Anda di halaman 1dari 5

Kawula nuwun, Panjenenganipun para alim para kyai ingkang rinten dalu tansah

sumanding kitab suci wahyuning illahi, mirungganipun dumaten


panjenenganipun bopo kyai……….soho kyai sanesipun ingkang mboten saget
kawulo sebat asma setunggal lan setunggalipun, minangka panuntun kiblating
panembah, satuhu luhuring budi ingkang sampun pono ing pamawas lebdo ing
pitutur ingkang pantes pinundi soho kinakbeten.
Panjenenganipun para pepunden, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung
mastuti demateng pepoyaning kautaman satuhu luhuring budi ingkang dahat
kinurmatan.
Panjenenganipun para priyagung dharmaning nata, para sarjana sujaning budi. Para
pangemban pangembating praja para satriyaning negari, minangka pamdam
pamdoming para kawula dasih, ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.
Para kadang sutrisna mudha wreda ingkang pantes sinudarsana, punapa dene para
tamu kakung sumowono putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Kanthi linambaran pepayung budi rahayu, miwah ngaturaken sewu agunging
aksama, mugi keparenga kawula hambuka wenganging wicara dwaraning kandha
nun inggih mradapa awit saking keparengipun ingkang hamengku gati (Bp………),
kawula piniji hanjejeri minangka pangendali wara, saperlu mratitisaken murih
rancaking titi laksana adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
• Saderengipun kawula ngaturaken menggah urtut reroncening tata adicara, murih purwa
madya wasana tansah manggihi rahayu kali sing rubedo nir ing sambekala, sumangga
langkung rumiyin kawula derekaken manungku puja, ngunjukaken sembah puji syukur
wonten ngersanipun Gusti ingkang murbeng dumadi, awis agung barokah saha rahmatipun
Allah SWT ingkah sampun rumentah dumateng kito sedaya, sehinggo kito saget
hanglonggaraken penggalih kempal manunggal wonten ing sasana pahargyan mriki saperlu
hanjenengi saha paring berkah pengestu dhumateng panjenenganipun
bapa/ibu……………….. (ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi dharmaning sepuh
hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi tetepa winengku ing suka
basuki.
• Para rawuh para lenggah ingkang dhahat kinurmatan, wondene menggah urut reroncening
tata adicara ingkang sampun rinacik, rinacang, rinumpaka dening para kawulawangsa nun
inggih :
• - Minangka purwakaning aadicara pahargyan, nun inggih waosal ummul kitab.
• - Kalajengaken waosan ayat - ayat suci Al Qur’anul karim
• - Atur pasrah temanten kakung
• - ………………..
• Mekaten menggah urut reroncening tata adicara pawiwahan prasaja ing ratri kalenggahan
punika, pramila sumangga kito wiwiti adicara ingkang sepisan nin inggih purwaka kanthi
waosan suratul fatihah, wondene pimpinanipun kawula aturaken dhumetheng
panjenenganipun Bp………………….. dhumatheng panjenenganipun ing wasana wekdal
kasumanggaaken. Nuwun!
Matur nuwun kawula aturaken mugi - mugi khanthi waosan suratul fatihah kalawau
adicara ing pahargyan punika saged kalampahan khanthi nir ing sambekala, nir ing
sansoyo sak panginggilipun kalis ing rubedo. Poro rawuh inkang dhahat hinurmatan,
temanten putri sampun rampung anggenipun ngadi sariro, pramilo saking puniko,
nini temanten kepareng badhe sowan ngabyantoro, lenggah wonten ing kursi
rinenggo, dhumateng ibu pranotobusono keparengo hangasto temanten putri
tumuju wonten ing palenggahan ingkang sampun cumawis, dhumateng kadang
pranoto pitosworo utawi Operator sound system kawulo aturi ngungelaken gending
gending ketawang sekar tejo kebo giro,
Sumonggo
Para rawuh para lenggah ingkang pantes sinudarsana, waosan ayat - ayat suci Al
Qu’anul karim badhe kawaos dening bp…………………. Wekdal kasumanggaaken.
Sanadhan wus paripurna waosan ayat suci Al Qur’an dening tetuwangga ingkang
piniji, parandene tasih kapireng suwantenipun lamat-lamat demeling akasa sumusup
hima himantaka, saya ndedel nggayuh wiyati satemah maweh prabowo henelahi.
Mratandani katarima pamintane mring gusti, mbabar kanugrahan suci, tumanduk
panjenenganipun ingkang hamengku gati, ingkang katemeben hamiwaha putra
mahargya siwi tetepo winengku ing suka basuki, lestari salami-lami, tur kathah
rejeki, lumintu dhumatheng para rawuh kakung sumawana putri.
Para lenggah kakung putri ingkang satuhu kinurmatan, salajengipun dumugi
laksitaning tata adicara atur pasrahipun saking duta saraya badhe/calon
kadang besan. Wondene ingkang pinangka sulih salira nun inggih
panjenenganipun Bp….……. Wekdal kasumanggaaken.
Mekaten para lenggah kakung saha putri, atur pasrahipun Bp. ……. pinangka
duta saraya ing kalenggahan punika, khanthi prastawa cetha wijang wijiling
pangandika kaduk ruruh hangarah prana ingkang salajengipun pasrah badhe
katampi panjenenganipun Bp. ……….. minangka sulih sarira Bp. …………….
Sarimbit (ingkang mengku gati) wekdal kasumanggaaken. Nuwun!
Kanthi cetha terwaca atur panampi saking panjenenganipun Bp. …..
minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun
dipun wonteni khutbah nikah wondene ingkang piniji nun inggih
panjenenganipun Bp. …………….
Paripurna khutbah nikah saking panjenenganipun Bp. ……… ingkang
salajengipun ngancik tata upacara akad nikah /ijab qobul. Minangka wali
ingkang dipun sarirani panjenenganipun Bp………….. saha Bp.
…………. Ing salajengipun dhumatheng panjenenganipun para-
para ingkang piniji sasana swasana kawula sumanggaaken, sumangga!
Para rawuh saha para lenggah ingkang dahat kinurmatan. Ngancik adicara
salajengipun nun inggih waosan donga/haspungkara. Wondene ingkang piniji
kepareng badhe ngaturaken donga panjenenganipun Bp. …………… ingkang
punika, sasana wekdal kasumanggaaken, sumangga!
Sampun paripurna waosan donga dening tetuwangga ingkang piniji. Mugi-mugi
panjenenganipun Bp. ………….(ingkang mengku gati) anggenipun hanetepi
darmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi
tetepa winengku ing suka basuki, semanten ugi temanten sarimbit anggenipun
badhe lelumban wonten madyaning bebrayan tansah sakinah, mawaddah,
warahmah, atut runtut, ayem tentrem, bagya mulya ingkang sinedya, rahayu
ingkang tinemu.
Para rawuh saha para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, kados sampun
paripurna tata adicara ing siang/ndalu punika, wiwit purwa, madya, wasana
sampun kalampahan kanthi wilujeng kali sing rubedo nir ig sambekala.
Hamung semanten panjenenganipun para rawuh saha para lenggah pahargyan
ing ri kalenggahan punika, mila awit awal ngantos dumugi akhir kathah
kekilapanipun saha kirangipun labed budi dayaning manungsa kirang sampurna
ingkang sarta kirang pana anggen ngaturaken agenging sih samudra pangaksami.

Anda mungkin juga menyukai