Anda di halaman 1dari 8

UJIAN TENGAH SEMESTER

MATA KULIAH PAMBIWARA

Dosen Pengampu :
Drs. Imam Sutardjo, M.Hum.

Disusun oleh :
Hikmal Azriel Satriaji (B0121041)

Prodi Sastra Daerah


Fakultas Ilmu Budaya
Universitas Sebelas Maret
Surakarta
2023
1. Pahargyan Pawiwahan
Tansah asesanti murih mulyaning nagari
Assalamualaikum Wr. Wb.
Kawilujengan,karaharjan, Rohmat Hidayat, barokahipun Allah taala Mugi tansah
tumedak, kajiwa sarta kasarira dhumateng panjenengan dalah kula.
 Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang utama lan luhur ing
budi saha ingkang tansah kula bekteni
 Para satriyaning nagari ingkang tansah bebela bebener saha hambrastha angkara
murka.
 Para alim ulama, ustad, para kyai ingkang tansah dhedhepe wonten ngarsanipun
Alloh Swt, saha tansah sumandhing kitab suci wahyu Ilahi Robbi; ingkang
tansah paring pandam pandoming pabrayan , sarta ingkang tansah amar ma’ruf
nahi mungkar.
 Para priyagung, para pangemban pangembating praja ingkang minangka
pangayoman saha tansah damel ayem tentremipun kawula dasih
 Para dwija, sarjana sujaneng budi ingkang utameng budi saha tansah
anyebaraken kawruh ingkang utami murih raharjaning sesami.
 Para tamu kakung putri, para kadang mudha tumaruna, sumawana para rawuh
ingkang samya bagya mulya saha tansah asih tresna dhumateng sesama.
Mangga kita sedaya tansah hangonjukaken puji syukur wonten ngarsa Dalem
Alloh SWT, Pangeran Ingkang Mahawikan dene ing siyang menika kita sedaya tansah
pinaringan kesarasan, kekiyatan, kawilujengan, Saha tansah linuberan ing sih
nugrahanipun, satemah saged rawuh wonten dalemipun Bapak/Ibu Tri Widodo,
ingkang ing siyang menika kagungan kersa malakramakaken putra-putrinipun ingkang
sesilih Rara Tyas Dwi Rahayu dhaup kaliyan pun Bagus Catur Sasongko putra
kakungipun Bapak/Ibu Eko Santoso. Wondene ijabing penganten kekalih awit tansah
pikantuk berkahipun Gusti Ingkang Maha Agung sampun kalampahan ing dinten Ahad
Legi surya kaping 17 September 2023, wanci tabuh 10.00 , wonten ing Gedung Sasana
Praja Ponorogo kanthi wilujeng kalis ing sambekala.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah kinabekten, awit
titilaksana lumampahing pahargyan pawiwahan sampun ndungkap, pramila keparenga
kula ingkang minangka pambiwara badhe angaturaken rerantaman lampahing adicara
ing siang menika.
1. Adicara kapisan sowanipun pengantin putri miyos Saking panti busana tumuju
dhumateng sasana kursi rinengga lan lumebetipun risang penganten Kakung
wonten ing sasana pawiwahan
2. Adicara ingkang kaping kalih pasrah panampi penganten kakung
3. Kaping tiga Panggih penganten kakung saha penganten putri
4. Kaping sekawan inggih menika adicara sungkeman utawi ngabekten
5. Kaping gangsal atur pambagyaharja utawi atur panuwun
6. Kaping enem inggih menika lelangen beksan
7. Kaping pitu kirabipun risang penganten kekalih
8. Kaping wolu inggih menika waosan dunga
9. Adicara ingkang pungkasan inggih menika pawiwahan paripurna
Mekaten urut-urutaning lampah tatacara pahargyan pawiwahan penganten ing
siyang menika. Nuwun
2. Sowanipun/Lenggahipun Penganten Putri
Para ingkang sami rawuh kakung saha putri ingkang bagya mulya, katingal
sampun wonten sasmita bilih penganten putri sampun paripurna anggenipun angadi
sarira.
Pramila katur ingkang kinurmatan Ibu Retno Dewati dalah Ibu Endang Sulastri
keparenga anganthi penganten putri saperlu kanthi lenggah wonten sasana dhampar
rinengga, sinartan patah sakembaran pun anak ayu Laras Arum miwah anak ayu
Nawang Wulan
Hambokbilih samudayanipun sampun samapta, katur para ibu ingkang
tinanggenah mratitisaken, kula sumanggakaken. Sowanipun penganten putri kalamun
cinandra katingal katon mencorong tejane
a. Panyandra
Sinawung kumandhanging gendhing sekar tejo Penganten putri katingal sowan
lumarap ing sasana pahargyan pawiwahan, saperlu nyuwun tambahing puji pandonga
pangestu katur para tamu.
Katon asri lampahing sri penganten putri, kakanthi dening Ibu Retno Dewati
dalah Ibu Endang Sulastri kekalihipun sampun pantes sinudarsana, amargi wus
kasembadan ngembat gesang bebrayan, tansah nenuntun dhumateng para putra
putrinipun ing tindak kautaman.
Lampahipun penganten putri sinarengan patah sakembaran nenggih anak ayu
Laras Arum dalah anak ayu Nawang Wulan
Dhasar kekalihipun tasih timur turta sami sulistya ing warna, pramila amimbuhi
edi endahing pahargyan pawiwahan ing siang menika.
Sang rinaja putri mangagem busanan ijo royo-royo kang tinaretes ing retna,
gegelung puspita melathi rinonce, amrik gandanya ngebeki saindhenging sasana
pawiwahan, sakala amimbuhi daya pangaribawa tumrap ingkang samya uninga.
Ndungkap ing sasana dhampar rinengga, Sang pinanganten putri sigra kanthi
lenggah. Sidhem konjem ing bantala wadananira. Linambaran ing ulat manis, ing batos
tansah nyenyadhong puja pangestunipun para sesepuh, para pinisepuh, miwah para
ingkang sami rawuh ing siang menika.
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang tansah sinudarsana,
penganten putri sampun katingal sowan saha lenggah wonten sasana dhampar rinengga,
ingkang saperlu samapta ing gati badhe angayahi titilaksana salajengipun, Pramila
mawantu-wantu panyuwunipun Bapak/Ibu Tri Widodo sarimbit, mugi panjenengan
sedaya kepareng hanggung parisuka ndumugekaken Jelenggahan ngantos titi purnaning
pahargyan pawiwahan ing siyang menika.
Salajengipun katur ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Eka Wijaya ingkang
tinanggenah minangka dhuta pamethuking penganten kakung, keparenga enggal
angaturi penganten kakung bilih pahargyan pawiwahan sampun kawiwitan, saha
kasuwun rawuh ing sasana wiwaha, saperlu angayati titilaksana pasrah panampi saha
dhaupipun risang penganten kekalih.
Mijilipun penganten kakung saking sasana palereman manjing wonten ing sasana
pahargyan pawiwahan, esthining galih mrih wilujeng lampahe
b. Panyandra Penganten Kakung Lumebet ing Sasana Pahargyan Pawiwahan
“Kumenyar mawa prabawa, sumirat ambabar teja maya, saya dangu tan saya
cetha, saya caket tan saya ngalela. Pranyata menika tejaning penganten kakung pun
bagus Catur Sasongko ingkang binayangkarya mijil saking wisma palereman kinanthi
manjing sasana pahargyan pawiwahan.
Mubyar-mubyar busananing penganten kakung ingkang angemba busananing
narapati, lamun kadulu katon agung, mrabu, miwah mrabawa. Agung ateges kebak ing
kaendahan kang sanyata adi luhung, dene mrabu ateges pindha jejering narendra
kebekan ing kawibawan luhur, mrabawa ateges sinung prabawa edi endah milangoni.
Dhampyak-dhampyak ingkang samya lumaksana angayab penganten kakung
pinaragan dening para warga wandawa miwah para kadang santana. Dhasar penganten
kakung anyardula lapa tindake, riyak anggajah ngoling, lembehan merak kasimpir.
Sarira amrabata, sembada ing driya tan mingkuh saliring kewuh, yen ta tamtama
sumbaga wirotama prawirya jayeng palugon, tatag teteg tanggon, tanggung jawab
