Anda di halaman 1dari 12

MC

Assalamualaikum wr.wb

(muqoddimah)

 Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci
wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu
luhur ing budi.

 Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.

 Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka


pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.

 Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah Dusun Campursari


Desa Wungurejo Kecamatan Srumbung Kabupaten Ngayogyakarta ugi para
tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.

Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji


syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih
kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan
sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu Derek-derek
mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir
sambikolo kalis ing beboyo.

Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito


Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani
domateng panjenengan ipun bapak Muhadi dalah keluwargo, anggenipun ngentas
pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus
Saputra/roro Indana ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah
keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah
warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah, Amin………
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning
penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan
puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah
anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan
Walimatul urus sing/dalu puniko,

Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados


rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.

1. Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko


2. Adicoro ongko 2 yaiku pambagyoharjo
3. adicoro ongko 3 pangendikan saking dutaning besan minongko pasrah
pinanganten
4. adicoro ongko 4 atur penampi penganten saking mengku gati
5. Wondene adicoro ingkang ongko 5 nun panyandra
6. Kalajengaken wejangan / catur wedha
7. Wondene adicoro ingkang ongko 7 nun inggih do'a minongko
panutuping adicoro.

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan
mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab
mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih
rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala

LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN


NIYAT AL-FATIHAH

Acara Kaping kalehipun , yaiku pambagyoharjo wekdal saha sasana kawula


aturaken……

Mekaten adicoro kaping kalihipun ingkang sampun ceto tatas soho titis tur
trawoco
‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !!

Wahyaning mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito
sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko tigo adicoro ongko 3 pangendikan saking
dutaning besan minongko pasrah pinanganten

‘’Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan !!

Tumapak adicara ingkang angka sekawan nun inggih atur pasrah saking
kulawarga pinanganten kakung pramila punika dumateng panjenenganipun bapak
Muhadi ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking
keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken……

Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco

Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun
aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan menika kita lajengaken. Minangka
adicara ingkang angka sekawan nun inggih
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.

(wejangan)

Bilih pinanganten sarimbit anggenipun bade nyilemi samudraning bebrayan,


ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi
piweling soho pitedah, ingkang meniko panjenengan ipun bapak Muhadi Dalah gotrah
keluwargo ngeryoso panjenengan ipun bapak Muhadi ingkang gambuh salwiring
kaweruh, kersoho paring warsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten
sarimbit khususipun, umumipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo. pramilo
dumateng panjenenganipun bapak Muhadi wekdal soho sasono pangendikan kawulo
aturaken.

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.


minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe
kapandegani Mas Yudha Arif Rahman, ananging sakderingipun adicara do'a
kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken
pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan
saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu.
Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten
solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun agunging
pangaksami

Lan dumateng Mas Yudha Arif Rahman, wekdal saha sasana kawula aturaken.
Pambagyoharjo

Assalamu’alaikura Wr. Wb.

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu dahat kula bekteni. Para rawuh kakung
sumawana putri ingkang satuhu bagya mulya. Mugi rahayu saha winantu sagunging
karaharjan mugi kasarira ing para tamu sadaya.

Keparengan kula sumela atur nggempil kamardikan panjene-ngan sekaliyan, kalanipun


sakeca wawan pangandika.

Kula minangka tetalanging tanggap wacana, kalilanana kula matur ing ngarsanipun
para rawuh sadaya, bilih saking kepare-ngipun Bapak Ahmadi sekaliyan, kula
tinanggenah nglairaken raos pangraos ingkang mijil saking telenging wardaya. Ingkang
dingin : ngaturaken sewu syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsaning Gusti Allah
SWT. dene hajatipun Bapak Ahmdi tuwin ibu Maysaroh anggenipun gadhah damel
ndaupaken putra putri ingkang nami “Saputra” sampun kalampahan daup kaliyan
Indana rikala dinten Kemis tanggal kaping 26 – juli 2018 ( nemlikor juli rongewu
wolulas ) wanci jam 8 siang, wonten tlatahipun Ds. Kumpulsari Desa wungurujeo
kanthi wilujeng niring sambikala. Kaping kalihipun Bapak utowo ibu Sohibul bait
sakulawarga

kanthi bebeg birawaning manah, ngaturaken suka bingahing manah saha ngaturaken
pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur para
rawuh sadaya ingkang sampun kersa rawuh, saperlu paring berkah wilujeng dumateng
Sri pangan-ten sekaliyan, sumrambah dumateng sanak saderek sadaya.

