Anda di halaman 1dari 11

Kula dyah ayu nim B0121030 badhe pendadaran uts pambiwara bab panghargyan

pawiwahan

Nama : Dyah Ayu Murniati


Nim : B0121030
Kelas : 5A/ Sastra Daerah

Tugas pambiwara
Teks pahargyan pawiwahan penganten

Asaalammualaikum wr wb

Kawilujengan, karaharjan, rahmat, hidayah, barokahipun allah ta' ala mugi tansah tumedhak
kajiw sarta kasarira dhumateng panjenengan dalah kula.

Kaleres dinten pinilih ahad pahing, surya kaping 3 september 2023, pahargyan pawiwahan
dhaupipun Rr. Dyah ayu mawar kusuma buwana putra putrinipun Bp. Warto saha Ibu. Sarpi
saking laladan karanganyar ingkang sampun dhaup kaliyan nak mas Bgs. Anggar jito wicaksono
putranipun Bp. Gunanto saha Ibu. Harjanti saking laladan sukoharjo, kaleres dinten menika
kapahargya wonten ing dalemipun Bp. Warto kawiwitan.

Assalammualaikum wr. Wb

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang utama lan luhur ing budi saha
ingkang tansah kula bekteni

Para satriyaning nagari ingkang tansah bebela bebener saha hambrastha angkara murka.

Para alim ulama, ustad, para kyai ingkang tansah dhedhepe wonten ngarsanipun Alloh Swt,
saha tansah sumandhing kitab suci wahyu Ilahi Robbi; ingkang tansah paring pandam
pandoming bebrayan agung; sarta ingkang tansah amar ma’ruf nahi

Para priyagung, para pangemban pangembating praja ingkang minangka pangayoman saha
tansah damel ayem tentremipun kawula dasih.
Para dwija, sarjana sujaneng budi ingkang utameng budi saha tansah anyebaraken kawruh
ingkang utami murih raharjaning sesami.
Para tamu kakung putri, para kadang mudha tumaruna, sumawana para rawuh (sedaya
ingkang sami rawuh) ingkang samya bagya mulya saha tansah asih tresna dhumateng
sesama.

Minangka pambuka, sumangga kita sedaya tanpa kendhat tansah nyenyuwun saha hameminta,
mugi sih wilasa wilasanipun Pangeran tansah hanglimputana saha handayani hing papan menika,
satemah hamung pinanggih hayu, hayem, hayom lan handayani. Kanthi tansah hanyenyadhang
berkahing Allah Ingkang Maha Asih, kepareng kula Dyah Ayu ingkang jejer pambiwara
ngaturaken rancanganing lampah -lampah adicara hing wanci menika, dhaupipun Rr. Dyah Ayu
Mawar sari Buwana putra putrinipun Bp.
Warto saking laladan karanganyar ingkang kajatukrama dening Bg. Anggar jito wicaksono
putranipun Bp. Gunanto saking laladan sukoharjo.

Sanggyaning para tamu ingkang bagya mulya, wondene penganten kekalih sampun tinangsulan
tatacara akad nikah rikala Dinten Ahad pahing surya kaping 3 september 2023 kanthi wilujeng
kalis ing rubeda ingkang mapan wonten Dalemipun Bp. Warto.

Pinangka purwakaning adicara pahargyan pawiwahan ing siyang menika penganten putri
kakanthi lenggah hing sasana kursi rinengga.

Sasampunipun penganten putri sampun satata lenggah, katungka bidhalipun ingkang kasraya
mapak penganten kakung.

Wondene adicara srah tinampi penganten kakung katindakaken menawi penganten kakung
sampun samapta hing sangajengipun papan pahargyan pawiwahan.

Purna adicara srah tinampi, kalajengaken adicara tatacara panggih hanut satataning adat.
Manawi tatacara panggih sampun purna, penganten sarimbit kasingepan slindur, lajeng kakanthi
tumuju hing krobongan, samapta badhe hanindakaken tatacara krobongan.

