Anda di halaman 1dari 2

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahilladzi akhallannikah wa kharramashshifah, Washsholatu Wassalamu ‘ala sayyidina


muhammadin wa’ala alihi washohbihi ajma’in, amma Ba’du.
Engkang tuhu kinabekten poro sepuh lan pinisepuh. Dhumateng poro alim ulama’ ingkang tansah
kulo ta’dzimi.
Penganten sarimbit soho pengombyong saking dusun JOntro ingkang kawulo hormati. Sedoyo tamu
undangan, poro pilenggah ingkang kawulo hormati.
Langkung rumiyin kito tansah muji syukur dhumateng Alloh SWT ingkang sampun maringi mapinten-
pinten kenikmatan sehinggo wonten siang meniko kito waget makempal wonten acara walimatul
‘urusy ingkang mugi-mugi ndadosaken berkah dumateng kito sedoyo umumipun lan berkah dumateng
penganten kekaleh khususipun.
Sholawat lan salam kito aturaken dhumateng Nabi Muhammad SAW ingkang kito tenggo-tenggo
Syafa’atipun wonten yaumul qiyamah mbenjang.
Hadirin ingkang kawulo hormati,Kawulo wonten mriki bade ndereakaen runtuting adicoro ingkang
sampun karancang, inggih meniko;
- Titilaksono ingkang sepisan, Pambuko
kalajengaken engkang urut kalih, waosan ayat suci al-Qur’an
Wondene adicoro ingkang ongko, tigo atur pambagyoharjo
Adicoro urut ongko tigo, atur pasrah penganten putri

Wondene adicoro ongko sekawan, atur penampining pinanganten putri


Adicoro ingkang ongko gangsal, sabdo tomo soho do’aipun
Adicoro ingkang urut enem, penutup

Pramilo ngengeti wekdal ingkang sakwetawis siang, monggo kito bikak sareng-sareng kanti waosan
Ummul Kitab.Liridho’illa Wa lissyafa’ati Rasulillah, Alfatihah…
Maturnuwun atas waosan Al-Fatihah, mugi-mugi dados lancaripun acara siang meniko.
Acoro ingkang ongkong kalih inggih meniko waosan ayat suci al-Qur’a, ingkang bade kaastho dening
Bapak Koderi. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
……………………………………
Shodaqollahul ‘adzim, mugi-mugi waosan ayat suci al-Qur’an dados berkah dhumateng pewaos lan
lumeber dhumateng kito sedoyo.
Adicoro ingkang urut ongko kaleh atur pambagyoharjo ingkang badhe kaastho dening
………………….., dhumateng Bopo …………………… kawulo sumanggaaken,
………………………………….
Mekaten, kawulo aturaken matursuwun.
Menggah adicoro ingkang ongko tigo, atur pasrah penganten putri. Dhumateng ingkang mewakili
kawulo aturaken.
………………
Dhumateng panjenenganipun kawulo aturaken matursuwun.
Adicoro selajengipun atur penampining penganten putri ingkang badhe kaastho panjenenganipun
bapak kepalasa desa Ngadirejo. Dumateng panjenenganipun kawulo aturaken.
………………
Matursuwun kawulo aturaken.
Adicoro selajengipun skors, dhumateng rencang-rencang juru ladi kawulo sumanggaaken.
………………
Ngancik adicoro ingkang urut ongko enem, sabdo tomo ingkang badhe dipun astho Simbah Kyai Haji
Tolchah.
Dhumateng Simbah Kyai Haji Tolchah kawulo sumanggaaken soho dipun suwun do’aipun.
……………….
Mekaten atur pangendikan saking simbah Kyai Haji Tolchah, kawulo aturaken matursuwun.

Ngancik adicoro ingkang terakhir penutup. Hananging sakderengipun kito tutup, dhumateng
pinanganten sarimbit kawulo suwun jengkar saking panggenan tinuju pintu keluar, sakperlu maringi
kasempatan dhumateng poro tamu ingkang badhe jawat astho ugi nyuwun tambahing do’a restu.
Mekaten runtuting adicoro ingkang sampun kalampah,monggo sareng-sareng kito tutup pahargyan
wonten siang meniko kanthi waosan tahmid, kawulo dereaken Alhamdulillahi rabbil ‘alamin.
Saking kawulo anggenipun ndereaken acoro, mbok bilih kawulo anggenipun matur kathah sasar
susur ingkang mboten mranani wonten penggaleh panjenengan sedoyo, kawulo nyuwun agunging
samudro pangaksami.
Cekap semanten, kawulo akhiri,
Wassalamualaikum Wr Wb

Anda mungkin juga menyukai