahi
Mahabbah kito dumateng Rasulullah SAW Aamiin Aamiin YRA
Kirane cekap semanten atur kawulo, lan kawulo atas nama pribadi nyuwun agunge
pangapunten mbok bileh wonten klenta klintunipun tembung kaulo kirang pas lan kirang
sopan kulo nyuwun agunge pengaksami. Akhirulkalam Wallahulmuwafiq Ila Aqwamitthoriq
Tsummasalam Wassalamualaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai