Anda di halaman 1dari 2

Bismillahirahmanirrahim

Assalamu’alaikum wr. Wb.

Dhumateng penjenenganipun poro pepunden, poro sesepuh, poro pinisepuh ingkang hanggung
mastuti dhumateng pepayoning kautaman ingkang pantes pinundi, porodolo sadoyo saking kadang
besan sutrisno ingkang pantes kinurmatan, poro tamu kakung sumawono putri ingkang pantes
nampi pakurmatan satuhu pantes lamuntu sinudarsono, kadang wredho ingkang winantu suko
Basuki.

Mrapodo awit saking kaparingipun ibu sri muryani sumrambah poro kulowongso ing kalanggahan
puniko kulo piniji pinongko pranohococo wantanipun pawirahan praojo ing hari kalanggrahan
punniko, nun inggih panjenenganipun ibu sri muryani natapi darmaning asepuh hangrokit sekar
sempoko mulyo, miwoho siwi mahargyo suko.

Kanthi raos panalongso ingkang hamengku karso, nyuwun wontan ngarsanipun gusti ingkang akaryo
loko, miwah nyuwun dongo pangestunipun poro lenggah, mugi kaloksananing sedyo ing hari
kalenggahan puniko purwo madyo wasono tansah pinaringan rahayu wilujeng tebih ing sambekolo.

Poro rawuh soho poro lenggah sokderengipun kulo ngahurakan urut reroncening toto upacara ing
kalenggahan puniko mugi sageto jumbuh kaliyan kuncaraning bangsa.

Sumonggo nun dumateng poro rawuh soho poro langgah, sumonggo kulo dherekaken sesarengan
manungku pujo nastowo puji hastuti wonten ngorsaning Allah swt karono agung barokah soho
rahmatipun ingkang rumantah dhumateng panjenengan sadoyo dalasan kulo ingkang sarto mugi
lampahing toto upacara pahargyan prasojo png ri kalanggahan puniko tansah winanlu ing suko
nasuki rahayu nir ing sambakolo.

Dhumateng poro rawuh soho poro lenggah ingkang nrasuk agami islam sumonggo kulo dharakan
sesarangan maos basmalah. Dhumateng tamu ingkang nrasuk agami sanes, kulo sumanggakaken
miturut kapitadosan piyambak piyambak.

Sumonggo waosan basmalah kulo dharakaken

Bismillahirahman nirrahim.

Sampun cekap matur nuwun.

Poro rawuh soho poro lenggah, kapargo kulo ngaturaken reroncening adicoro ingkang sampun
rinancang dening sedoyo kulowongso inggih puniko :

- Waosan Ayat suci Al Qur’an


- Pandongo
- Pambagyoharjo
- Panutup

Poro lenggah ingkang dhahar kinurmatan ngancing adicoro ingkang ungko sapiah nun inggih waosan
kita suci Al Qur’an dening panjenenganioun Bopo Yusuf waqidi sasono soho swasono kawulo
sumanggakaken. Sumongga nuwun

Matur nuwun dhumateng panjenenganipun bopo yusuf waqidi ingkang sampun ngayahi jejibahan
maos kitab suci Alqur’an. Mugi mugi panjenenganipun pikantok ganjaran ingkang matikal tikal saking
ngarsaning Allah SWT.
Badhe Pambagya Harjo
Para tamu kakung sumawana putri, panjenenganipun

Bapa Y badhe marak ngabyantara sami, saperlu ngatruraken pambagyaharja, miwah wudharing
gantha, lekas wekasing sedya, wigatosing gati. Inggih kabekta saking raos bombong miwah
mongkoging manah, karana karoban ing sih sedaya ingkang sampun kepareng hanjenengi, saengga
boten kuwawi matur piyambak, jrih menawi boten saged kawiyos ing lathi, namung kandheg wonten
ing jangga, mila lajeng hanyaraya dhumateng panjenenganipun Bapa D. Ing salajengipun dhumateng
para2 ingkang piniji, sasana saha swasana kawula sumanggakaken.

Sumangga, nuwun.

Badhe Pambagya Harjo


atuhu tatas titis terang gamblang wijang wijiling pangandika, kaduk ruruh hangarah prana
panjenenganipun Bapa Danggenipun ngaturaken pambagyaharja miwah wosing gati sampun
paripurna. Ing salajengipun, keparenga para tamu pinarak ing palenggahan kanthi mardu-
mardikaning penggalih sinambi nglaras rarasing gendhing2 saking pita swara ngantos dumugi
parpurnaning panghargyan. Sumangga, nuwun.

Anda mungkin juga menyukai