prapteng ngendhon. Mila kalamun pinentha ing wardaya candrane kadi narendra
ingkang arsa tendhak siniwaka, lenggah ing dhampar dhenta.
Prapteng kang tinuju tindakipun sang penganten kakung wus dumugi ing sasana
pinanci, dupi wis tinata titi titaning wigati sigra jumangkah sang wimbasara sang
pamethuking sekar cempaka mulya tumuju wonten ing sasana pinanci."
Para ingkang sami rawuh kakung miwah putri ingkang kinabekten, katingal
penganten kakung wus prapta wonten sangajenging wiwara, wisma wiwaha. Padha
sakala para pangombyonging penganten kakung kendel sawatawis ingkang saperlu
angayahi upacara pasrah panampining penganten kakung.
3. Pasrah Penganten Kakung
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang luhuring budi; para
ingkang sami rawuh kakung saha putri ingkang kinurmatan; gegandhengan penganten
kakung sampun rawuh ing sasana pahargyan pawiwahan, pramila badhe dipunaturaken
titilaksana pasrah penganten kakung.
Wondene ingkang badhe nyarirasi masrahaken penganten kakung, ingkang
kinurmatan Bapak Bambang Nugroho katur Bapak Bambang Nugroho kula
sumanggakaken.
4. Panampi Penganten Kakung
Paripurna titilaksana pasrah penganten kakung ingkang sampun dipunsarinani
Bapak Bambang Nugroho
Ing salajengipun badhe katampi ingkang kinurmatan Bapak Cahyo Suwito kula
sumanggakaken, nuwun.
5. Panampi Putra Penganten Kakung Paripurna.
Paripurna menggah titilaksana panampi penganten kakung ingkang kasarirani
Bapak Cahyo Suwito Ing salajengipun kasuwun Bapak Agus Purnomo miwah Bapak
Sugeng Winarto anganthi penganten kakung ingkang saperlu angayati upacara panggih
Katur ingkang kinurmatan Bapak Bambang Nugroho dalah para
pangombyonging penganten kakung, kasuwun sumene sawetawis, saperlu paring puji
pandonga dhumateng panggihipun penganten kekalih
Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu Winasih keparenga nyamektakaken sedaya
ubarampe panggih.
Keparanga Ibu Retno Dewati saha Ibu Endang Sulastri enggal anganthi penganten
putri tumuju wonten samadyaning wisma wiwaha, ingkang saperlu angayahi upacara
panggih.
Katur Bapak/Ibu Tri Widodo keparenga samekta ing gati kanthi ngasta sindur
kangge anyingkepi putranipun ingkang badhe panggih.
Wondene ingkang kepareng mratitisaken lumampahing upacara panggih,
ingkang kinurmatan Ibu Sumarmi.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri, saha para ingkang sami rawuh,
kanthi andhap anoraga keparenga jumeneng sawatawis ingkang saperlu paring puji
pangestu dhumateng penganten kekalih, ingkang nembe dhaup.
Panggihing sri penganten kekalih kalamun cinandra pindha swantening cantaka
ing mangsa jawah
6. Panyandra Penganten Daup/Panggih
Wus dumugi wahyaning mangsa kala dhumawahing kodrat saking panguwaosing
Gusti Kang Murbengjagad. Nalika samana ana titahing Gusti ingkang asipat jalu tanapi
wanita ingkang sumedya anetepi jejering agesang, ngancik alaming madya, mangun
gesang bebrayan. Nenggih dhaupira Bagus Catur Sasongko putranipun Bapak/Ibu Eko
Santoso kaliyan Rara Tyas Dwi Rahayu putrinipun Bapak/Ibu Tri Widodo
Nalika samana penganten kekalih sampun sami lumaksana arih, tumuju
dhumateng sasana panggih. Sri panganten putri kawuryan wus jengkar saking sasana
rinengga, datan kantun penganten kakung sigra lumampah lon-lonan tumuju mring
sasana panggih ingkang sampun cinawisaken.
Swaraning pradangga munya angrangin, kadya asung pepuji pangastuti mring
penganten kekalih murih tansah kasembadan ingkang dados gegayuhan, sembada
ingkang sinedya.
Saya caket saya caket denira lumaksana penganten kekalih, sakala samya apagut
tingal. Tempuking pandulu catur netra ingkang linambaran budi luhur, sakala wonten
daya pangaribawa ingkang tumanen ing sanubari.
Saksana kumlawe astane penganten kekalih samya rebat dhihin ambalang gantal
sedhah rinakit. Gantal penganten putri winast gondhang kasih, wondene gantal
penganten kakung awasta gondhang tutur.
Awit kaprabawan adiling Gusti Kang Murbeng Gesang, dhumawahing gantal
sedhah saged sesarengan, penganten putri kenging jajanipun, penganten kakung
kenging sukunipun. Sedayu kalawau kinarya pralampita, bilih penganten kekalih badhe
tansah mong-ingemong, sih-sinisihan, mad-sinamadan datan wonten ingkang rebat
leres ing salebetipun ngembat gesang bebrayan.
Tindakira putra penganten kekalih datan rinaos sampun prapta ing sasana
panggih, padha sakala kekalihipun sami kendel sawatawis.
Tanggap sasmita Ibu Sumarmi ingkang minangka pinisepuhing panggih, sigra
paring sasmita saha mratitisaken penganten kakung hanindakaken titilaksana wiji dadi.
Alon sang abagus sigra anjunjung ampiyan kanan kadhawahaken ing tigan
ingkang sampun cumawis, sakala mak pyar tigan pecah tan maujud malih. Jene lan
pethak makempal nyawiji datan saged kapilah-pilahaken, ingkang makaten mujudaken
pralambang bilih sesambetanipun Sri Panganten kekalih sampun kaidenan ing para
sepuh, ical sedaya warana, saha wewaler ing antawisipun jalu lan pawestri.
Purna nindakaken pamecahing wiji dadi, sang rinaja putri agahan anyaketi bokor
kencana kang isi puspita manca warna, agahan amijiki ampeyanipun ingkang garwa,
kanthi tulus ikhlasing wardaya, bilih wiwit ing ari menika ngantos akiring agesang,
badhe tansah bekti mituhu mring guru laki.
Paripurna amijiki ampeyan, penganten kekalih kajumenengaken jajar, siningkepan
sindur dening Ibu Sri Wahyuni dados sawiji. Sindur awarni abrit lan pethak minangka
pralampita, manunggaling jalu lan estri. Mugi-mugi sri penganten kekalih tansah
manunggal tekad tansah atut runtut manggih rahayu suka basuki, saged minangkani
kekudanganipun para pinisepuh.
Penganten kekalih sigra lumaksana lon-lonan kanthi gegandhengan asta nganut
tindakipun Bapak Tri Widodo, minangka pangarsaning tindak saha pangarsaning
kulawarga. Pramila nggenya tindak tansah ing ngarsa sung tuladha, tansah nyenyuwun
wonten ngarsaning Gusti Kang Mahaadil, mugi-mugi putranipun ingkang sampun
nindakaken gesang bebrayan tansah pikantuk tuntunan, pepajar, saha pangayomanipun
Gusti Kang Mahamirah.
Nalika samana, tindakira putra penganten kekalih datan rinaos sampun prapta ing
dhampar sasana rinengga, marma sigra katata.Kalenggahaken marak ing ngarsanipun
para ingkang sami rawuh, saperlu anampi puji pandonga ngantos titi purnaning
pawiwahan ing siang menika.
Para sesepuh, para pinisepuh kakung miwah putri ingkang kinabekten, saha para
ingkang sami rawuh kakung putri ingkang kinurmatan. Awit tansah pikantuk berkah
Gusti Kang Murbengbawana, saha puja-puji pandonga panjenengan sedaya. Ingkang
menika katur para ingkang sami rawuh keparenga anglajengaken lelenggahan saha
wawan pangandikan kanthi mardikaning panggalih ngantos paripurnaning wiwahan ing
siyang menika.
Salajengipun katur ing ngarsanipun Ibu Sumarmi, kaparenga amratitisaken saha
mandhegani titilaksana krobongan, inggih menika pasrah rajakaya saha kacar-kucur.
Kula sumanggakaken, nuwun.

Anda mungkin juga menyukai