Anda di halaman 1dari 14

KATA PENGANTAR

Alhamdullilah penulis bersyukur kepada Allah Swt yang telah memberikan ilmu dan
kemampuan kepada penulis sehingga terselesaikannya makalah ini, dan penulis banyak
mengucapkan terima kasih pada Pak Senthot yang setiap pertemuan memberikan arahan yang
tak bosan-bosannya sehingga kami banyak termotifasi untuk memaksimalkan pembuatan
makalah ini.
Harapan penulis semoga usaha dan terselesainya makalah ini menjadi amal jariah dan
banyak manfaatnya pada temen-temen dan siswa-siswi lain untuk menambah wawasan
sekilas materi yang di bahas di makalah ini dan hanya kepada Allah Swt kami memohon
hidayah dan taufiknya.

DAFTAR ISI

Kata Pengantar...1
Daftar Isi.....................................2
Tata Cara Manten Adat Jawa:
1. Lamaran..........................................................................................................................3
2. Siraman...........................................................................................................................4
3. Adol dawet.....................................................................................................................4
4. Ngerik utawa Paes..........................................................................................................4
5. Midodaren......................................................................................................................5
6. Srah-srahan.....................................................................................................................5
7. Ijab qabul........................................................................................................................5
8. Panggih...........................................................................................................................6
9. Balangan sirih.................................................................................................................6
10. Wiji dadi.........................................................................................................................6
11. Bubak kawah..................................................................................................................7
12. Sinduran.........................................................................................................................7
13. Timbangan......................................................................................................................7
14. Kacar kucur....................................................................................................................8
15. Dulangan/Dahar klimah.................................................................................................8
16. Mapag besan...................................................................................................................8
17. Tumplak punjen..............................................................................................................8
18. Sungkeman.....................................................................................................................9
19. Kirab...............................................................................................................................9
Makna Riasan Paes Ageng Kangge Manten Putri....................................................................10
Penutup.....................................................................................................................................14

TATA CARA MANTEN ADAT JAWA


Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwe
rangkeyan- rangkeyan upaca lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake
pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake
dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggarake neng daleme penganten putri, dadi sing dadi
penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetap dibantu
keluarga penganten kakung. Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut
dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.

URUT-URUTAN TATA CARA MANTEN ADAT JAWA


1.

Lamaran

Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng daleme
calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtuwa utawa kaluarga manten putri setuju yen
putrine didadeake pasangan urip calon penganten kakung. Neng acara lamaran iki biasane sekalian
kanggo nento'ake dina utawa tanggal panyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal
pesta penganten.
Lamaran pengantenan iku dilakoake kanggo tandha resmi yen pihak kaluarga calon manten
putri utamane wongtuane isa nrima calon manten kakung dadi pasangan urip putrine. Sedurung acara
lamaran iki, umume wis ana kesepakatan awal prakara nrima/setuju utawa nolak/ora setuju
pernikahan iki dadi sejatine acara iki mung formalitas ning tetap kudu ana tembung- tembung sing
nandha'ake ngajo'ake lamaran lan nrima lamaran saka masing-masing pihak.
Maknane :
Lamaran dimanfaatake kanggo ngenal luwih dalam masing-masing calon manten uga kanggo
ngenal kaluarga lan sedulur masing-masing pihak. Kadhang neng acara iki dibarengake karo acara
tunangan sing disimbolake karo upacara tukar cincin sing tujuane kanggo tandha yen calon manten
putri wis diikat utawa ditandhani bakal dadi pasangan urip calon manten lanang dadi jago-jago liya
aja wani njajal medheki. Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa
tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.

2. Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngersiake jiwa calon penganten.
Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab Kabul lan dilakoake neng umah masing-masing
calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa
neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon temanten banjur sedulur
liyane uga pemaes.Siraman iku salah sijining rangkeyan neng upacara pengantenan. Upacara iku
nduwe makna perlambang yaiku kanggo ngresiake jiwa calon manten. Upacara adat siraman iki uga
bisa ditemoake neng rangkeyan upacara pengantenan adat suku-suku liya neng nusantara.

3. Adol dhawet
Upacara menika kalaksanakaken saksampunipun siraman. Penyadenipun inggih punika ibu
calon penganten putri ingkang dipunpayungi kaliyan bapakipun. Ingkang mundhut inggih punika para
tamu kanthi arta pecahan kreweng . Upacara punika ngandhut pangajab supados mangke wektu
upacara panggih lan walimahan, kathah tamu lan rezeki ingkang dhateng.

4. Ngerik utawa paes


Acara iki ngilangake wulu kalong ing nduwur bathuk supaya resik lan katon sumilak
pasuryane minangka pralambang mbuwang sebel(sial).

5. Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa
Indonesia. Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi
lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat. Rangkeyan acara
neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing dibarengake karo acara
paningsetan lan srah srahan.
Acara midodaren iki diselenggaraake mbengi bubar acara siraman. Sing hadir neng acara iki
seliyane keluarga penganten putri uga tangga-tangga cedhak lan kanca-kanca cedhak calon penganten
putri. Penganten kakung lan keluargane uga hadir neng daleme penganten putri ning calon penganten
kakung urung diijinake ketemu langsung karo calon pasangane merga calon pengaten putri durung
diijinake metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah mbengi. Acara midodareni ngandung
makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widodari mudhun saka suwarga
kanggo aweh pangestu uga kanggo perlambang yen sesuk ning acara utama, penganten putrine bakal
ayu kaya widodari.

6. Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya
sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik,
jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing
tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.

7. Ijab qobul
Kadadosan penting wonten hajatan mantu inggih punika ijab qobul. Kekalih calon penganten
ngucapaken sumpah wonten ing ngajengipun naib ingkang dipunsaksekaken wali, pinisepuh lan
tiyang sepuh kekalih kaliyan para tamu undangan. Wektu akad nikah, ibu saking kekalih, mboten
ngagem subang utawi giwang supados wujudaken keprihatinan kadadosan nikahaken utawi
ngentasaken putra.
5

8. Panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki
kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne
kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak
perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar
klimah, Mertui lan Sungkeman.

9. Balangan sirih utawa gantalan


Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane
penganten kakung lan putri. Gantal saka manten putri kawastanan gondang kasih, dene saka manten
kakung kawastanan gondang tutur.

10. Upacara wiji dadi


Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki
sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang
sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.

11. Bubak kawah


Tata cara mligi kanggo wong mantu sepisanan utawa anak wadon mbarep. Tatacara iki
mengku karep amrih kang mengku gati wis bisa nuhoni darmaning wong tuwa. Lire kanthi syukur lan
andum raja brana marang sanak sedulur.

12. Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak
kloron wis tinompo dadi kulowargo.

13. Timbangan
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko
perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.

14. Kacar-kucur
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono
pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.

15. Dahar Klimah


Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron
arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.

16. Mapagbesan
Wongtuwanepengatenputrimapagwongtuwanpengantenkakungbebarengantumujupaggonanete
mantenlungguh.

17. UpacaraTumplakPunjen
Cekakingaturbilihupacara
punikasatunggalingkabudayanJawiingkangadiluhung,
antawisipun

TUMPLAK
PUNJEN
liripunupacarapunikamengkusasmita;

Dados srana donga pamujiaturpanuwunwontenngarsaDalemPangeran


Dados
awitsagednuntasakentugaslankewajibanjejeringtiyangsepuh
lansagednggulawenthah,lan mala kramakakenparaputra)

srananelakakenraosbingahingmanah,
(sagedpeputra,

Dados sranaanggenipunsagedmbagikabingahandumatengparaputratuwinparakadangkinasih,
inggihsedhereklantanggatepalih
Dados sranapangajabingtiyangsepuh,.mligikanggeparaputrawayah, kanthimbagiudhik-udhik
Tumrapparaputrawayah
sranaanggenipunsaminelakakenraosbingahbilihramaibukaparinganpanjangyuswa.

dados

18. Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem ngabekti lan nyuwun pangestu marang wong tuane sakloron
diwiwiti soko wong tuane temanten wadon banjur wong tuane lanang.

19. Kirab
Kirab tegese manten sakloron metu bareng. Yen ana subamanggala, manten lan dhomas
lanang lan wadon. Kirab peenganten kang sepisan kawastanan kirab karanendran yaiku jengkar saka
sasana rinengga metu tumuju ing panti busana lan kirab kang kapindho kawastanan kirab kasatriyan
mlebu tumuju sasana pinajang.

Makna Riasan Paes Ageng Kangge Manten Putri


Ana rong jinis Paes, yaiku Paes Paes Solo lan Jogja. Loro-lorone duwe makna khusus lan
beda dhewe. Artikel banjur bakal fokus ngomong bab Paes Ageng Yogyakarta. Ing jaman kuna,
fashion lan dandanan Paes Ageng Jogja mung bisa dianggo dning sederek Sang Prabu. Mung ing
jaman Sultan HB IX karo prinsip "tahta kanggo wong" ing taun 1940, masyarakat wis diijini nganggo
gaun iki ing upacara manten. Mangkono wiwit taun Paes dandanan ageng wiwit digunakake.
1. Cunduk mentul
Cunduk mentul iku sawijining ngubungake sing dumunung ing sirah ndhuwur. Cunduk
mentul biasan dumadi saka 5 kanggo 7 lingkungan. Nanging bener cunduk mentul bakal angka 1, 3,
5, utawa 9. mentul Cunduk kang nomer siji minangka simbol saka persatuan Allah. Saka telung
minangka simbol saka Trinitas ing. Yen angka 5, punika simbol saka rukun Islam. Yen sepindah ing
Jumlah kanggo 7 minangka simbol kanggo pitung ing basa Jawa iku "Pitu" kang pracaya dadi simbol
"pitulungan". Paling gunggungipun 9, minangka simbol Walisanga. Tambahan, cunduk mentul kudu
diinstal madhep mburi. Minangka simbol sing wadon kudu ayu nalika katon saka ngarep lan mburi.

2. Gunungan
Gunungan uga diselehake ing sirah lan bentuke kaya gunung. Kenopo bentuke gunung?
Amarga gunung dipercaya dening masyarakat sadurung minangka panggonan suci saka papan
perlindungan lan dewa. Simbol iki diselehake ing sirah saka wanita nuduhake yen wanita kudu uga
dihormati dening bojone.

10

3. Centung
Centhung bentuke kaya gapura minangka loro dipasang ing sisih tengen lan kiwa. Iku simbol
saka gapura urip. Sing, wanita kudu siap kanggo ngetik gapura urip anyar. Wadon kudu siap mlebu
ing kehidupan rumah tangga lan meranak piyambak minangka bojo.

4. Prada
Prada yaiku dandanan sing digawe ing bathuk putri. Biasane ireng lan bentuke garis
mlengkung. Yen kita ndeleng gedhene lengkungan ing bathuk beda-beda. Ana lengkungan ageng
digawe ing tengah, lan wis ana kaitan lengkungan cilik. Lengkungan gedhe iku simbol saka
gedhening Allah. Dn lengkungan cilik disebut ngawat-ngawati ing. Minangka simbol sing wadon
kudu siap kanggo penyeimbang dening kluwarga. Menapa malih, ing lengkungan ana telu titik. Titik
iki minangka simbol saka Trimurti (Brahma, Wisnu lan Siwa).

5. Citak
Iki sing dicet ing tengah bathuk kaya riasan India. Citak tengen ing tengah. Minangka simbol
sing wadon kudu fokus pandangane lurus nang ngarep, lan setya.
11

6. Alis Menjangan
Yaiku bentuke alis kaya sungu menjangan. Iki inspirasi saka kwan rusa. Amarga kidang
kwan sing pinter, cerdas lan anggun. Iki tegese wanita kudu duwe kabeh telung karakter iki. Wadon
kudu pinter, cerdas lan anggun.
7. Sumping
Sumping yaiku Dekorasi diseleh ing kuping. Saiki digunakake dening sumping putri digawe
saka lempengan logam. Nanging ing wiwitan mula, sumping digunakake dening raja anakan digawe
saka godhong papaya. Amarga, papaya godhong rasa pait. Nuduhake yen garwane kudu disiapake
kanggo ngrasake paite urip.

8. Kalung Sungsun
Kalung iki ana teli susunan. Simbol saka telung fase urip sing kudu liwati dening wong
wadon. Babak-babak iki kasusun saka Lair, kekawin lan Pati. Iki tegese wadon kudu disiapake
kanggo ngadhepifase kasebut.

12

9. Kelat Bahu
Kelat Bahu yaiku riasan sing disematke Pundhak manten putri. Kelat bentuke kewan naga.
Kewan naga sing dipercaya duwe daya gedhe. Iki tegese wanita kudu kuwat. Kuwat ngadhep akeh
masalah sing kedaden sawise nikah.

10. Gelang
Ing Paes Ageng, gelang ding disandhang manten putri bentuke gelang bunder tanpa putus.
Iku simbol saka katresnan langgeng antarane dheweke lan bojone.

13

PENUTUP

Alhamdulillah berkat rahmat dan hidayah Allah Swt kami dapat menyelesaikan
makalah yang berjudul Urut-Urutane Tata Cara Manten Adat Jawa ini dengan
sekemampuan kami. Semoga para pembaca dapat mengambil hikmah dari makalah yang
kami tulis ini. Namun kami selaku penulis menyadari bahwa dalam penulisan makalah ini
banyak kekurangan yang harus segera diperbaiki. Maka dari itu kami meminta kepada
pembaca untuk menganalisis kembali makalah kami serta menambahkan hal-hal yang kurang
dan memberikan saran dan kritik yang membangun agar dalam pembuatan makalah
kedepannya kami bisa lebih berhati serta memiliki banyak pengalaman dari pembaca.

14

Anda mungkin juga menyukai