Anda di halaman 1dari 2

Assalamualikum Wr.Wr.

alhamdulillahi nastangiinuhu wanas taghfiruhu wa nangu dzubillahi min syuruuri angfusina wamin
sayyiaati a’malina man yahdihillahu fala mudhillalah wa man yudlilhu fala haadiyalah. qola ta’ala fi
kitabihil karim ‘angudzubillahi minassyaithoonirrajim bismillahirrahmaanirrahiim.
yarfangillahulladziina aamanu minkum walladziina uutul ‘ilma darajat, al ayah amma ba’du.

ingkang kawulo hormati bapak katiman sekeluarga

ingkang kawulo hormati bapak-bapak undangan

soho konco-konco sinoman engkang berbahagia

monggo kito panjataken raos pujo dalah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang
sampun maringi kito pinten-pinten rahmat, taufiq hidayah soho inyahipun dumateng kito sedoyo
sehinggo wonten dalu puniko kito saget annrawuhi nopo engkang dados undanganipun bapak
katiman sak keluargo kanti mboten wonten halangan setunggal punopo.

sholawat dalah salam mugi-migi katetepaken dumateng nabi muhammad SAW. engkang mbeto
umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho
engkang kito antu-antu syafaatipun benjang wonten yaumil Qiyamah Amin.

wonten mriki kuwulo minegkani pranoto hadicoro badhe maosaken susunan acoro wonten dalu
puniko

1. Pembukaan
2. sambutan tuan rumah
3. musyawarah
4. istirahat
5. do’a
6. penutup

 acoro engkang sepindah pembukaan, monggo acoro wonten dalu puniko kito bikak kanthi
wosan ummul kitab, ‘ala hadiniyyah assholihah alfatihah………………mugi-mugi kanthi
waosan ummul kitab saget memperlancar  acara wonten dalu puniko.
 acoro engkang kaping kaleh sambutan tuan rumah. Dumateng engkang mewakili saking
keluarganipun bapak katiman kulo sumanggaaken…………………….mekaten kolo wau
sambutan saking wakil tuan rumah.
 Acoro engkang kaping tigo musyawarah. Dumateng engkang mewakili konco-konco
sinoman kulo sumanggaaken
 Mekaten kolo wau acoro musyawarah dilajengaken acoro kaping sekawan enggeh puniko
istirahat……….. Acoro istirahat ketwisipun sak untawes cekap.
 Acoro engkang sak lajengipun doa dumateng bapak kyai nahuri………….mugi-mugi kanthi
doa puniko saget memperlancar acoro walimatul urs wonten dalemenipun bapak katiman
engkang badhe kelampahan. Mboten wonten halangan punipo-punopo.
 acoro engkang terakhir penutup, monggo acoro ing dalu puniko  kito tutup kanthi waosan
hamdalah….. mekaten saking kawulo menawi wonten atur engkang kirang mranani
dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun pangapunten. Wakhiron

wassalamualaikum wr.wb
SUSUNAN ACARA

Anda mungkin juga menyukai