Para tamu kakung putri ingkang tansah kula bekteni. Purna tatacara krobongan, besan
sapangombyong tumuli kahaturan rawuh martuwi penganten, ingkang limrah winastan besan
martuwi. Manawi besan sapangombyong sampun satata lenggah, penganten tumuli
hanindakaken tatacara krobongan, kalajenganken adicara kacar- kucur, lajeng adicara ngabekten.

Purna adicara ngabekten lajeng adicara istirahat saha hiburan, lan kalajengaken adicara foto
bersama.

Purnaning adicara winastan bedholan penganten. Mekaten para tamu sinedhahan kakung putri,
menggah rantaman inggih rancanganing lampah-lampah adicara pahargyan pawiwahan
penganten ingkang prasaja hing wanci menika, mugi handadosna kawuningan.

1. Miyosipun Penganten Putri.

Para sesepuh, para pinisepuh ingkang luhur ing budi, saha spara tamu kakung putri ingkang
tansah kula bekteni. Sampun wonten sasmita saking pamonging pahargyan pawiwahan, bilih
hing wanci menika, penganten putri sampun samapta badhe kakanthi lenggah ing palenggahan
penganten. Ingkang kasuwun hanganthi penganten putri mijil saking panti patenggan,
hamenggih Ibu. Giyanti sarta Ibu.sukinem.

Miyosipun lan lampahipun penganten putri anggenipun arsa lenggah wonten sasana kursi
rinengga, yen cinandra katingal mencorong tejane.

a. Panyandra

Sinawung kumandhanging gendhing sekar teja Penganten putri katingal sowan lumarap ing
sasana pawiwahan, saperlu nyuwun tambahing puji pandonga pangestu katur para tamu.

Katon asri lampahing sri penganten putri, kakanthi dening pini sepuh, nun inggih Ibu. Giyanti
dalah Ibu. Sukinem, kekalihipun sampun pantes sinudarsana, amargi wus kasembadan ngembat
gesang bebrayan, tansah nenuntun dhumateng para putra putrinipun ing tindak kautaman.

Lampahipun penganten putri sinarengan patah sakembaran nenggih anak ayu Cendana dalah
anak ayu nurita.
Dhasar kekalihipun tasih timur turta sami sulistya ing warna, pramila amimbuhi edi endahing
pawiwahan ing siang menika.

Sang rinaja putri mangagem busana warna cemeng tinaretes ing retna, gegelung puspita melathi
rinonce, amrik gandanya ngebeki saindhenging sasana pawiwahan, sakala amimbuhi daya
pangaribawa tumrap ingkang samya uninga.

Ndungkap ing sasana dhampar denta, Sang pinanganten putn sigra kanthi lenggah. Sidhem
konjem ing bantala wadananira. linambaran ing ulat manis, ing batos tansah nyenyadhong
pangestunipun para sesepuh, para pinisepuh, miwah para ingkang sami rawuh ing siang menika.

(Penganten putri lenggah wonten sasana rinengga kaapit patah sakembaran).

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah sinudarsana, penganten putri
sampun katingal sowan saha lenggah wonten sasana dhampar rinengga, ingkang saperlu samapta
ing gati badhe angayahi titilaksana salajengipun. Pramila mawantu-wantu panyuwunipun Bp.
Warto sarimbit, mugi panjenengan sedaya kepareng hanggung parisuka ndumugékaken
lelenggahan ngantos titi pumaning pawiwahan ing siang menika.

Salajengipun katur ingkang kinurmatan Bp. Mukti ingkang tinanggenah minangka dhuta
pamethuking penganten kakung, keparenga enggal angaturi penganten kakung bilih pawiwahan
sampun kawiwitan, saha kasuwun rawuh ing sasana wiwaha, saperlu angayati titilaksana pasrah
panampi saha dhaupipun risang penganten kekalih.

Lampahing putra penganten kakung saking sasana palereman tumuju dhateng sasana pawiwahan
ingkang kakanthi Bp. Mukti. saha Bp. Satrio, yen cinandra kadya manggih wilujeng.

2. Panyandra Penganten Kakung Lumebet ing Sasana Pawiwahan.


a. Panyandra
Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar teja maya, saya dangu saya cetha, saya caket
saya ngalela. Pranyata menika tejaning penganten kakung ingkang mijil saking wisma
palereman kinanthi manjing sasana pawiwahan.

Mubyar-mubyar busananing penganten kakung ingkang angemba busananing narapati,


lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing kaendahan
kang sanyata adi luhung, dene mrabu ateges pindha jejering narendra kebekan ing
kawibawan luhur, mrabawa' ateges sinung prabawa edi endah milangoni.

Dhampyak-dhampyak ingkang samya lumaksana angayab penganten kakung pinaragan


dening para kadang santana miwah warga wandawa. Dhasar penganten kakung dedeg
sembada wirotama, sarira amrabata, teguh ing driya tan mingkuh saliring kewuh, tatag
tangguh tanggon, tanggung jawab prapteng ngendhon. Mila kalamun cinandra yayah
srinarendra ingkang arsa tedhak siniwaka, lenggah ing dhampar dhênta.

Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang binabekten, katingal penganten kakung
wus prapta wonten sangajenging Wiwara, wisma wiwaha. Padha sakala para pangombyonging
penganten kakung kéndel sawatawis ingkang saperlu angayahi upacara pasrah panampining
penganten kakung.

3. Pasrah panampi Penganten Kakung.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhuring budi; para ingkang sami
rawuh kakung saha putri ingkang kinurmatan; gegandhengan penganten kakung sampun rawuh
ing sasana pawiwahan, pramila badhe dipunaturaken titilaksana pasrah penganten kakung.

Wondene ingkang badhe nyarirani masrahaken penganten kakung, ingkang kinurmatan Bp.
wandi jinajaran Bp. Wahyudi, salajengipun badhe katampi ingkang kinurmatan Bp. widodo
jinajaran bp. Angkasa kula sumanggakaken.

4. Penganten kakung mlebet ing wisma pawiwahan.


Paripurna menggah titilaksana pasrah panampi penganten kakung. Ing salajengipun Bp. Mukti
kasuwun anganthi penganten kakung ingkang saperlu angayati, upacara panggih.

Katur ingkang kinurmatan Bp. Suwandi dalah para pangombyonging penganten kakung,
kasuwun sumene sawetawis, saperlu paring puji pandonga dhumateng panggihipun penganten
kekalih.

Ingkang kinurmatan Bp. Saridi keparenga nyamektakaken sedaya ubarampe panggih.

Keparanga Ibu. Giyanti saha Ibu. sukinem enggal anganthi penganten putri tumuju wonten
samadyaning wisma wiwaha, ingkang saperlu angayahi upacara panggih.

Katur Bp. Bambang sarimbit keparenga samekta ing gati kanthi ngasta sindur kangge anyingkepi
putranipun ingkang badhe panggih. Wondene ingkang kepareng mratitisaken lumampahing
upacara panggih, ingkang kinurmatan Ibu. Mariyem Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah
putri, saha para ingkang sami rawuh, kanthi andhap anoraga keparenga jumeneng sawatawis
ingkang saperlu paring puji pandonga dhumateng penganten kekalih, ingkang nembe
dhaup/panggih.

Panggihing sri penganten kekalih kabiwadha ungeling gendhing kalamun cinandra pindha
swantening cantaka ing mangsa jawah.

5. Panyandra Penganten Dhaup.

Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing Gusti Kang
Murbengjagad. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi wanita ingkang
sumedya anetepi jejering agesang, ngancik alaming madya, mangun gesang bebrayan. Nenggih
dhaupira Nak Mas Bg. Anggar jito wicaksono putranipun Bp. Gunanto kaliyan Rr. Dyah Ayu
Mawar sari buwana putra putrinipun Bp. Warto.

Nalika samana penganten kekalih sampun sami lumaksana arih, tumuju dhumateng sasana
panggih. Sri panganten putri kawuryan wus jengkar saking sasana rinengga, datan kantun
penganten kakung sigra lumampah lon-lonan tumuju mring sasana panggih ingkang sampun
cinawisaken.
Swaraning pradangga munya angrangin, kadya asung pepuji pangastuti mring penganten kekalih
murih tansah kasembadan ingkang dados Begayuhan, sembada ingkang sinedya.Saya caket saya
caket denira lumaksana penganten kekalih, sakala samya apagut tingal. Tempuking pandulu
catur netra ingkang linambaran budi luhur, sakala wonten daya pangaribawa ingkang tumanen
ing sanubari.Saksana kumlawe astane penganten kekalih samya rebat dhihin ambalang gantal
sedhah rinakit. Gantal penganten putri winastan gondhang kasih, wondene gantal penganten
kakung awasta gondhang tutur.

Awit kaprabawan adiling Gusti Kang Murbeng Gesang dhumawahing gantal sedhah saged
sesarengan, penganten putri kenging jajanipun, penganten kakung kenging sukunipun. Sedaya
kalawau kinarya pralampita, bilih penganten kekalih badhe tansah mong-ingemong, sih-
sinisihan, mad-sinamadan datan wonten ingkang rebat leres ing salebetipun ngembat gesang
bebrayan.

Tindakira putra penganten kekalih datan rinaos sampun prapta ing sasana panggih, padha sakala
kekalihipun sami kendel sawatawis.

Tanggap sasmita Ibu. Mariyem ingkang minangka pinisepuhing panggih, sigra paring sasmita
saha mratitisaken penganten kakung hanindakaken titilaksana wiji dadi.

Alon sang abagus sigra anjunjung ampiyan kanan kadhawahaken ing tigan ingkang sampun
cumawis, sakala... pyar... tigan pecah tan maujud malih. Jene lan pethak makempal nyawiji
datan saged kapilahpilahaken, ingkang makaten mujudaken pralambang bilih sesambetanipun
Sri Panganten kekalih sampun kaidenan ing para sepuh, ical sedaya warana, saha wewaler ing
antawisipun jalu lan pawestri

Purna nindakaken pamecahing wiji dadi, sang rinaja putri agahan anyaketi bokor kencana kang
isi puspita manca warna, agahan amijk ampeyanipun ingkang garwa, kanthi tulus ikhlasing
wardaya, bilih wiwit ing ari menika ngantos akiring agesang, badhe tansah bek mitubu mring
guru laki.

Paripurna amijiki ampeyan, penganten kekalih kajumenengaken jajar, siningkepan sindur dening
Ibu.
Sarpi dados sawiji. Sindur awarni abrit lan pethak minangka pralampita, manunggaling jalu lan
estri. Mugi-mugi s penganten kekalih tansah manunggal tekad tansah atut runtut manggih rahayu
suka basuki, saged minangkani kekudanganipun par pinisepuh.

Penganten kekalih sigra lumaksana lon-lonan kanthi gegandhengan asta nganut tindakipun Bp.
Warto, minangka pangarsaning tindak saha pangarsaning kulawarga. Pramila nggenya tindak
tansah ing ngarsa sung tuladha, tansah nyenyuwun wonten ngarsaning Gusti Kang Mahaadil,
mugi-mugi putranipun ingkang sampun nindakaken gesang bebrayan tansah pikantuk tuntunan,
pepajar, saha pangayomanipun Gusti Kang Mahamirah.

Nalika samana, tindakira putra penganten kekalih datan rinaos sampun prapta ing dhampar
sasana rinengga, marma sigra katata. pupkalenggahaken marak ing ngarsanipun para ingkang
sami rawuh, saperlu anampi puji pandonga ngantos titi purnaning pawiwahan ing (ingia siang
dalu menika.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang indai kinabekten, saha para ingkang
sami rawuh kakung putri ingkang kinurmatan. Awit tansah pikantuk berkah Gusti Kang dhawah
Murbengbawana, saha puja-puji pandonga panjenengan sedaya. Ingkang menika katur para
ingkang sami rawuh keparenga anglajengaken lelenggahan saha wawan pangandikan kanthi
mardikaning panggalih ngantos paripurnaning wiwahan ing siyang menika.

6. Besan Rawuh.

Sampun wonten sasmita bilih besan ingkang kinurmatan Bp. Gunanto sapangombyong sampun
rawuh ing wisma pawiwahan, pramila katur ingkang kinurmatan Bp. Seno keparenga angaturi
kulawarga besan sapangombyong, ingkang saperlu kaaturan lenggah wonten ing panggenan
ingkang sampun kacawisaken. Rawuhipun besan sapangiring kabiwadha ungeling gendhing
kebo giro kalajengaken adicara krobongan.
Salajengipun katur ing ngarsanipun Ibu. Mariyem kaparenga amratitisaken saha mandhegani
titilaksana krobongan, inggih menika pasrah gunakaya saha kacar-kucur. Kula sumanggakaken,
nuwun.

Sampun paripurna adicara jaleng badhe katidakaken upacara krobongan inggih menika pasrah
rajakaya saha kacar- kucur ingiring gendhing mugi rahayu.

Panyandra :

Kacariyos dupi wus ngancik ing titi laksono, penganten kakung daya daya jumeneng ngasta tilam
lampus, ingkang isi wos kapurota jawa kethos palawija sekar panca warna miwah arta receh,
kasuntak ing pangkoning kang garwa, katadahan katampi mawi sindur ingkang awarni rekta

Guno tompa kaya kyai ambarsejati nenggih risang penganten kakung paring guna kaya mring
nyai ambarsejati nenggih risang penganten putri, guna tampa kaya pralambang
tanggungjawabing priya dumateng wanita.Minangka tetunggaling kulawarga darbe
tanggungjawab nyekapi sandang, baga ing kulawarga, tanpa kaya kacang kawak, dhele kawak,
jagung kawak, won jenar, arta pralambanging boga, wastra, miwah hartaka, mugi risang
panganten ing tembe kacekapan sandang baga.

Kawuryan risang pinanganten putri anampi tampa kaya datan wonten ingkang marebel sanajan
amung sajuga, sung pratandha dados wanadya ingkang gemi, nastiti, lan ngati-ati anggenipum
emah-emah.

Asiling tampa kaya laju katitipaken mring wanadya kang pinitados rumeksa kawidagdaning
tampa kaya nun inggih ingkang ibu. Purna nitipaken tampa kaya, pinanganten sarimbit wangsul
ing sasana sakawit, nenggih sasana palengahanira nenggih dampar rinengga.

Sampun paripurna adicara kacar- kucur, kalajengaken aicara dulangan saha ngunjuk tirta wening.
ingkang kapiji ibu juru rias kula sumanggakaken.

7. Sungkeman/Ngabekten.

Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang kinabekten. Gegandhengan tiyang
sepuhipun pinanganten kekalih sampun pinanggih jangkep, ingkang menika badhe katindakaken
upacara sungkeman utawi ngabekten.
Lumampahing upacara ngabekten badhe dipunpratitisaken Bp/ ibu. bowo, wondene ingkang
kepareng nglolos dhuwung, nun inggih Bapak. Mohtar.

Bapak Gunanto sarimbit sesarengan Bapak Warto sarimbit keparenga lenggah satata wonten
palenggahan ingkang sampun cinawisaken Tumapaking upacara ngabekten, kairing ungeling
gendhing ibu pertiwi.

Katur para paraga ingkang badhe sami angayahi kardi kula sumanggakaken, Nuwun.

Panyandra Sungkeman/Ngabekten :

Ingkang pinindha raja saari sampun jengkar saking dhampar arsa lumarap ngabyantara para
pinisepuh. Boten kasupen penganten putri sigra kakanthi penganten kakung, esthining manah
amung sumedya anguswa pepadanipun ingkang rama miwah ingkang ibu.

Penganten sarimbit sigra tumungkul amarikelu, tangkeping asta sumembah ing jengku kanan.
Salebetipun batos amung anyenyadhang sih puji pandonga saking rama ibu, saha nyuwun
tambahing pangestu anggenira badhe mangun brayat, ambangun bale wisma, netepi jejering
agesang, sageda tulus mulya tansah manggih raharja.

