Anda di halaman 1dari 4

PRANATA ADICARA

Assalamu'alaikum wr wb,
Nuwun, kulanuwun.
Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang
hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes
pinundhi. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri
ingkang sinuba ing pakhurmatan. Para kadang wredha mudha ingkang
winantu ing suka basuki.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,
dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan
panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri
minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing
wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana
adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manengku puja wonten
ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring
rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan
agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng
panjenengan sadaya dalasan kula, saengga kita saged hanglonggaraken
penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing
pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu
dhumateng Bapa ......... sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning
sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa
winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata
adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para
kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati,,purwakaning pahargyan inggih sowanipun
putra temanten putri mijil saking tepas wangi
manjing ing madyaning sasana rinengga.
Dwi laksitagati,,lampahipun putra temanten kakung tumuju
dhateng madyaning sasana wiwaha.
Tri laksitagati,,pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati,,dhaup panggihing putra temanten anut
satataning adat widhiwadana ingkang sampun
sinengker tumunten kalajengaken upacara
krobongan
Panca laksitagati,    nderek mangayuhbagyahipun kadang besan
dhateng ingkang hamengku gati ing sasana
wiwaha tumunten kalajengaken upacara
sungkem
Sad laksitagati, atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang
hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati,,lengseripun temanten sarimbit saking
madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana
busana, saperlu rucat busana kanarendran
santun busana ksatrian
Hasta laksitagati,,sowan malihipun temanten sarimbit
ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang
pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati,,paripurnaning pahargyan inggih
jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning
sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning
pawiwahan.

Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri


kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing
palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken
hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending-
gendhing saking Paguyuban Karawitan Sekar Melathi.

Nuwun, matur nuwun


Wassalamu'alaikum wr wb,

Tuladhane pasrah:
Besan                                   : Bp./Ibu Sardjono
Ingkang hamengku gati     : Bp./Ibu Sarjito
Temanten kakung               : Bagus Sudibyo, ST
Temanten putri                    : Rr. Salindri, SE
Ingkang pasrah                   : Daryatmo
Ingkang nampi pasrah       ; Bp. Sadono
Wiwahan                             : dinten Minggu, 11 Desember 2012
Tuladha Pasrah
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun
tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian. Ing ngriki kula pinjil dados paraga
sulih sariranipun Bp. Sardjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur
wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin
ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillahirobbil alamin dhumateng Pangeran
Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan
kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena. Amin ya robbal
alamin
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing
ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sardjono sekaliyan
mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya
saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken temanten kakung pun Bagus
Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing Kuripan
Purwodadi ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2012 badhe kadaupaken
kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking
punika titiwanci punika temanten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing
ngarsa panjenengan borong menggah kalaksananing sedya. Kula namung nderek
memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping
tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten
mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami.
Nuwun matur nuwun.

Tuladha Nampi Pasrah Temanten

Nuwun /kula nuwun,


Katur dhumateng Bp. Daryatmo ingkang kinormatan. Kula ing mriki minangka
sulih sariranipun Bp. Sarjito sekaliyan, titiwanci punika mundhi dhawuhipun kinen
nampi saha hananggapi menggah rawuh panjenengan.
Ingkang punika langkung rumiyin kula munjukaken puji syukur Alhamdulillah
dhumateng ngarsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung, dene hawit saking paringipun
berkah lan pangayomanipun, panjenengan sampun kasembadan rawuh ing mriki kanthi
wilujeng.
Dene punapa ingkang dados wigatinipun, ing ngejeng sampun panjenengan
dhawuhaken, wiwit purwa ngantos wasana kados mboten kirang trewaca malih
menggah panampi kula, inggih punika salam taklim saking Bapak Sarjono sekaliyan
sampun kula tampi lan badhe kula aturaken dhumateng Bapak Sarjito sekaliyan,
samanten ugi Bapak Sarjito sekaliyan ngaturaken salam kawilujengan mugi katur
Bapak Sadjono sekaliyan, salajengipun pasrah panjenengan temanten kakung pun
Bagus Sudibyo, ST, kula tampi kanthi suka bingahing manah, lan enggal badhe
kapanggihaken kaliyan Rr. Salindri, SE putra putirinipun Bapak Sarjito sekaliyan.
Dhumateng Bapak Daryatmo sapangombyong, sasampunipun dhauping temanten ing
mangke kula suwun lenggah ngestreni saha hanjenengi wiwahan punika ngantos
paripurna.
Semanten atur panampi kula, manawi wonten galap gangsuling atur mugi
keparenga paring pangapura.
Matur nuwun.

Anda mungkin juga menyukai