Boten kasupen Bapak saha Ibu sohibul bait ngaturaken

agunging panuwun ingkang tanpa upami katur para sadherek, kadang kadeyan pamong
mitra, tangga tepalih saha para muda-mudi sadaya ingkang sampun kanthi lila
legawaning manah paring pambiyantu lan panyumbang ingkang awujud punapa
kemawon, Sarehning Bapak saha Ibu sohibul bait sakulawarga mboten saged ngatun
piwales punapa-punapa, sagedipun namung ngaturaken puja-pudyastuti, mugi-mugi
panjenengan sadaya angsala sih kautaman saking ngarsaning Gusti Allah SWT. sarta
angsala piwales sih kanugrahan ingkang matikel-tikel saha mawantu-wan-tu.
Kaping tiganipun, Bapak saha Ibu sohibul bait sakulawarga

nyuwun sih panarima panjenengan sadaya, kersaha paring berkah pangestu puja
pangastuti, mugi-mugi Sri panganten sekaliyan sageda nglaksanani kekudanganipun
para pinisepuh sadaya.

Sageda Sri panganten sekaliyan antut runtut dumugining kaken-kaken lan ninen-ninen,
rahayu, widodo kalis ing sambekala. Saha mugi-mugi enggal angsala momongan putra
utawi putri ingkang bekti dhumateng Allah SWT., bekti dhumateng rama ibunipun saha
para pinisepuhipun, sageda mikul duwur mendhem jero, labuh labet dateng nagari saha
bangsanipun, sageda murakabi dhateng bebrayan agung.

Kaping sekawanipun, mbok bilih wonten kiranging trapsila anggenipun ngacarani,


bojakrama para sanak sadherek ingkang tinanggenah among tamu saha kirang mranani
anggenipun mapanaken palenggahan, ugi kirangipun trapsila anggenipun para
kaneman nyaosaken pasugatan, mugi kersaha para tamu angluntu-raken samodra
pangaksami.

Ing wasana para tamu kasuwun keparenga anglajengaken lelenggahan kanthi


mirunggan. suka manggung, suka murakabi sedaya pasugatan lan lelangen ingkang
sampun sumawis ngantosa dumugi sak paripumaning pawiwahan punika.

Minangka panutuping atur. mbok bilih anggen kula ngaturaken tanggap wacana
pambagya wara punika kathah cicip cewet kuciwanipun, saha kirang trapsilaning
anggen kula matur, kersaha para tamu anglunturaken samodra pangaksama.

Akhirulkalam, billahit taufik wal hidaya,

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun !
Pasrah nganten kakung

Panjenenganipun ingkang dhahat kinabekten, para pepundhen, para pinisepuh, saha


para sesepuh ingkang tansah anggung mestuti dhumateng darmaning kautamen.
Langkung-langkung panjenenganipun Almukarrom KH. Maulana ingkang tuhu
kinurmatan. Panjenenganipun para ‘Alim, para 'Ulama, para Kyai, para Ustadz
Ustadzah ingkang rinten pantaraning ratri tansah sumandhing pustaka suci minangka
panuntun keblating panembah ingkang hambeg pepoyaning kautaman.
Panjenenganipun para pangreh pangemban pangembating praja minangka pandam
pandom pengayomaning para kawula dasih ingkang satuhu pantes tinulad lan
tinuladha. Sanggya para rawuh, para lenggah kakung miwah putri, sumrambah para
kadang wredha mudha, ingkang tansah winengku ing suka rahayu. Mirungganipun,
panjenenganipun Bp/Ibu Sohibul bait gotrah kulawarga, saha sanggyaning bebrayan
agung ing tlatah Campursari, Ds. Wungurejo ngriki ingkang luhur ing budi. Wilujeng
siang , sugeng pepanggihan, lan sugeng lelenggahan.

Langkung rumiyin puja-puji syukur mugi konjuk dhumateng ngarsa dalem Allah SWT,
karana sih wilasa miwah barokahipun ingkang sampun kaparingaken dhumateng
panjenengan sedaya lan kula sahengga wonten ing wekdal menika kula panjenengan
sedaya saged makempal wonten menika papan kanthi pinaringan karaharjan mboten
manggih alangan setunggal menapa. Pramila saking menika kula ikroraken kanthi
maos kalimah tahmid 'alhamdulillahirobbil'alamin.' Shalawat lan salam mugi tansah
lumintu lumintir dhumateng titah linangkung ingkang dados panutan patuladhan kula
panjenengan nenggih Sang Nabi Agung Muhammad SAW ingkang kula panjenengan
antu-antu syafangatipun wonten yaumil qiyamah. Allahumma amin.

