Anda di halaman 1dari 11

<>

TULADHA SESEBUTAN PARA TAMU INGKANG RAWUH MITURUT TATARAN


INGGIL ANDHAPING DRAJAD PANGKAT.

1. Panjenenganipun para winasis, para sarjana sujana luhuring budi, ingkang

sampun hanampi wahyuning kasutapan.

2. Panjenenganipun para manggalaning nagari , para nara praja, ingkang tansah

Mastuti jejeging adil.

3. Para pepunden para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti

dhumateng pepoyaning kautaman.

4. Para satriyaning praja para pangemban pangembating nagari ingkang mangka

Dados pandam pandoming para kawula dasih.

5. Para baraya wira wiyata, ingkang marsudi mardawaning budaya luhung.

6. Para purna karya labet praja, ingkang tansah mastuti ing reh kautaman.

7. Para alim ulama, ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab wahyuning illahi.

8. Para kadang werdha mudha, ingkang bagya saha mulya, sumawana para tamu

Kakung putri sekaliyan garwa ingkang satuhu pantes sinudarsana.

9. Para kadang kadang seniman seniwati ingkang mahambeg wicaksana ing budaya.

10. Para Among rawuh among gati sinoman pramuladi pramusugata ingkang

pantes sinudarsana.

11. Sagung para tamu trah darah pancasila ingkang tansah ngrungkepi ing reh

Kasusilan.

12. Para kadang mitra sutrisna budhaya ingkang tansah marsudi ing reh

mardawaning budaya tulus.

13. Para kadang kinasih gotrah kulawangsa ingkang bagya saha mulya.

14. Para kadang mitra wiyata,manca praja, manca negari, ingkang berbudi darma.

1 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


SESEBUTAN PARA TAMU PINUJI SALEBETING ADICARA TUMAPAK.

1. Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budi.

2. ,, bagya saha mulya.

3. ,, berbudi darma.

4. ,, ingormatan.

5. ,, pantes sinudarsana.

6. ,, pinaringan rahmating Gusti.

7. ,, sinuba ing pakurmatan.

8. ,, tansah manggih suka basuki.

9. ,, sinuba sinukarta.

10. ,, mastuti dateng pepoyaning kautaman.

2 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


MC PAMBIWARA PAWIWAHAN TEMANTEN ADAD JAWA FERSI
SURAKARTA.

1. PRA PAMBUKA

Assalamu’alaikum Wr Wb...

Sih tentrem rahmad rahayu, saha sih nugrahaning Gusti kang maha tresna tuwin
maha asih, mugi kajiwa kasalira tumedak tumanduk dateng panjenengan sedaya,
waradin sagung dumadi rahayu niskala satuhu.

Dhaupipun Rara Ayu.......atmaja putri Bopo....../Ibu.....


kaliyan bagus........ Jalu tanaya pjn Bopo....... /Ibu...... Skl garwa.ingkang pidalem
saking : ......... Daya daya tumuli kawiwitan.

A. MENAWI RAMA IBU KATURAN LENGGAH SADERENGE PAMBUKA.


Tanggaping sasmita panjenenganipun Bapa..........Skl, ingkang hamengku gati,
anglenggahi papan kang wus pinanci, ing sasana rinengga. Mangga Bp........
Sekaliyan, njunjung jejeging jejibahan wajibing asepuh, ngentas pitulus mahargya
suta hamiwaha siwi.

B. MENAWI RAMA IBU INGKANG NGAMPINGI TEMANTEN PUTRI MIJIL

Tanggaping sasmita panjenenganipun Bp........ sarimbit, manjing panti busana, keng


putri kagading kalenggahaken manjing ing madyaning puraya agung, sasana
rinenggo.

Wondene murih sengseming wardaya humiring ungeling gending :............

1. Ld.Mugi Rahayu, SL. M


2. Ld. Wilujeng, PL. 6
3. Ld. Slamet, SL. M
4. Srepek Mataraman PL. / SL.
5. Ld. Eling-eling,SL. M
6. Sholawat Tamba ati.

3 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


1. PURWANING PAWIWAHAN PENGANTEN PAMBUKA.

 Wilujeng siang, nuwun kawula nuhun.


 Purwa widada rahayuning atur,rinengga manis,aruming pambudi
arumingtyas tuhu mahanani kautaman tri puspita dana warih.

Para sesepuh, pinisepuh,ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning


kautaman.

Para pepunden, para pinisepuh,sesepuh,ingkang hanggung mastuti dhumateng


pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi.

Para Pangemban pangembating Negari, satriyaning praja, pinangka pandam


pandoming kawula dasih, ingkang pantes ingormatan.

para tamu kakung sumawana putri, inggih baraya agung trah ingkang satuhu
hambeg berbudi darma.

Para kadang werdha,mudha,tumaruna ingkang bagya saha mulya.

Datan katalumpen para kadang, among rawuh, sinoman, Seniman seniwati, trah
darah pancasila, pantes lamunta sinudarsana.

Sumangga sesarengan muji syukur wonten ngarsaning Gusti kang maha Augung,,
kanthi syukur Alhamdulillahirabbil ‘alamin.

Sholawat sarta salam kasanjungaken dumateng junjungan kita Nabi Agung


Muhammad SAW, ingkang tansah dipun pepetri sesarengan , mugi pjn dalasan kula,
beja ndonya tumekeng delahan, Allahuma Aami.

 Sinawung syukur dalah sholawat ing ngajeng, keparenga pambiwara, daya-


daya ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun katata dening para
kadang ingkang sami hanawung kridha. Nun inggih.

4 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


Sepisan pambuka,mijilipun Temanten Putri, boga jenar,bedol kembar mayang
mapak Temanten Kakung, Temanten kakung panekar pangambyang saking
tlatah .......rawuh. lung tinampen temanten kakung, sakral panggih, krobongan,
mapak besan, waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an,sungkeman foto , madyaning suka
pambagya harja, upacara tedak kirab, bubakan, sabda tama do’a, panutup *

 Wondene sowan kula ....... sudung saking........


 makarya sesarengan kaliyan ibu juru Rias, Cruw tata rias.......
Ingkang mijil saking …..
 Dipun kantheni foto stodio...........
 Vidio shooting …… Saking.........
 Pun dukung audio sound sistym ……
 Dipun regengaken pasugatan lelipur .........
 Mewah dipun sengkuyung sinoman …….
 Dipun pancaraken live Streeming lumantar........... Cannel.
 Dipun giaraken langsung lumantar ombaking suwasana radio........ mgz.
Mekaten reroncen adicara sampun katur, para tamu paring puja
astawa puji astuti ngantos titi purnaning gati. saha katuran pinarak kanthi
sak merdika merdikaning kayun, sasamaning budi kalawan karsa.
1. Sinambi midanget ungeling gending ngantos suwuk, nuwun.
2. Ungeling gending kasigeg langkung,nuwun.

Sumangga adicara kabikak sesarengan kanthi waosan basmalah


(Bismillahirrahmanirrahim). Kanthi waosan basmalah mugi wiwahan ing ari punika
tumapak wiwit purwa madya ngantos wusana rancak nir ing sambekala. Allahuma
Aamiin.

5 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


2. TULADHA ATURIPUN PAMBIWARA, TEMANTEN PUTRI BADHE MIJIL

SAKING TEPAS WANGI TUMUJU SASANA RINENGGA.

 Para tamu kakung putri ingkang satuhu luhuring budi.


 Sampun wonten sasmita bilih Penganten Putri hanggenya hanglulur
sarira,hangulas wadhana, mewah hangedi busana sampun paripurna. Wondene
ingkang kepareng hanganthi hangembani pjn, Ibu......... dalah Ibu......../
hangampingi Rama Ibu.

-Mewah kaderekaken para kenya satriya manggala putri dhomas ngasta srana adad
jangkep, babar pisan mijil boga jenar.

Lamunta cinandra prasasat widodari ngejowantah.

Kabiwadha ungeling ......................................

1. Ktw,Mijil Wigaringtyas, Pl.6 2. Ktw. Sekarteja, Sl.M


3. Ktw, Puspawarna, Sl.M 4. Ktw Tumadah,Pl.6

3. TULADHA PANYANDRA PENGANTEN PUTRI MIJIL SAKING SASANA TEPAS WANGI


TUMUJU ING SASANA RINENGGA.

Reeeeeep sidem premanem, datan ana sabawane walang salisik,watu kayu


gegodongan tan ebah, samirana datan lumampah, kapikarnan lamat lamat
gangsa munya hangrangin, kasambet suwantenya waranggana, yo widyawati
kang hangelik uling ing angkasa.

binarung swaraning ketawang............, ana ganda arum, lumrang banjaran


sari, hangebeki jroning sasana wiwaha.

nulya kawuryan ana teja hangenguwung mawa praba, tuhu punika tejane
Penganten putri ingkang mijl saking sasana tepas wangi tumuju ing sasana
rinengga.

6 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


Pantesing busana memba busananing prameswari nata, Tinon saking
mandrawa, abyor mompyor pating calorot kadi kilat asesiring.

Amucang kanginan denira lumaksana, membat marga luminggang ing warih,,


meloking wadana sumunu agilar gilar kadi kencana binabar.

Sunaring netra andamar kanginan, lumering sarira sinembuh indahing busana,


akarya cingaking para ingkang samya humiyat.

Mila mboten nomo aneh sekaring kedaton,bebasan ayune ora ana kang
ngungkuli, dasar wanodya galak ulat raga, gandes luwes gonas ganes merak ati,
ukel kabrongsong melathi saya mencorong, wanodya kuat kadunungan drajad
pangkat.

Bawaning wanita utama tedaking kusuma rembesing madu, darahing wong


amara tapa,turuning kang handana worih.

Pantesing busana memba busananing prameswari nata, tinon saking


mandrawa abyor momyor pating calorot kadya kilat asesiring.

Kawistingal temanten putri wus prapteng unggyan kang tinuju, Lenggah


malelo sinanding patah sakembaran ingkang tansah samekta, sinambi
hanglaras ungeling gending ngantos suwuk. tekata mangkana pangudi
asmaraning driya ingkang dereng kawiyosing lisan. Nuwun.

