Anda di halaman 1dari 4

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,

Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanasta’inuhu wanastaghfirruhu, wana’uudzubillahi min


syuruuri anfusina wa min sayyiati a’maalina, may yahdihillahu fala mudzillalah wa may
yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu
anna muhammadan ‘abduhu warasuuluhu. Amma ba’d.
 
Wonten ngarsanipun alustad al mukarom bapak Agus Suhermanta,S.pd.I,MSI ingkang kulo
hormati ,wonten ngarsanipun para sesepuh saha pinisepuh ingkang kulo bekteni, wonten
ngarsanipun bapak dukuh gunung butak saha perangkat ingkang kulo hormati ,wonten
ngarsanipun bapak ibu jama’ah saha sedherek” sedoyo kaum muslimin lan muslimat wonten
ing padukuhan gunung butak rahimakumullah,kanca” pemuda pemudi padukuhan gunung
butak lan adik adik santri TPA dusun gunung buthak ingkang kulo tresnani.

Langkung rumiyin sumonggo kulo Dherekkaken sami manengku pujo puji ngunjukkaken
raos syukur dhateng ngarsanipun gusti Allah SWT ingkang dumugi sakmenika taksih paring
kawilujengan dumateng kulo lan panjenengan sedoyo .

Shalawat serto salam tansah katetepnno dumateng junjungan kulo lan panjenengan nabi
agung Muhammad SAW , para garwa saha putra , para kluarganipun saha para
sahabatipun,saengga mugi mugi kita pikantuk syafaatipun ing Yaumul akhir.

Jamaah muslimin lan muslimat rakhimakumullah . keparenga langkung rumiyin kulo


minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara pengaosan
syawalan padukuhan gunung buthak . keparenga kulo nggempil kamardikan sawetawis
saperlu ngaturaken urut reroncening adicara pengaosan syawalan ing kalenggahan punika.
Adicara angka sepisan pambuka
Kalajengaken adicara ingkang angka kalih , waosan kalamullah ingkang sinerat ing kitab suci
al qur’an ing samangke badhe kasarirani dening sadherek linda rahmiastuti kaliyan agung
ady prasetyo
Ndungkap adicara ingkang anga tiga , atur sapala saking ketua pemuda padukuhan gunung
butak ingkang badhe kasarirani sadherek …………………
Adicara ingka angka sekawan , wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak
dukuh gunung butak bapak sugiran.
Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika,
nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening
alustadz-almukarrom ............................................................ 
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.

Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut
reroncening titi laksana adicara Pengaosan SYAWALAN ing siang punika. Mugi-mugi
adicara ingkang sampun karantam menika sageta lumampah kanti rancag winantu
barakahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng
ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih
pepanggihan siang punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan
menika, sumangga kulo lan panjenengan ngunjukkaen do’a kanti waosan basmalah kulo
dherekaken…. Cekap.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe
kasarirani dening sedherek ........................................... Anamung saderengipun, kasuwun
dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting
manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken
agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek ......................................... wekdal
kasumanggaaken.
 
=====
 
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi
waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumigi
sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau
pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja saking ketua pemuda padukuhan
Gunungbutak. Dhumateng sederek ......................................... wekdal kasumanggaaken.
 
=====
 
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak
ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun
bapa SUGIRAN Dukuh Gunungbutak.
Anamung sakderengipun, midherek atur saking bapa dukuh gunungbutak, titi laksitaning
adicara badhe kasigeg sawetawis , Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika
ketingal regeng, ing ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking .adik
adik TPA Gunung buthak wekdal sumene kaaturaken dhumateng panjenganipun Adik adik
TPA gunung buthak. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken kanthi merdikaning
penggalih. Sumangga.
 
=====
 
Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal, wekdal sumene kula
suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapa
SUGIRAN Dukuh Gunungbutak .
wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
 
=====
 Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapa SUGIRAN Dukuh
Gunungbutak ingkang sampun kepareng paring pangandika.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning
pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun
wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan
menika. Ingkang menika, dhumateng alustadz-almukarron bapa Agus
Suhermanta,S.pd.I,MSI kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing
pepanggihan pengaosan SYAWALAN punika. Dhumateng alustadz-almukarron bapa Agus
Suhermanta,S.pd.I,MSI wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
 
======
 
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun alustadz-almukarrom
bapa Agus Suhermanta,S.pd.I,MSI ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para
jamaah ing siang menika. Saestu sedaya pangandikan saha piwucal luhur menika,
ndadosaken tuladha tumrap kulo lan panjenengan sedoyo ingkang rawuh saha
midhangetaken wedharing pengaosan.
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning wedharing
pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing siang punika
sampun paripurna. Anamung saderengipun pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang
piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana
saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun
agunging samodra pangaksami.
Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha panutuping adicara dalu
punika, sumangga sareng-sareng kulo lan panjenengan ngunjukaken raos syukur dhateng
ngarsanipun Gusti Allah SWT karana maos lafal Hamdalah, kula dherekaken.
Alhamdulillaahirabbil’aalamiin.
Sakderengipun kulo tutup pun suwun dumateng para bapak saha para ibu serto sederek
sedoyo rakhimakumullah, ampun bibar rumiyin, adicoro bade pun lajengaken HALAL BIL
HALAL.
Wabilahi taufik walhidayah Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
 

Anda mungkin juga menyukai