Kula pun Rayi saking temanten kakung ingkang piniji minangka sulih wicara
panjenenganipun Bp/Ibu sohibul bait nuwun inggih tiyang sepuhipun temanten estri
ingkang pidalem ing tlatah campursari, Ds. Wungurejo keparenga matur dhumateng
panjenenganipun Bp/Ibu Sohibul Bait dalah gotrah kulawarga,

Ingkang sepisan, kula sarombongan saking Temanten Kakung sowan dhumateng


panjenenganipun Bpk ibu Sohibul bait sagung kulawarga, kanthi niat silaturrahmi.
Kaping kalihipun, ngaturaken salam taklimipun Bpk Muhadi gotrah kulawarga, katur
dhumateng panjenenganipun Bpk ibu Sohibul Bait sagung kulawarga dalasan bebrayan
agung ing Tlatah Campursari Ds. Wungurejo ngriki, saha sanggyaning para rawuh para
pilenggah, kula ikroraken kanthi atur “assalamu'alaikum wr.wb.”
Kaping tiganipun, Bpk Muhadi sakulawarga ngaturaken ndherek suka bingah, dene
panjenenganipun Bpk ibu Sohibul bait sampun saged ngleksanani darmaning asepuh,
hanenggih malakrameaken ingkang putra kanthi pinaringan berkah pangestu lan
langkung-langkung sineksen dening para pinisepuh. Kepara malah sampun nampi kula
sarombongan kanthi pakurmatan ingkang ngremenaken, pramila saking menika kula
sarombongan ngaturaken agunging panuwun.

Panjenenganipun Bp/Ibu Sohibul Bait dalasan kulawarga ingkang minulyeng budi, Bpk
Muhadi gotrah kulawarga, lumantar kula ngaturaken agunging panuwun, awit putra
temanten sampun kaijabaken lan sampun sah anut satataning agami lan negari,
menapadene kadhaupaken anut satataning adat ingkang lumampah ing ngriki, kepara
kanthi sineksenan lan pinaringan berkah pangestu para pinisepuh lan sesepuh, pramila
saking menika, putra temanten kakung, nuwun inggih “Saputra” kula pasrahaken
dhumateng Bp/Ibu Sohibul Bait dalasan kulawarga, kinanthenan pangajab, mugi lare
menika karengkuha kadidene putra pribadhi, kagulawenthah saha pamardi, sahengga
sageda netepi jejering priya ingkang tanggel jawab dhumateng garwa lan bale wisma,
saha bekti dhateng sesami, lan tansah atul manembah mring Gusti.

Ugi mboten kesupen, panjenenganipun Bp/Ibu Sohibul bait gotrah kulawarga,


amasrahaken putra temanten wonten kukubaning bebrayan agung ing ngriki, mugi
tinampia dados warganing bebrayan ingkang pikantuk pengayoman saha pambiyantu
sak murwatipun.

Kejawi saking menika, inggih awit saking kiranging seserepan putra temanten ing
samukawis, keparenga ugi paring pitedah-pitedah, ingkang tundhonipun saged
migunani anggenipun sami nindakaken darmaning agesang ing bebrayan agung, jer
menika lare, lare ndhusun ingkang taksih bodho, cubluk lan mbalilu, mila katambahana
menawi kirang, lan kaemutna menawi supe lan lepat, sahengga tundhonipun saged
dados kulawarga ingkang sae, ingkang sakinah, mawaddah, warohmah, ingkang mugi
tansah pikantuk berkah, lan pinaringan momongan ingkang soleh solihah. Allahumma
amin.

Para rawuh para pilenggah ingkang mahambeg ing tresna lan asih, kados kirang
wicaksana bilih kalantur-lantur anggen kula matur, labet kados taksih kathah
reroncening adicara ing titi kalenggahan menika. Dene saparipurnaning adicara ing
mangke, kula sarombongan keparenga badhe nyuwun pamit lan nyuwun tambahing
pangestu, mugi tansah pinaringan kawilujengan, nir-baya, nir-wikara,
nir-ing-sambekala.

Mboten katalompen, kula ingkang tinanggenah minangka talanging atur, menapadene


para kadang sarombongan, mbokbilih anggenipun matur saha sowan mboten
andadosaken pirenaning penggalih keparenga diagung ing pangaksami.

Akhirul kalam, Billahittaufiq walhidayah. Wassalamu'alaikum wr.wb.

Assalamu’alaikum Warahmatullah Wabarakatuh


NOMPO NGANTEN LANANG

Para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Bapak-bapak, ibu-ibu para tamu kakung
sumawana putri, kadang muda-mudi ingkang satuhu kula tresnani, maliginipun Bapak
Muhadi sakulawarga mangka duta saraya saking kadang besan sutresna, ingkang dahat
sinudarsana. Mangga kita tansah ngaturaken raos syukur dhumateng Gusti Alloh SWT,
amargi saking nikmat, taufik, hidayah, inayah, sarta ridhoning Gusti Alloh SWT
ingkang sampun rumentah dhumateng kita sedaya, satema kita sedaya saged rawuh ing
ngriki kanthi wilujeng nir ing sambekala. Mugi salam sholawatipun Gusti Alloh SWT
tansah tetep konjuk ing ngarsanipun junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW
ingkang tansah kita ajeng-ajeng syafangatipun benjing ing yaumul kiyamah.
Saklajengipun, saking atur pasrah penganten kakung, inggih menika Arya Sukma,
saking panjenenganipun Bapak Muhadi, ing ngriki minangka sulih kulawarga Bapak
Ahmadi sekaliyan, kula kadhawuhan nampi pasrahing penganten kakung menika.
Pramila, keparenga amratelakaken bilih anggen panjenengan masrahaken panganten
kakung kula tampi kanthi asta kalih lan kanthi suka renaning penggalih. Mugi-mugi
kanthi menika, berkah nugrahaning Gusti Alloh SWT tansah rumentah dhumateng
panganten sekaliyan lan sumrabat dhumateng kulawarga kita sedaya. Salajengipun
panganten kakung badhe sarimbit kaliyan panganten putrinipun Sundari Ayu
dumungkup upacara candhakipun. Menika ingkang saged kula matur, mbok bilih
anggen kula ngaturaken panampi punika taksih kathah cicir cewet kuciwaning atur,
saha kirang mranani anggen kula matur. Mugiya sedaya para rawuh ngluberaken sih
agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh


Panyandra

Binarung swaraning pradangga munya hangrangin,Hambabar Ketawang sekarteja


utowo Puspawarna. Kaya ganda hangambar arum katiuping samirana manda.
Kawistingal jengkaring temanten putri mijil saking panti busana.

Panti ateges papan busana ageman,mijil saking panti busana ateges miyos saking
papan ageman nedya sumarak wonten ngarsanipun para tamu manjing ing salebeting
sasana pahargya.
penganten putri hangagem busana kang sarwaretna hangemba busananing garwa nata.
Katon pating galebyar pating pancurat ,lamun rinumpaka ing ukara yayah sileh prenah

Hangagem puspita rinonco ingkang ukelira kasampiraken ing pamidhangan kanan,


lamun katiyuping samirana kongas gandane hangegi sajroning sasana pahargya.

Endaah edining busana hangimbuhi gandhes luwes solah bawane, lamun cinandra ical
sipating jalma sawantah pan yayah Bathari Ratih ngeja wantah.
CATURWEDHA

Putraku saputra kang sutresna, kanggo sangu ing madyaning bebrayan agung, kang
Rama perlu menehi ular-ular kang diarani Catur Wedha, sing unine kaya mangkene :

Sepisan,

Rehne sliramu bakal dadi garwane putriku, tandang tandukmu kudu tansah dewasa, aja
kaya nalika isih jaka. Semono uga sisihanmu dalah momonganmu, kudu ngerteni yen
wis ana sing ngemong.

Kaping pindho,

Lahir batin kudu tansah sungkema marang maratuwamu kayadene wongtuwamu


dhewe.

Kaping telu

Urip bebrayan agung mono, wajibe kudu netepi angger-angger paugering praja. Tansah
hambeg mring sasama dimen sinuyudan temah anjalari gancar ing saluwiring pambudi
daya.

Kaping papat,

Estokake dhawuhe Pangeran Gusti Allah Swt dalah Gusti Kang Makarya Jagad, lan
adohana wewalere, warahing piandel utama agama sing kok anut lan tindakna saben
dina supaya ayem tentrem lahir batin.Cinaketna ing sukawirya lan bisaa murakabi
marang nusa lan bangsa.

Anda mungkin juga menyukai