Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum wr wb

Alhamdulillahirobbil’alamin.  Wabihinastainala umuriddunya waddin. Wasalamu


ala asyrofil ambiya’i wal mursalin. Sayidina wa maulana muhammadin wa ala alihi
wasahbihi ajmain. Ama bakdu.

Ibu - ibu Jamaah yasin ingkang kula hormati.

Poro adirin Rokhima kumullah.

Langkung muriyin sumonggo kito sareng - sareng muji syukur dumateng ngarso
Allah SWT. Ingkang sampun paring pinten-pinten Rohmat, taufik sarto hidayah
dumateng kita sedoyo. Sahingga wonten ing wekdal siang punika kita saget
pepanggihan wonten ing dalemipun ibu................ Kanthi kawontenan sae,
wilujeng, sehat wal afiat mboten wonten alangan satunggal punopo. amiin.

Mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya estu-estu dipun catet kalian alloh SWT
dados amalan hasanah, fidini, wadunya wal akhirah. amin amin yarobal alamin.

Salajengipun sholawat ugi salam mugi kunjuk dumateng ngarsanipun junjungan


kita nabi Muhammad SAW ingkang sampun biqauli, allohuma soli ala
muhammad, ingkang sampun paring pitedh dumateng kula panjenengan arupi
dinul islam mugi-mugi sonten menika, ngantos akhir hayat kula panjenengan
sedaya tetep hanetepi agami islam lan benjang wonten ing yaumul khiyamah kula
lan panjengan sedaya dadoso umatipun Nabi Muhammad Rosululla SAW. Amin
yarobal alamin.

Ing sonten menika panjenengan ibu ........... pikantuk giliran pengaosan yasin,
mugi-mugi kanthi pengaosan yasin sedaya keluarganipun ibu........ pikantuk
barokah, sedaya keluarganipun dipun paringi kesehatan, keslametan, rejeki
ingkang barokah, punapa ingkang dados panyuwunanipun ibu.......tansah dipun
ijabahi deneng alloh SWT. Amin.
Lan ugi kagem ibu-ibu sedaya ingkang sampun rawuh ing sonten menika, mugi-
mugi tansah maringaken kesehatan, keslametan, pahala, lan ugi tansah diparingi
rezeki ingkang kathah lan barokah. Amin. 

Pramila saking waosan surat yasin ing sonten menika, sepindah kita idiyahaken
dumateng junjungan kita nabi agung muhammad SAW ingkang kaping kalih kita
idiyahaken dumateng keluarganipun ibu....... mbok bilih katah kentla kentu
anggenipun maos surat yasin saderek jamaah yasiin nyuwunaken agunging
pangaksami dumateng sepindah Alloh SWT kalihipun dumateng
keluarganipun......

Mbok bilih anggenipun caos papan panggenan, saha pasugatan namung sarwi
prasaja, lumantar kawula ibu......... nyuwunaken agunging samudra pangaksami
tanpo umpami.

Imam yasin ing sonten menika kula sumanggaaken dumateng ibu...... saryatin,
darmi, ginem, pani, dayah, yani, marini, harni, siswati, wanti, fitri, kasmi, ayuk, dll

Mekaten kalawau atur kawula, mbok bilih kathah keklentuan, kula nyuwun
pangapunten ingkang sak ageng-agengipun.

Bilahitaufik wal hidayah, wariddha wainayah wassalamualaikum warahmatullahi


wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai