Anda di halaman 1dari 3

Assalamualaikum wr.

wb

Hadirotal mukorum poro ulama' poro kyai ingkang satuhu dahat kahurmatan..

Poro sesepuh, pinisepuh, sanak, lan kadang ingkang sinuboh ing pakurtaman.

Poro pilenggah kakung sumawono putri, sumrabahipun poro duto saroyo pangombyong Temanten mas
Rama lan mbak Ica ingkang tansah suko basuki.

Agungipun raos syukur dumatheng ngarso dalem Allah SWT ingkang sampun paring lumebering hidayah,
Soko kanikmatan dumatheng kito lan panjenengan sami, sumonggo Kito ikrokaken kanthi waosan
tahmid: Alhamdulillahirabbil alamin.

Sholawat ugi salam mugo tansah katuraken kanthi dumatheng junjungan Kito nabi Muhammad saw.
Ingkang Saestu Kito nyadong lumunturing syafa'at benjang wonten pakewuh ipun dinten kiyamat.

Para rawuh ingkang pinundi, mboten ateges cumantoko Kawulo jumeneng wonten ngarso panjenengan
sami anamung piniji minongko pambiworo langkahin adicoro pasamuhan Ipun Ahmad Qinthar
Ramadhan bin Djoko Subagiyo lan Prisca Tri Ananda binti Rojali.

Nuniggih poro pilenggah, runtuting adicoro ingkang sampun karonce dening keluarga:

1. ijab Kabul

2. Upacara Panggih

3. Upacara Balangan suruh

4. Upacara Wiji dadi

5. Pupuk

6. Sinduran

7. Timbang

8. Kacar kucur

9. Dhahar klimah

10. Mertui

11. Sungkeman

12. kenduren/resepsi
Keparengo Panoto adicoro nderekaken lekasing pawiwahan puniko kanthi pambuko surotul Fatihah.
Liridoillahi lahumul Fatihah.... Aamiin

Mekaten adicoro sampun binuko mugio lampahing adicoro awitpurno dalah wusono pinaringan Rahayu
tebih ing sambikolo.

1.) Kalajengkang adicoro ingkang kaping Satunggal inggih menika Upacara Ijab Qabul. Ijab Qabul. Sak
derengipun, acoro ijab Qabul yaiku acara nalika penganten kakung ngucapake Prasetya bebojoan Karo
pengantin putri. Dhumateng Bapak petugas ingkang sampun kajibah, sasana saha swasana kula aturaken

2.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping kale inggih menika upacara panggih penganten. Upacara Panggih, yaiku
kembang Mayang digawa metu saka omah lan didelekake ing prapatan cedak omah sing tujuane kanggo
ngusir roh jahat. Dhumateng wekdal saha papan kula aturaken

3.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara panggih ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping tigo inggih menika upacara Balangan suruh. Upacara Balangan suruh, yaiku
pralambang sing katresnan kasetiyan ing antarane penganten kakung lan putri. Dhumateng pengantin
Kakung lan putri Kulo aturaken.

4.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara Balangan suruh ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping sekawan inggih menika Upacara Wiji dadi. Upacara Wiji dadi yaiku
penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngerisiki sikil. penganten
kakung nganggo banyu kembang. Upacara Iki maknane pralambang kepala keluarga tanggung jawab
mring kluwarga. Dhumateng pengantin Kakung lan putri Kulo aturaken.

5.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara wiji dadi sampun kalampahan kanthi gancar. Salajengipun,
adicara kaping gangsal inggih menika Upacara pupuk. Upacara pupuk yaiku ibu penganten putri ngusap-
usap Sirah mantu Kakung minangka tandha ikhlas nampa dadi begayane keluarga. Dhumateng ibu
penganten putri Kulo persilahkaken.

6.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara pupuk sampun kalampahan kanthi gancar. Salajengipun,
adicara kaping enem inggih menika Upacara Sinduran. Upacara sinduran bapak penganten putri
lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangaten sakloron wis tinampa
dadi kulawarga. Dhumateng bapak penganten putri Kulo persilahkaken.

7.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara sinduran ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping pitu inggih menika Upacara timbang. Upacara timbang Pinangaten sakloron
lungguh ing pangkonane bapak penganten putri. Minangka pralambang sih katresnane wong tuwo
marang anak lan mantu Saha besan. Dhumateng bapak penganten putri Kulo persilahkaken.

8.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara timbang ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping wolu inggih menika Upacara Kacar kucur. Upacara Kacar kucur yaiku Wujud
dhuwit logam, beras, lan uba rampe liyane sing dikucurake ana pangkonane panganten putri minangka
pralambang nafkah. Dhumateng penganten kakung lan putri Kulo aturaken.

9.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara Kacar kucur ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping songo inggih menika Upacara dhahar klimah. Dhahar klimah yaiku
Panganten sakloron dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangaten sakloron arep Urip
susah lan seneng kanthi bebarengan. Penganten kakung lan putri Kulo aturaken.

10.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara dhahar klimah ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping sepoloh inggih menika Mertui. Mertui yaiku Wong tuwane panganten putri
methuk wong tuwane panganten Kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak ing acara resepsi.
Dhumateng bapak ibu penganten putri lan Kakung Kulo aturaken.

11.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara Mertui ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping suwelas inggih menika Upacara sungkeman. Upacara Mertui yaiku
Pinangaten sakloron sungkem nyuwun Pangestu marang wong tuwo. Dhumateng penganten kakung lan
putri Kulo aturaken marang nyuwun restu ing wong tuwo penganten sakloron.

12.) Para rawuh sedaya, mekaten upacara sungkeman ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun, adicara kaping rolas inggih menika Upacara Kenduren. Upacara kenduren utawa kendur
iku dadi puncak acara pangantenan. Sejatine kegiatan Iki duwe makna upacara slametan. Slamet mergo
inti acara ijab Qabul lan upacara liyan-liyane wis kelaksana kanthi gancar. Para rawuh Sedaya Kulo
aturaken kanthi nyaksekno acara lan nyambih pasugatan ingkang sampun kasedhiya.

Anda mungkin juga menyukai