Rama saha ibu dupi pepadanipun inyuswa ingkang putra kekalih, sakala sumedhot rasaning galih,
ngantos boten saged mbabar pangandikan. Kanthi kebak raos tresna lan asih, ingkang putra
hangelus-elus pamidhangane, hangusap-usap rikmane, minangka pratandha bilih tiyang sepuh
kekalih sampun kasdu paring pangastawa

miwah donga puji rahayu amrih gesangipun ingkang putra kekalih tansah pikantuk berkah
rahmah, sarta hidayah saking Gusti ingkang Mahamirah.

Penganten sarimbit dasar wanodya sarta satriya tama ingkang lantip ing panggrahita, sarwi
tumanggap ing rasa, dupi nampi pangastawa miwah pangestu saking rama ibu, kadya siniram
banyu sewindu. Ingkang wonten namung raos ayem, tentrem, jenjem, saha sumangkem sarta
sumembah ing pepadaning rama ibu.

Tumanduk saha tumaneming raos tentrem sajroning kalbu ingkang datan sinayutan, mahanani
risang penganten kekalih enget marang purwa duksina, duk nalika linairaken ing jagad padhang.
Enget marang rama ingkang sampun kepareng angukir jiwa ragane. Wondene ibu ingkang
minangka sasana yoga brata anggarbini nawa candra dasa ari lawase. Enget marang tiyang sepuh
ingkang sampun anggulawenthah kanthi kebak raos tresna lan asih wiwit lair dumugining diwasa.

Paripurna adicara ngabekten saklajengipun badhe kalajengaken adicara gugur gunung saking
karang taruna tunas harapan dusun kopenan ingkang dipun pangangeng mas didik supriyadi,
ingiring gendhing gugur gunung pelog barang, kula sumanggakaken.

8. istirahat & hiburan

Para tamu sinedhahan, sampun dungkap anggenipun penganten kekalih ngabekten dhumateng
tiyang sepuhipun. Titilaksana salajengipun inggih menika istirahat saha hiburan campursari
mudha laras saking laladan jumantono.
9. foto bersama

Para rawuh kakung putri, ingkang salajengipun badhe kalaksanakaken sesi foto bersama. Ingkang
sampun kasarira BP. Lurah sarimbit kasumanggakaken.... lajeng Bp. Bayan sarimbit kula
sumangakaken... lajeng bp. Carik sarimbit kula sumanggakaken..., lajeng Bp. Rw sarimbit.....
lajeng Bp. Rt sarimbit... lajeng kaluwarga besan...lajeng kaluwarga saking BP. Warto.

10. doa bersama

Para tamu sinedhahan ingkang bagya mulya, adicara salajengipun inggih menika waosan Do’a
ingkang dipunsarirani bp. Modin kula sumanggakaken.

11. paripurna.

Mekaten para tamu kakung putri. Pasamuan pawiwahan sampun dhungkap paripurna. Minangka
pratandha paripurnaning pahargyan pawiwahan, kalanipun ingkang amengku karya, tuwin
penganten kekalih sampun samapta anguntapaken konduripun para tamu ing sangandhaping
wiwara pawiwahan.

Katur ngarsanipun ibu juru mratitisaken wiraga penganten kekalih, kaparenga penganten kekalih
kakanthi tumuju dhateng wiwaranganing sasana pawiwahan, saperlu nguntapaken konduripun
para tamu.

Tindakipun penganten kekalih rinengga ing ladrang tedhaksaking, pelog barang.

Sanghyangning para tamu, pawiwahan sampun paripurna, lumantar pambyawara kula dyah ayu,
ingkang amangku karya hamangsuli hangaturaken agunging panuwun, awit peparingipun
panjenengan bebantu in gkang arupi menapa kemawon. Sadaya kekirangan saking kawula,
kaparenga paring agunging pangaksama.

Mugi konduripun para tamu sedaya, mugi tansah manggih wilujeng dumugi dalemipun
piyambak- piyambak kanthi wilujeng, widada, lan raharja.

Wassalammualaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai