Anda di halaman 1dari 2

Assalamualaikum Wr.

Wb
‫َلى َاِل ِه‬ ‫ٍد‬ ‫ِد‬ ‫ِع‬ ‫ِه‬ ‫ِم‬ ‫ِهلل‬
‫َو‬ ‫ َو الَّص اَل ُة َو الَّس اَل ُم َع َلى َس ِّي َنا َو َمْو َلَن ا ُم َح َّم َو َع‬.‫َاْلَح ْم ُد َر ِّب اْلَع اَل ْي ن َو ِب َنْس َت ْيُن َع َلى ُاُم ْو ِر الُّد ْن َيا َو الِّد ْي ن‬
. ‫َص ْح ِبِه َاْج َم ِع ْي ٍن‬
Al-mukarrom poro alim ulama ingkang kawulo taati.
Ingkang kawulo hormati pengurus Majelis Wakil Cabang NU Kec. Wates
Ingkang kawulo hormati pengurus NU Kecamatan Wates kaliyan banom
Ingkang kawulo hormati kepala MI Miftahul Huda Silir kaliyan jajaranipun
Ingkang kawulo hormati pengurus NU Ranting Silir kaliyan banom
Ingkang kawulo hormati Pimpinan Cabang Ikatan Pelajar Nahdlatul Ulama-Ikatan Pelajar Putri Nahdlatul Ulama
Kabupaten Kediri
Ingkang kawulo hormati Pimpinan Anak Cabang Ikatan Pelajar Nahdlatul Ulama-Ikatan Pelajar Putri Nahdlatul
Ulama Kecamatan Wates
Ugi rekan rekanita Peserta LAKMUD DIRGANTARA PAC IPNU IPPNU KEC. WATES ingkang berbahagia.
Monggo sami sareng kito mujo lan muji syukur dumateng ngersanipun Allah SWT. Ingkang sampun paring
rahmat, Taufiq, soho Hidayahipun dene punopo kito sedoyo saget makempal wonten acara LAKMUD
DIRGANTARA PAC IPNU IPPNU KECAMATAN WATES TAHUN 2022 Kanti Tema : “Optimalisasi
Kualitas Kader dalam Menumbuhkan Loyalitas Berorganisasi”
Sholawat soho salam mugi tetep katur kunjuk dumateng junjungan kito, Nabi Besar, Nabi Agung, Nabi
Muhammad SAW. Ingkang sampun mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman Islamiyah sehinggo
saget kito raosaken kados meniko. Mugi – mugio wonten yaumil qiyamah mangke, kito pinaringan syafaat ingkang
agung. Aamiin.
Wonten mriki, Kawulo …………………… minongkani Pranatacara, bade maosaken susunan acara inkang
bade kito lampahi wonten injing puniko :
1. kaping setunggal inggih puniko Pembukaan
2. Ongko kalih nggih puniko waosan ayat-ayat suci al-Qur’an
3. Ongko tigo nyanyekaken lagu kebangsaan Indonesia Raya, Mars IPNU-IPPNU, kaliyan Mars Syubbanul
Wathan
4. Ongko sekawan Sambutan-sambutan
5. Ongko gangsal penyematan Tondho Peserta
6. Ongko nem nggihpuniko Tampi tinampi peserta saking Panitia dumateng Rekan - Rekanita Trainer PC IPNU
IPPNU Kabupaten Kediri
7. Ongko pitu mingkani pungkasan nggih puniko Doa

Kanti tansah nyeyuwun ridhlonipun Allah SWT. Monggo kito bikak acara wonten injing puniko kanti
waosan surotul Fatihah. ‘Ala hadzihin niyah, wa ‘ala kulli niyyatin sholihah. Al-Fatihah.
Acara selajengipun, monggo kito midangetaken waosan ayat – ayat suci Al’Quran ingkang bade
diwaosaken deneng Rekan/ita …………………., Dumateng Rekan/ita ………………kawulo sumanggaken.
(Shodaqallahul ‘Adzim 3x)
Acara ingkang ongko 3, nggih puniko nyanyekaken lagu kebangsaan Indonesia raya, mars IPNU-IPPNU,
kaliyan mars syubbanul wathan ingkang badhe dipandegani dening Rekan/ita ………………….. Dumateng
Rekan/ita …………………… Sumonggo.
(hadirin kawulo aturi jumeneng)(hadirin kawulo sumanggaken pinarak)

Hadirin hadirat ingkang berbahagia, acara selajengipun inggih puniko sambutan - sambutan.
1. Sambutan ingkang sepisan bade diaturaken dening panjenenganipun bapak.................................... mingakani
wakil saking Majelis Wakil Cabang NU Kecamatan Wates, Dumateng………………………. Kawulo
sumanggaken.
(Matur nuwun kawulo aturaken)

2. Sambutan ingkang ongko kalih inggihpuniko saking Pimpinan Cabang IPNU IPPNU Kabupaten Kediri,
Dumateng………………………. Kawulo sumanggaken.
(Matur nuwun kawulo aturaken)

3. Sambutan ingkang ongko Tigo inggihpuniko saking Pimpinan Anak Cabang IPNU IPPNU Kecamatan Wates,
Dumateng………………………. Kawulo sumanggaken.
(Matur nuwun kawulo aturaken)
Hadirin ingkang kinurmatan acara selajengipun enggih puniko penyematan Tondo Peserta ingkang wonten
wekdal puniko bade di wakili dening Rekan ……………………… kaliyan Rekanita ……………………….
Dumateng Rekan…………………… Kaliyan Rekanita ………………… kawulo aturi majeng. Tanpo
ngirangi roso kinurmatan kulo Dumateng Bpk. MWC kaliyan Ibu Muslimat PAC, kawulo aturi nyemataken
Tondo Peserta nipun. (Matur nuwun kawulo aturaken)

Hadirin ingkang dirahmati Allah, acara ingkang ongko 6 nggih puniko tampi tinampi peserta saking Panitia
ingkang diwakili Rekan Aldi Waluyo minongko Ketua Pelaksana dumateng rekan Syamsuri minongko wakil
Saking Trainer PC IPNU IPPNU Kabupaten Kediri

Kumlebet wonten acara ingkang pungkasan, monggo sami sareng kita ngaturaken dungo nyeyuwun
dumateng ngersanipun Allah SWT. Mugio acara kito saget kaleksanan kanti lancar mboten wonten alangan
setunggal punopo lan mugio pikantuk keberkahan saking ngersanipun Allah SWT. Wonten wekdal puniko Do’a
bade dipandegani dening bapak …………………… Ingkang kinurmatan Bapak……………………. Wekdal
kawulo aturaken. (matur nuwun Kawulo aturaken)
Mekaten menggah atur kawulo, kiranging subasito miwah pranataning boso, mugi diagunging pangaksami,
Matur Nembah Nuwun. Kawulo …………………. Minongko Pranatacoro nyuwun pamit dumateng poro rawuh
sedanten. Sugeng belajar, berjuang, lan bertakwa. Akhirul kalam, allahul muwafiq ila aqwamiththorieq
Wassalamu’alaikum wr. wb.

NB.
SETELAH PENUTUPAN TAMU UNDANGAN DIATURI PINARAK WONTEN RUANG TRANSIT

Anda mungkin juga menyukai