7 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


4. TULADHA ATURIPUN PANATA CARA, SASAMPUNIPUN PENGANTEN
PUTRI LENGGAH WONTEN SASANA RINENGGA.
Kawistingal sang kusuma dewi rara ayu........ Sampun lenggah malelo neng
madyaning sasana rinengga, sinebaran sari- sari ginanda widha. kanthi hanggana
laras, kaapit patah sakembaran,hangrantu laksitaning adicara kang wus rinantam.

5. DUTA SARAYA BADE MANJING PAWIWAHAN MIJIL BOGA


JENAR.
Tanggaping sasmita ki duta saraya panjenenganipun Bp........ daya-daya manjing
wiwahan hanganthi para kenya warara pepethaneng putri domas, tan kantun
tutwuri . para sartriya manggolo.
Jumangkah ponang suku netepi darmaning luhur sinambi nyekar tembang dandang
gendis. Laras, PL/SL
Ngampil titi larase ...........

Dipalarke.........

1. Tuhu mijil, sasana pinanci.


2. Kang winastan, ponang boga jenar.
3. Wit iku da, di sranane.
4. Boga je nar, puniku.
5, Nenggih boga, manca warna yekti.
6. Kinarya sung, nugraha.
7. Mring Temanten, ipun.
8. Ingkang nedeng, pinahargya.
9. Pinaringan, berkhah rahmating hyang widhi.
10. Kalis ing sambikala.

8 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


Wus Prapta Unggyan kang tinuju ki duta saraya mewah para paraga sigra kandek
lampahe. tumuli imbal pangandika,yenta kaweca kedaling lathi.

Duta : Nuwun kula nuwun kangmas mbakyu,Assalamu ‘alaikum wr wb.

Bp : Waalaikum salam wr wb dhimas mangga mangga.

Ibu : Wilujeng rawuh dhi mas,matur agunging panuwun.


Duto : Pangestu panjenengan kangmas mbakyu ,sowan kula niskala.
Punika ubo rampe srana jangkep adat apolokrami ingkang kaasta para
putra dhomas manggala siji mbaka siji Panjenengan tampi.
Bp : Inggih tarimo kasih dhi mas,daya daya kula tampi.
Kene ngger tak tampa wujuding srana abon abon, bogo jene, unjukan,
sindur , sawetara kembar mayang tumuli tampanen ngger dhomas
manggala.
Mangolo : Nun ingih sendika dawuh, sendika bopo,sendika budhe, sendika.
Duta : Ngesti dawuh.injih,mboten bade nguciwani. kepareng kula sakadang
tumuli daya-daya bidal nyuwun pamit.
Bp. : Iyo dhimas, ora ketang colok lintang sambung obor tumuli budala,
Pamundutku duga- duga digawa ngati-ati kongsi ojo
Nganti ono kang keri.
Duta : Nun inggih kados sampun pepak mboten kirang sawiji.
Bp : Sokor bage sekethi jumurung sinartan puji dongo.

MC : Paripurna nggenya sami wawan pangandika, ki duta saraya daya- daya

madal pasilan.

9 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


6. ADA ADA BEDOL KEMBAR MAYANG MAPAK TEMANTEN KAKUNG.

Para tamu inkang sinuba ing pakormatan,ki duta saraya mewah para satriya
manggala,Tumuli madal pasilan mapak temanten Kakung tindak lon lonan
hambarengi samirana kang sumilir.
Buka Celuk = Ilir – ilir
Utawi gending sanese...............................

Tak sengguh temanten anyar = oe ya e yo oa

1.“ Pratitis prigel kaladuk kendel karana hanggadahi piandel,datan girang


sumelang sekabehing pepalang Ki duta saraya cundoko lampah mewah para
manggala satriya talang pati senopati wus madal pasilan “

Kanggo mbasuh dadatira. = Oe ae yo oa

2.“ Kawistingal prapteng madya wiwahan sang pangarso tan kendat memuji
dunga genya nindaaken jejibahan kang luhur sak margo-margo mugi antuk
karya nir ing rubeda kalis saking sambikala”tan mambeng sakara kara.
Kanggo seba mengko sore = MC. Mumpung gedhe/Padang
Rembulane.
= MC. Mumpung jembar kalangane.
Mumpung jembar kalangane Ungeling ilir- ilir kasigeg.
Yo surak a surak hore/hayu.

3.“ Nun inggih, Wus prapta unggyan kang tinuju para paraga mbikak korining
panti palereman temanten….......... mewah gotrah saking kadang besan daya-
daya ing ngaturan monggo nakmas temanten…… dalah sedaya panderek
pangombyong saking........ katuran samapta rawuh, ing sasono pawiwahan”
Nuwun.

KETERANGAN : Menawi duta kembar mayang sampun dugi palereman ilir-ilir kasigeg cekap sak pupuh.

Utawi menawi paleremanipun tebih ilir-ilir saget kalajengaken kalih Pupuh.

10 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi


11 untuk Kalangan Sendiri Ki Idris Suyadi,Ngawi

Anda mungkin juga menyukai