Anda di halaman 1dari 2

PAMBAGYOHARJO

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Bismillahirrohmanirrohim
Para sepuh pinisepuh ingkan sampun bontosing salwiring kawruh.
Para alim ulama, para kyai, ustadz, ustadzah ingkang tansah nyanding agregem
angrungkebi kitab suci wahyuning illahi ingkang minongko pandam pandom kiblating
panembah mring gusti ingkang moho suci ingkang tansah kita dereki utaminipun
almukarom Bp. Kyai .................................................. ingkang tansah kita antu-antu
paningipun sabda pangandikanipun.

Para rawuh kakung putri jama’ah pengaosan ingkan kulo hormati langkung rumiyin
sumonggo sesarengan ngunjukaken raos syukur konjuk ngarso dalem Allah SWT
ingkang sampun paring rahmat, nikmat, taufik, hidayah saha inayahipun saengga wekdal
punika saget kempal manunggal kanti pinaringan sehat tan manggih rubeda agening
kesukuran menika mangga kita ikraraken kanti kalimat tahmit Alhamdulillah
hirobil’alamin.

Sholawat saha salamipun Allah mugi kunjuk ngayunan dalem junjungan kito. Kanjeng
nabi agung Muhammad SAW ingkang tansah kita antu-antu paringipun. Safaat saha
pitulunganipun wit alam donya ngantos ing yaumil kiamah.

Ing sak lajengipun kulo minongko sulihipun poro kadang krido darmo utawi panitia
pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Kepareng ngaturaken kasugengan. Rawuhipun
para tamu kakung putri, wreda muda minulyo. Saha ngaturaken agunging panuwun
ingkan tanpo upami awit lodanging wekdal saha kasdu ing karso hanjenengi
undanganipun panitia Pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Ing wekdal dalu punika.
Agenging manah tanpa pepindan dupi ningali ing madyaning sasono paratamu sampun
lenggah satoto, pepak sinarojo, hamung kewolo kaselip raos kuciwo awit. Sarawuh
panjenengan sami. Kulo mboten saget nyamektaaken palenggahan ingkang satraju kalian
kalenggahan panjenengan sami menopo dene ubarampening pepanggihan ingkang utami
kejawi nyuwun agunging samudro pangaksami.

Agenging panuwun ugi kulo aturaken dumateng sedoyo para kadang panitia ingkang
sampun nyamektaaken uba rampening pepanggihan ugi para masyarakat lingkungan
Krajan ingkang sampun sahabiproyo nyengkuyug ingkang awujud menopo kawalo, eguh,
pratikel, bau suku. Saha redono enggo pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW. Saget
kaleksanan kanti lestari widodo nir ing sambekala. Mugi-mugi sedoyo sih kadarman
ingkang tumanduk saking panjenengan sami tansah antuk lelintu ingkang linangkung
saking Allah subhana wa’ala. Poro tamu minulya sumonggo kaaturan sugeng lenggah
kanti mardiko sinambi angrantu pujering adicoro pengaosan pengetan Maulid Nabi
Muhammad SAW. Ingkang bade kawedar dening almukarom Bp. Kyai Haji HABIB
SOLEH saking tlatah Kaligesing, Purworejo. Pungkasaning atur kulo nglenggowo
purwomadyo kirang wijang wijiling ukara minggahing. Kirang subo sito miwah larasing
tata krami nyuwun agunging pangaksami.
Wabilahi taufik wal hidayah
wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Anda mungkin juga menyukai