Anda di halaman 1dari 3

Assalamu’alaikum wr wb

Wonten ngersanipun poro ‘alim, poro kyai soho ibu nyai poro ustadz lan
ustadzah ingkang tansah kawulo mulyaaken, dumateng poro sepuh pinisepuh
ingkang kawulo mulyaaken

Dumateng bapak kepala desa sangubanyu dalah sak andapipun ingkang kawulo
mulyaaken

Dumateng ketua ranting NU, muslimat, fatayat,ansor banser,ipnu ippnu ingkang


kawulo mulyaaken.

dumateng bapak Drs. Kh sirojudin munir, bapak Kh.syaifidin munif. Bapak


Kh.fathan nur. bapak Kh.yusuf Ahmadi lan sedoyo keluarga besar bani maqsudi.
Ingkang kulo mulyaaken, ugi ingkang kito sedoyo cadong cadong barokahipin.

Wabil khusus dumateng romo kyai kh. Daniel royan sakeng Kendal ingkang kito
sedoyo tenggo tenggo mauidzoh hasanahipun. Ingkang kawulo mulyaaken

Wabil khusus dumateng romo kyai SU”UDI lan kyai LUQMAN HAKIM selaku
pengasuh pondok pesantren putri “ nashrul huda “ soho keluarga ndalem
ingkang dipun mulyaaaken dening Allah SWT.

Sedoyo poro kyai, asatidz asatidzah pondok pesantren putra puti “ NASHRUL
HUDA " soho sedoyo kelurga besar ponpes nashrul huda ingkang kawulo
mulyaaken.
Sedoyo wali santri pondok pesantren nasrul huda , lan poro tamu undangan ,
soho poro hadirin wal hadirot rohimakumulloh . aamiin.

Ingkang wiwitan monggo sareng sareng, kito ngaturaken raos puja puji
syukur wonten ngersanipun Alloh SWT, ingkang sampun maringi
nikmatipun,hidayahipun,taufiqipun dumateng kito sedoyo ,sehinggo kito sedoyo
saget nderek hurmat wonten adicoro WISUDA KHOTMIL QUR’AN KE 30 lan
haulipun simbah KH. MAQSUDI KE 32. Kanthi ucapan alhamdulillahirobbil
‘alamin.

Sholawat ma’assalam kito aturaken dumateng junjungan kito nabi agung


Muhammad SAW, kelurago soho poro sahabat sahabatipun, lan mugio kiti
sedoyo angsal syafa’at saking beliau awit wonten ing dunyo puniko langkung
langkung benjang wonten ing yaumal qiyamah. Kanthi washilah allohumma
sholli ‘Ala sayyidinaa Muhammad.

Poro rawuh ingkang minulyo

Lumantar kawulo Atas nama wali santri bade ngaturaken

- Kaping Sepindah ngucapaken agunging maturnuwun dumateng poro kyai


soho keluwargo ndalem , asatidz asatidzah ingkang sampun sabar
anggenipun ndidik putra putri kito sedoyo, sehinggo putra puti kito sedoyo
saget mekaten muniko. Sing sak jatosipun hal Pendidikan/ tarbiyah
meniko kewajibanipun kito sebagai tiyang sepuhipun. saestu kito sebagai
tiyang sepuh nopo wali santri mboten saget mbales kesaenanipun poro
kyai,asatidz lan asatidzah. Ananging donga, mugo gusti Allah mbales kanti
piwales ingkang langkung sae,
- Kaping kalih ngucapaken pangapuntenipun saking lare lare kito sedoyo,
tentunipun wonten mriki katah keluputanipun dumateng poro kyai
kelurga ndalem, asatidz asatidzah soho masyarakat mriki, awit saking
perbuatan maupun dedaharanipun, kulo suwun ikhlas lan ridlonipun.
- Kaping tigo, mugo mugo gusti Alloh ngridloi, mberkahi sedoyo muasis,
kyai, asatidz asatidzah soho keluwargo pondok pesantren nasrul huda
meniko.. aamiin.
sedoyo santri ingkang sampun ta’allum wonten mriki mugo mugo angsal
ilmu manfaat, manfaat kagem pribadinipun, manfaat kagem
keluwarganipun , manfaat kagem masyarakatipun amiin allohumma
aamiin.
Sedoyonipun mugio diparingi sehat bathin lan lahiripun hinggo akhiripun
dipun kumpulaken wonten swurgonipun Alloh subhanahu Wata’ala kanthi
rohmat lan ridlonipun aamiin ya robbal ‘aalamin.

Poro rawuh rohimakumulloh


Mekaten ingkang saget kawulo aturaken, sedoyo kekirangan lan kehilafan
nyuwun pangapuntenipun ingkang katah. Kawulo akhiri
Wallohul muwafiq ila aqwamit thoriq
Wassalamu’alaikum wr wb.

Anda mungkin juga menyukai