Anda di halaman 1dari 5

WISUDA TALI DARMA

Snarengan wenganing kori brojonolo


Dinten …………………… katiti suryo………
……………condro…………..1957 jumawal
Bp / Ibu………..( pemangku gati )
Siyogo nampi sowanpun putro. Tumuli gya marngi unjukan tirto wening dateng putro temanten kekalih,
pinongko jampi salid. Ing pangajab mugi jroning mangun bebrayan samubarang pakarti tansah
linambaran panggalih ingkang wening. Tundonpun sedoyo pakarti mugi mboten nalingsir saking
paugeran.
Ingkang putro temanten jalu tumuli kaparingan sangsangan melati rinonce, cakrik bawang sebungkul
hangudan riris kinancingan sekar kantil
CONDRO PAPAN

Para tamu ing pahargyan temanten sang pamengku gati suko paring eden – eden udiyana murup, sekar
awarna seta maweh suasana suka rena, sekar awarna retna maweh suasana gumbira, kumarick
sabawaning tirta ing taman tinata, dating resep lamun kadulu.
Pepak sinaraja pasugatan dedaharan mewah unjukan, sumangga Bp /Ibu para tamu kersoo ngresepi
kanti suko renaming penggalih ngantos purnaning pawiwahan.

Para tamu mugi wonten keparingipun paring dongo pangestu dateng putro temanten kekalih, mugi
sageto manggih kamulyan sejati, sakinah mawadah warohmah.
Sawusta kepareng paring donga pangestu, sagung para tamu mugya kersa kembul bujana handrawina
kanti ladi pribadi. Kinarya wahyaning pamuji syukur mring ngarsaning Gusti ingkang maha wikan
KIRAB TEMANTEN SARIMBIT

Pinanganten sarimbit denya lumampah tansah kekanten asta. Bebasan keket raket renggang gula
kemepyur pulut, runtung – runtung rerentengan pinda mimi lan mintuna.
Kekalihnya sajak lingsem nanging suka, hanggung reremetan asta, hanggraita lamun para tamu datan
ono kang uninga. Ing raos muluk hangambara nikmat mupangat tanpa pama, kados wus manggih
raosing rasa rinuruh, supe purwa wasana, hangraos menawi jagat punika kadahanipun priyangga
BADE ATUR PAMBAGYO HARJO

1. Satuhu edi endah babaring budaya ingkang winahya wonten saklebetipun …………….
Estu dados regenging pasamuan ingkang dipun adani Bp / Ibu…………
Laku jantraning bagaskara wus nigas / nyaketi garising cakrawala
Wus ndungkap mangsakala Bp / Ibu……..bade nglairaken raos pangraosipun ingkang tasih
kandek jroning wardaya. Ketaling lathi lumantar jumenengipun Bp…………..
Jinajaran Bp…………kalian Bp…………..
2. Pangeliking waranggana lan kadang wira pradangga anggenipun sami makarya estu dados
regenging suasana.
Hanamung kapekso kulo sigeg sak wetawis bade hanglajengaken adi cara candakipun hanenggih
ambalaning atur panakrami katur para tamu. Lumantar jumenenipun Bp………….

PURNA ATUR PAMBAGYA

1. Karoban memanis sinandung ing kastuba manik


2. Mega kuwung maweh teja mangkawa hangkrenggani ngantariksa, maweh sukeng driya sakehing
dumadi
PAMBUKA ACARA IJAB

Para pinisepuh, sesepuh, ajisepuh, pangarsaning agami ingkang kepareng lenggah ingkang kulo bekteni
petugas KUA Kecamatan…………….ingkang kinurmatan, para tamu kakung putri ingkang kinurmatan.
Pujo hastungkara dateng Gusti ingkang maha wikan, pamuji syukur awit keparengipun paring nugraha
ingkang tanpa pepindan, katitik lestantung rumeksa kawilujengan mirunggan paring darmastuti dateng
sang pamengku gati pinanggihaken dirga yuswa, cinaketaken suka basuki.
Keporo saestu menawi katraju birawaning galih mboten wonten ingkang sami, ingkang pun raosaken
Bp / Ibu …………..
Kaliyan besan sutrisna Bp / Ibu………….
Awit sampun sembada hamiwaha putra, mahargya siwi, ngentas pitulus putra lan putri, hanetepi
darmaning sepuh / bandul krami
Roro………….
Kaliyan
Bagus ………..

Anda mungkin juga menyukai