Anda di halaman 1dari 3

PRANATA ADICARA Dening Karlina Assalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh Alkhamdulillahirobilalamin washolatu wassalamu ala asrofil ambyai warmursalin syaidina

muhammaddin waala alihi wasohbihi ajmain amabagdu. Karaharjan, katentreman sarta kabagyan paring dalem Alloh ingkang Maha Asih, mugi tansah kajiwa kasarira dening panjenenganipun para rawuh ingkang minulya. Matur nuwun, para pepundhen, sesepuh saha pinisepuh ingkang dhahat kinabekten. Para pangembating praja ingkang sinudarsana. Bapak-bapak, Ibu-ibu, para kadang sepuh wiranem, para rawuh kakung sumawono putri ingkang sinuba ing pakurmatan. Minangkani pamundhutipun panawung krida Syawalan warga dhusun Jodog RT 05/06 kula piniji pranatacara, supadhos ndherekaken lampahing adicara ing rikalenggahan menika. Langkung rumiyin, kula ngaturaken puji syukur konjuk ngarsa dalem Allah, dene kula lan panjenengan saged kempal wonten ing adicara rikalenggahan menika kanthi manggih karaharjan. Para rawuh, saklajengipun kula ngaturaken kasugengan awit saking rawuh panjenengan sedaya. Sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih, ngantos dumugi purnaning adicara. Sampun ndungkap titi laksana purwaning gati, keparenga atur uninga menggah reroncening adicara : Adicara ingkang angka sepisan, Pambuka Adicara ingkang angka kalih waosan kitab suci Al Quran Dene ingkang angka tiga inggih menika atur pambagya harja : saking panawung krida Adicara ingkang angka sekawan, pratignya Syawalan : 1. Pratignya Syawalan saking para wiranem 2. Panampining pratignya Syawalan dening para pinisepuh Adicara ingkang angka gangsal, Waosan kalimah toyibah Adicara ingkang angka enem, inggih menika sumene Tataran adicara ingkang angka pitu, inggih menika hikmah Syawalan Adicara ingkang angka wolu utawi pungkasan inggih menika panutup Mekaten para rawuh ingkang minulya, rantamaning adicara ing rikalenggahan menika. Minangka pratanda pambukaning adicara, sumangga kula dherekaken sesarengan manungku puja puji konjuk ngarsa dalem Allah ingkang Maha Agung, miturut agaminipun piyambak-piyambak. Sumangga ingkang ngrasuk agami Islam kula dhereaken maos Basmallah, Bismillahirrohmanirrohiim. Matur nuwun.

Para lenggah, adicara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci Al Quran ingkang dipunslirani sederek __________________ Dhumateng sederek

__________________ kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng sederek ________________, mugi-mugi amal panjenengan pikantuk pituwas ganjaran saking ngarsa dalem Allah SWT. Mekaten ugi tumrap ingkang midhangetaken, mugi-mugi Allah kepareng ngluberaken Rahmatipun. Bapak-bapak, ibu-ibu, tuwin para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang angka tiga inggih menika atur pambagya saking panawung krida ingkang badhe dipunslirani dening sederek __________________ Dhumateng sederek ___________________ kula sumanggakaken. Mekaten para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, tanggap sabda saking panawung krida. Saklajengipun, adicara ingka angka sekawan inggih menika pratignya Syawalan saking para wiranem, ingkang badhe dipunslirani dening sederek ______________________ dhumateng sederek ___________________________ kula sumanggakaken. Matur nuwun dhumateng sederek ______________________, minangka sulih para mudha. Saklajengipun panampining pratignya Syawalan saking para wiranem dening para pinisepuh. Dhumateng panjenenganipun Bpk..___________________________ kula

sumanggakaken. Terang trewaca wijiling sabda saking panjenenganipun

Bpk..__________________________ nampi saha nanggapi pratignya Syawalan ingkang sampun kasebat ing ngajeng. Dhumateng panjenenganipun Bpk._______________________ kula aturaken sanget agunging panuwun. Para rawuh ingkang minulya, ndungkap adicara ingkang angka gangsal inggih menika waosan kalimah toyibah. Dhumateng panjenenganipun Bpk.____________________ kula

sumanggakaken. Dhumateng Panjenengaipun Bpk_______________________ kula aturaken agunging panuwun. Ndungkap adicara saklajenginpun inggih menika Sumene, dhumateng para rawuh, sumangga keparenga lenggah kanthi mardikaning penggalih. Bpk-bpk, ibu-ibu, saha para rawuh ingkang minulya, pasugatan ingkang katur wonten ngarsa panjenengan menika, minangka cihnaning raos syukuripun panawung krida, dene saged kasembadan ing sedya, ngawontenaken adicara ing wekdal menika. Inggih nadyan sarwa sarwi prasaja, sumangga keparenga tumunten angrahapi kanthi sakprayoginipun. Nuwun para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, keparenga sumela atur, mboten hangirangi kamardikan panjenengan sedaya, awit tumunten badhe katur sambeting adicara.

Jumbuh kaliyan urut reroncening adicara ingkang sampun katur ing ngajeng, adicara saklajengipun inggih menika Hikmah Syawalan, ingkang badhe dipunwedharaken dening panjeneganipun Bpk._____________________________ dhumateng panjeneganipun

Bpk.________________________ kula sumanggakaken. Mekaten para rawuh hikmah syawalan saking panjenenganipun

Bpk.______________________, mugi-mugi sageda andayani tambahing seserepan saha kathah migunani paedahipun tumrap kula lan panjengan sedaya. Dhumateng

Bpk.__________________________ kula aturaken sanget agunging panuwun. Para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, ndungkap adicara ingkang pungkasan inggih menika panutup. Sumangga pepanggihan wekdal menika kita pungkasi sesarengan kanthi atur panuwun dhumateng ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Agung, dene adicara syawalan rikalenggahan menika saking purwa, madya, dumugi wasana, saged kalaksanan kanthi raharja tebih saking sambekala. Donga puji syukur, kula sumanggakaken miturut agami piyambak-piyambak. Sumangga ingkang ngrasuk agami Islam kula derekaken maos Hamdallah Alkhamdulillahirobillalamiin Matur nuwun Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang mboten ndadosaken renaning penggalih, kabekta dening cupeting seserepan ing reh subasita, basa tuwin sastra, kula nyuwun rumentahing pangatsami. Wasana sugeng kondur, mugi-mugi rahayu ingkang tansah pinanggih. Matur nuwun. Wassamualaikum warohmatullohi wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai