Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr.

wb

‫بسم هللا الرحمن الرحيم الحمد هلل رب العالمين و الصالة والسالم على اشرف االنبياء و المرسلين سيدنا محمد وعلى اله‬
‫وصحبه اجمعين اما بعد‬

Hadrotil muhtaromin, dumateng poro alim, poro ulama, sesepuh lan pinisepuh Desa
Genjor, wabil khusus dumateng panjenenganipun Almukarom KH.
………………………………………………………..…...…. saking ……………………………
ingkang kito ta’dzimaken lan kito tenggo2 fatwa soho nasihatipun.

Dumateng panjenenganipun Bapak Kiai Mahfud selaku Rois Syuriah MWC NU


Kecamatan Sugihwaras, Bapak Kepala Desa beserta perangkatnya ingkang tansah
kawulo hormati.

Dumateng Hadirin-hadirot Rohimakumullah.

Sepindah, monggo kito tansah muji syukur dumateng Allah SWT, ingkang sampun
maringi pinten2 kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun nikmat iman lan islam,
sehinggo kito saget bermuwajahah, bersilaturrahim wonten ing kegiatan Selapanan
Rutin Jum’at Pahing Muslimat NU Kecamatan Sugihwaras meniko, ingkang mboten
wonten alangan setunggal punopo, kanti ucapan Alhamdulillahirobbil ‘alamin.

Kapeng kalihipun, sholawat soho salam mugio katur dumateng Nabi Agung Muhammad
SAW, mugi2 kanthi kito ngrawuhi acara meniko saget dadosaken kito termasuk umat
ingkang angsal syafaatipun mbenjang fi yaumil qiyamah, Amin2 ya robbal alamin.

Hadirin-hadirot rohimakumullah

Sak derengipun acara kito bikak, kawulo minangkani pranotocoro bade maosaken
adicoro-adicoro ingkang bade kalampah meniko.

Adicoro ingkang sepindah, pembukaan

Adicoro ingkang ongko kalih, waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an

Adicoro ingkang ongko tigo, waosan tahlil

Adicoro ingkang ongko sekawan, prakata panitia

Adicoro ingkang ongko gangsal, sambutan-sambutan

Adicoro ingkang ongko enem, istirahat

Adicoro ingkang ongko gangsal, mauidloh hasanah

Lan acara meniko bade dipun tutup kalian do’a.

Monggo kito bikak acara meniko kanthi waosan Ummul Qur’an.


ْ ْ ُْ َ َ ََ َ ْ َ
‫هللا َال َفـا ِت َح ْة‬ ‫ِل ِرض ِاء هللا و ِلشفاع ِة رسو ِل‬
Matur nuwun, mugi-mugi kanthi waosan ummul Qur’an meniko, saget dadosaken
lancaripun acara wonten ing saat meniko, amin ya robbal alamin.

Adicoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, ingkang
bade dipun waos panjenenganipun Al Ustadz …………………………………, dumateng
penjenenganipun kawulo sumanggaaken.
Shodaqollahul ‘adziim 3x.

Dumateng penjenenganipun, kawulo aturaken maturnuwun.

Adicoro ingkang ongko tigo, inggih meniko, waosan tahlil sesarengan. ingkang bade
dipun pimpin panjenenganipun ........................... dumateng penjenenganipun kawulo
sumanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Adicoro ingkang ongko sekawan, inggih meniko prakata panitia. Ingkang bade dipun
sampekaken panjenenganipun ibu ……………………………..…. dumateng
penjenenganipun kawulo sumanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Adicoro selajengipun, inggih meniko sambutan-sambutan.

Sambutan ingkang sepindah, saking Kepala Desa Genjor, Dumateng Penjenenganipun


Bapak Brojo Amak kawulo sumanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun.

Sambutan ingkang ongko kaleh, inggih meniko saking Ketua Muslimat NU Kec.
Sugihwaras, Dumateng Panjenenganipun Ibu Aminsri kawulo summanggaaken.

Dumateng penjenenganipun kawulo aturaken maturnuwun

Adicoro selajengipun, inggih meniko istirahat.

Ingkang bade dipun isi dumateng grup rebana Al-Muhafadloh. Dumateng grup rebana
Al-Muhafadloh kawulo sumanggaaken.

Istirahat kawulo cekapaken.

Adicoro ingkang terakhir inggih meniko mauidloh khasanah lan diterusaken kalian do’a,
ingkang bade dipun asto panjenenganipun Al-Mukarom KH. ………………………….....
saking ………………….

Saking kawulo minangkani pranotocoro, menawi wonten kekhilafan lan kesalahan,


kawulo nyuwun agunging pangapunten. Akhiron, Wallahul Muwaafiq iIaa Aqwamith
Thoriq Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Dumateng panjenenganipun KH. ………………………… kawulo sumanggaaken.

x3 ْ‫الله َُّـم َص ِل َعـىل َس ِ ّي ِداَن ُم َح َّمـد‬

Anda mungkin juga menyukai