Anda di halaman 1dari 7

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka
panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh, aji sepuh kesepuhan ingkang samo ing pamawas ledho ing pitutr,
satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming
kawulo dasih ingkang sinudharsono.
Para penderek pinanganten kakung / putri saking keluargi ageng Bopo…………………… sakin tlatah
…………………. ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur
Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT.
Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah
panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek
mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing
beboyo.
Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad
SAWLumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun
bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri
ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab.
Mugi-mugi dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan
sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin………
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen
jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak
ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing
pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro
ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.
Poro rawuh kakung semawono putri, wondene menggah reroncening adicoro ingkang sampun
rinancang, rinacik, rinumpoko dening poro kulo wongso nun inggih: __
1. Pambuko 6. Atur Pambgyo Harjo
2. Rawuhing Panganten Putri 7. Sumene sak antawes
3. Rawuhing Panganten Putro 8. Sabdotomo/ular ular soho doa nipun
4. Adicoro prasrahing tampi panganten. 9. Panutup
5. Adico adat lan panugalanne
Minongko purwakaning adicoro tinarbuko sowanipun temanten putri mijil saking tepas wangi, manjing
ing madyaning sasono rinenggo.
Tanggap risang duto pametuk dupi hamirsani atmojo temanten putri lenggah anggono raras,
tumunten bidal dumateng paleremanipun puro temanten kakung, saperlu kajengkaraken tumuju
dumateng sasono pawiwahan.

Saksampunipun putro temanten kakung rawuh wonten ing sasono rinenggo, tumunten kalajengaken
adicoro pasrah panampi.

Paripurno adicoro pasrah panampi, kalajengaken daup panggihipun putro temanten anut satataning
adat widi widono ingkang sampun sinengker, tumunten kalajengaken upocoro krobongan.
Madyaning suko ing kalenggahan meniko mboten kekilapan kadang besan sutresno, lekasing sedoyo
ugi nderek mangyu bagyo keparengipun ingkang hamengku gati, milo lajeng manjing wonten
pawiwahan, ginarubyuh sagunging poro kadang santono, tumunten kalajengaken upocoro sungkeman.

Ing saklajengipun panjenenganipun ingkang hamengku gati badhe marak ngabyantoro sakperlu
ngaturaken pambagyo harjo katur panjenenganipun sagunging poro tamu.
Paripurno atur pambagyo harjo temanten sarimbit bade kalengseraken saking madyaning sasono
wiwoho manjing sasono busono saperlu rucat busono kanarendran, santun busono kasatriyan.
Saksampunipun temanten sarimbit paripurno angagem busono kasatriyan, tumunten kasowanaken
malih wangsul ngabyantoro poro tamu saperlu nyenyandang pudyastowo mrihwidadaning bebrayan.
Wondene minongko pratondo paripurnaning pahargyan, menawi temanten sarimbit sampun jengkar
saking sasono rinenggo tumuju wiworo pawiwahan, tondo yekti pawiwahan sampun paripurno.

Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten
kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri
minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken……
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco

Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun
panjenenganipun bapak ……………..badhe marak ngbiyantara sami.

Saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto
saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi
saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak
……… …….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.

Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga
adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken.

Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng
para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken
pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu.
Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana
wonten dalu/siang punika . sumangga…!!!

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu
anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan
mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.

Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur
bale wismo meniko mbetahaken lampu.

Pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun
bapak………. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai …………ingkang
gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten
sarimbit khusus ipun.
Umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo
kyai………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.

Minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening
bapak …….. ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait )
keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana
pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu.

Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur
ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami

Lan dumateng bapak ……………wekdal saha sasana kawula aturaken.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai